Wednesday, November 18, 2009

Dudu Bonari Nabonenar

Ing andharan ngenani para paraga kang kadhapuk kadidene Anggota Badan Pekerja Kongres Bahasa Jawa V Tahun 2011 mengko, kaya kang wus kapacak ing Jaya Baya (…. ) ana jeneng Bonari Nabonenar saka Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya (PPSJS). Mula banjur ana sawatara weling cekak (SMS) lan tilpun asung pambagya, malah ana sing nganggo ukara rada kaladuk, ’’Saiki wayahe dadi lakon, aja mung trima nonton!’’

Mula kanthi layang iki prelu dilurusake manawa minangka sesulihe PPSJS ing Badan Pekerja kongres Bahasa Jawa V dudu Bonari Nabonenar, nanging RM Yunani Prawiranagara.

Makaten, mugi andadosna kawuningan.


Bonari Nabonenar
Ketua PPSJS

0 comments: