Thursday, February 28, 2008

Ronggawarsita Dudu Pujangga Panutup Sastra Jawa

Dening : RM Yunani Prawiranegara

Akeh kang alok, R Ng Ronggawarsito (1802-1874) mono minangka “pujangga panutup”. Tegese, sasurute ki pujangga ora ana maneh karya sastra kang urip ing njero basane dhewe (basa Jawa), kang pantes sinebut karya sastra pujangga Jawa. Panemu kaya mangkene iki sawijining panemu kang salah kang nuduhake cubluk lan kolote kang kandha. Panganggep ngene iki bisa wae dianggep nyepeleake karya agunge “pujangga” utawa pengarang sastra Jawa moderen utawa gagrag anyar kayadene Suparto Brata (Surabaya) Poerwadi Atmadiharja (Ngawi), lan Any Asmara (Solo) lan pengarang sastra Jawa liyane.


Kamangka kang kedaden, nalikane pertengahan abad ka-19, nalika para intelektual Jawa wiwit ngadaptasi cara-cara pemikiran Barat, mangka ing bebrayan Jawa muncul novel, novelet, cerkak, lan puisi kanthi konvensi moderen Barat. Malah pamarentah kolonial kang mesthi pro Barat nalika semana, akeh menehi fasilitas lan mupangatake kewasisane sang pujangga kanggo nyinaoni basa lan budaya Jawa, lan nyebarake karya-karya sastrane. Nanging, Ronggawarsita, pujangga kraton Surakarta jebul ora gelem ngowahi konvensi sastra tradisional. Apa krana iku dheweke banjur disebut minangka “pujangga panutup”. Panganggep kaya mangkene iki padha wae karo panemu kang nyanggarunggeake (mencurigai) anane budidaya nguri-nguri basa etnik (Jawa, Bali, Sundha, lsp) lewat kongres, kalebu Kongres Basa Jawa (KBJ) lan Kongres Sastra Jawa (KSJ) suk Agustus ing Semarang.

Para pakar lan penyengkuyung kongres padha melu latah kaweden, aja-aja kongres basa lan sastra Jawa mengko malah dadi sarana kanggo ngagul-agulake etnis Jawa kang ngancam semangat persatuan lan kesatuan, sarta cengkah karo semangat multrikulturisme kang asifat pluralisme kaya kang nedheng-nedheng digemborake saiki. Ora aran aneh lamun para pakar kang asifat skeptis mau banjur ancang-ancang mageri kanthi senjata nanggala Bhinneka Tunggal Ika, UUD 1945, lan GBHN. Ya cara pikir kang nempuh dalan buntu tumrap awake dhewe kaya mangkene iki kang ora dikarepake dening para pengamat lan pangguna basa Jawa.

Cara pikir skeptis kang kaya ngene iki ora liya minangka bacut lakune stagnasi penganggep kang ngarani Ronggawarsita minangka “pujangga panutup”. Jalaran manut penganggep mau, sawuse iku basa Jawa kelangan penutur lan panggilut tumrap proses kesinambungan budaya, kamangka kang satemene ora liya kita mung dadi korban politik kabudayan wae. Kabeh mau satemene mung minangka kuman narsius kang mekar kliwat over dosis kang akibate nuwuhake penyakit megalomaniak kang nutup mata marang apa kang bakal teka.

Pancen bener, R Ng Ronggopwarsito duk sugenge kasil nggubah luwih saka 27 karya sastra kayadene Serat Paramayoga, Pustakarajapurwa, Serat Ajipamasa, Jaka Lodhang, Sabdajati lan liya-iyane, nanging dheweke dudu siji-sijine pujangga ing jaman Surakarta (abad 17-19). Isih akeh pujangga liyane kang karya sastrane ora kalah bobote kayadene Sunan Paku Buwono III (Serat Mintaraga), PB IV (Serat Wulangreh), PB V (Serat Centhini) KGPAA Mangkunegara IV (Wedhatama, Salokatama, Tripama, Candarini, Warayagnya), R Ng Yasadipura I (Serat Rama, Dewaruci, Serat Cebolek Babad Giyanti), lan R Ng Yasadipura II (Sasanasunu, Wicarakerasm, Aarjuna Sasra). Lan maneh, kang ngawali pujangga madya mono ora liya Sultan Agung ing Mataram ngiras-ngirus dadi pujangga kraton kanthi karya sastrane wujud Sastra Gendhing.

Yen sing dikarepake ya panjenengane Ronggawarsita kang nindaake pakaryan “pujangga kraton” model feodal kang pungkasan, iki isih bisa ditampa. Nanging yen “pujangga panutup” dimaknani minangka panutup utawa matine rangsangan kreatif ing sastra Jawa, genah iki kang ora bener alias ngayawara. Penganggep kang ngene iki ateges nyepeleake marang kabeh kegiyatan sastra kang tumindak ing sanjabane kalangan kraton ing Jawa Tengah lan Ngayogjakarta kang sarwa rupak iku. Iki uga ateges ngilangake kanyatan manawa Roggawarsita urip lan makarya kanthi sesambungan rapet karo wong-wong kang gegayutan karo perkembangan sastra Jawa lan Barat.

Pancen, sasedane Ki Ronggawarsito, mataun-taun perkembangane sastra Jawa ngalami gothang, utamane ing babagan produksi naskah ing basa Jawa kang bisa dianggep karya sastra Jawa. Wis langka banget. Ya kahanan iki kang maraake sawetara wong gawe dudutan manawa sastra Jawa wis mati, wis cures.

Pujangga Jawa Kuna lan Jawa Madya mono identik karo pujangga kraton. Jaman kebangkitan utawa renaisan Jawa I (abad ka-8-15) kanthi pujangga kayadene Empu Sedah, Empu Darmaja, Empu Tantular, lan Empu Prapanca, wondene jaman renaisan Jawa II yaiku jaman pujangga Jawa Madya (abad ka-16-20) kayadene PB IV, Mangkunegara IV, Pangeran Karanggayam, lan Sastranegara. Kapan muncule jaman renaisans Jawa III yang diramaikan odening para pengarang sastra Jawa moderen, isih mbutuhakwe wektu kang dawa.

Kang sinebut kanthi pengarang sastra Jawa moderen mono yaiku pengarang kang nggunaake wahana ekspresi basa Jawa modern. Dheweke dudu saka lingkungan kraton, lan dudu trah pujangga kraton. Pengarang sastra Jawa moderen asale saka karang padesan Jawa alias pengarang urban.Dheweke wis ora nggunaake basa Sansekerta, Jawa Kuna utawa Jawa Kawi. Medium panulisane nganggo aksara Latin lan dudu aksara Jawa hanacaraka utawa Palawa Basa ekspresine basa Jawa moderen Jawa krama utawa ngoko, lan tinarbuka marang lumebune kosakata basa Indonesia lan asing. Orientasi budayane ora lingkungan kraton tradisional Jawa maneh, ananging marang panguripan kutha kang plural, egaliter lan sekuler. Pengarang sastra jawa moderen wis ora padha seneng nembang, nanging durung sawutuhe keguh nggayuh kawujudane minangka manungsa moderen.

Kanggo nalari bab iki, perlu dijlimeti perkembangan sastra Jawa wiwit jaman kuna, jaman kapujanggan kraton, nganti tekan jaman pujangga rakyat ing abad globalisasi saiki..

Naskah Kuna

Karya sastra Jawa kuno kang kalebu tuwa dhewe mono aran Serat Tjandhakarana kang guinubah duk jamane ratu trah Syailendra kang yasa Candhi Kalasan dhek tahun 700 Saka. Naskah kuna liyane yaiku Serat Ramayana abasa Jawa Kuna gancaran tanpa sekar. Naskah iki kagubah duk nalika jumenenge Dyah Balitung kang ngedhaton ing Mataram (Jawa Tengah) dhek taun 820-832 Saka. Serat Ramayana Jawa Kuna, kagubah saka Serat Ramayana basa Sansekerta karyane Empu Walmiki ing India. Sabanjure isih akeh karya sastra jaman iki antara liya Sang Hyang Kamahayanikam, Brahmandapurana, Agastyaparwa, Kunjarakarna, lan sapanunggalane.

Nembe ing abad ka-10, muncul karya sastra Jawa Kuna mawa sekar kang sinebut kakawin. Wujude sekar ageng, Sekar ageng ing serat-serat kuna mono isih miturut wewaton cara Hindu. Dununge guru lagu tetap ora kena owah. Kakawin Serat Arjunawiwaha ginubah dening Pujangga Empu Kanwa duk jamane Prabu Erlangga ing Kahuripan (1019-1042 Masehi). Dhek taun 1850, Serat Arjunawiwaha wis kacithak mawa aksara Jawa dening Dr Friederich lan taun1926 kacithak maneh mawa aksara Latin abasa Walanda. Karya sastra Jawa Kuno mawa sekar liyane ing jaman iki antara liya Smaradahana, Bharatayudha, Hariwangsa, Lubdaka lan sapanunggalane.

Wondene serat Jawa Kuna kang kalebu golongan enom antara liya Brahmandapurana,
Negarakertagama, Arjunawijaya, Sutasoma Nitisastra Harisraya lan sapanunggalen. Kabeh mau kagubah dening para pujanggane kanthi babon Serat Jawa Kuna sadurunge. Saka kene banjur tuwuh serat-serat abasa Jawa Tengahan, yaiku basa kang grebahane ing antarane basa Jawa Kuna lan basa Jawa ing jaman samengko. Wondene thukule basa Jawa Tengahan iki dhek jaman kuncarane Majapahit.

Karya sastra ing jaman iki antara liya Tantu Panggelaran kang ngenani babad Pulo Jawa kang digubah dening pendhita dhusun. Sabanjure Calonarang, Tantri Kamandaka, Korawasrama, lan Serat Pararaton kang nyritaake sejarahe Ken Arok lan keturunane ing Singosari. Munculnya basa Jawa Tengahan ini krana basa Jawa Kuna kaya kang tinemu ing Serat Ramayana lan Arjunawiwaha mau panggunane mung winates ing kalangan kraton, wondene basa Jawa Tengah wis dadi basa pacelathon ing padinan. Mung ing serat kidung para pujangga isih nerusake basa kaya ing serat-serat mau kaya ing Serat Negarakertagama lan Arjunawiwaha. Serat kayadene Sutasoma lan sabarakane, mung mligi dadi wacan para ahli sastra, jalaran wong cilik wis ora ana kang ngerteni.

Thukule kekidungan kanthi basa umum mono bebarengan karo jumedhule sekar macapat. Mungguh kepriye thukule sarta saka endi tekane sekar macapat mau, durung kasumurupan. Nanging mungguh jumedhule macapat bebarengan karo kekidungan basa Jawa Tengahan kuwi kena ditemtoake. Ana maneh kekidungan basa Jawa Tengahan kang nglestareake sekar ageng, sekar kawi, nanging pathokan guru lagu wis ora diugeri maneh. Awit ing jaman iku, netepi lakune guru lagu iku wis angel banget. Kang dijupuk mung cacahe wanda ing njero sapada lingsa. Serat kang kaya mangkene iku mung bisa diprangguli ing Serat Dewa Ruci lan Suluk Sukarsa.

Wondene serat basa Jawa Tengahan kang nganggo sekar macapat kayadene Serat Sudamala, Serat Kidung Subrata, Serat Panji Anggraeni, lan Serat Sritanjung. Ing jaman Islam Demak (abad ka-15) tuwuh serat basa Jawa kang isine bab Islam. Serat kang kaya mangkene iki saiki isih sawetara akeh karine kayadene Het bBok van Bonang, Een Jawaan Geschrift uit de 16e Eeeuw. Suluk Sumirang, Kojajajahan, Suluk Wujil, Suluk Malang Sumirang, Serat Nitisruti, Serat Sewaka, Serat Menak, Serat Rengganis, Serat Manikmaya, Serat Ambiya, lan Serat Kandha. Wonden ing jaman Sultan Agung (abad ka-16) tuwuh Sastragendhing lan Nitipraja.

Sayektine, kang kudu dianggep ambangun kapustakan Jawa dhek jaman Surakarta awal mono dudu R Ng Ronggawarsita ananging priyagung loro yaiku Kyai Yasadipura I lan II, rama lan putra. Yasadipura II sabanjure sinebut RT Sastranagara.Ya pujangga kalorone iki kang bebarengan njarwaake Serat Arjunawiwaha kang dipurwakani Serat Dhandhanggula. Banjur Serat Bratayudha, Serat Panitisastra, Serat Tajussalatin, Serat Babd Giyanti lan isih akeh maneh. Ing jaman iki sugeng R Ng Ronggawarsita dalah karya-karya sastrane. Wiwit sasedane Ronggawarsita dhek taun 1874, kapustakan Jawa bebasan meh kesilep turu nganti tuwuh sastra gagrag anyar kang kena pengaruhe sastra Barat.

Muncule Genre Anyar

Majuning jaman sarta tambahe wong kang winasis (terpelajar), agawe owah-owahan gedhe ing bebrayan agung. Durung maneh kawuwuhan anane perkembangan jaman kayadene gumregahe nasionalisme, emansipasi, wawasan kebebasan lan hak asasi manungsa, sarta saya ilange sesambungan masyarakat kang feodalistik. Sastra tulis kang sadurunge dimonopoli dening kalangan ndhuwur, saiki wiwit kegayuh dening kabeh golongan ing bebrayan agung. Ora mung para priyayi wae kang mbutuhake karya sastra nanging uga Si Kromo kuli pabrik, Si Agus mahasiswa UI, lan Si Mahmud modin desa.

Sawetara iku, anane pengaruh Barat, genre-genre anyar wiwit padha muncul kanthi wujud lan isi kang banget bedane karo karya-karya sastra Jawa kayadene kekawin, babad, lan sastra suluk. Ing pihak liya, popularitas sastra lisan kang tetep lestari, pranyata darbe daya pengaruh kang kuwat banget. Ya karya sastra iki kang wiwit biyen mula bisa dieloni kanthi merdika dening kalangan para kaum kang kurang winasis. Krana iku, nganti saprene kang diarani sastra tumrap woh akeh, isih winates marang sadhengah karya kang kanggo “dirungoake”, lan dudu kang “winaca” ing aksara.

Bebarengan karo undhake kawruh lan sesurupan, kang diarani “maca” mono prakara kang sepisanan digayutake karo “sinau, mulang-wuruk” utawa budidaya kulak informasi, lan dudu kanggo golek “hiburan”. Kanthi cara pikir kang kaya ngene iki, panulisan prosa ing basa Jawa, banjur malih dadi sawijining pakaryan kang utamane katindaake dening wong-wong kang sesambungan karo urusan pendidikan. Akibate, asil pakaryane mau banjur ora bisa diakoni minangka karya sastra, nanging luwih akeh dianggep minangka bahan wacan kang mung migunani tumrap para kawula mudha.

Manut panemu mau, kang diarani karya sastra mono karya sastra klasik kang adiluhung minangka warisan para leluhur, kayadene Kakawin Mahabharata lan Ramayana. Krana jenis karya sastra iki sawetara gedhe dumadi saka wujud kekawin, kidung, tembang gedhe, lan macapat kang wiwit biyen mula pancen dikarepake kanggo ditembangake lan dirungoake. Sawetara iku, genre Barat awujud prosa utawa karya gancaran, kang nilai sastrane mung kasedhiyaake tumrap kaum elite kang isa maca Latin lan basa Walanda.

Saawuse jaman kamardikan 1945, peran basa Walanda diganti basa Indonesia minangka basa kaloro sawuse basa ibu, yaiku basa Jawa, Batak, Bali, Banjar, lan sapanunggalane. Basa Indonesia manut linguistik lan emosional, dudu barang kang aeng kaya basa Walanda. Mulane ing tahun sawuse 1945, akeh pengarang Jawa kang kepingin nulis prosa literer lan puisi, akeh kang milih medium basa nasional tinimbang basa ibu (waos; Jawa), ing karya sastrane. Panggilut sastra “Indonesia-Jawa” banjur muncul kayadene Pramudya Ananta Toer, Trisno Sumardjo, Muhammad Dimyati, Kirdjomulyo, Toto Sudarto Bachtiar, Riyono Pratiokto, WS Rendra, Subagio Sastrowardoyo, Umar Kayam, Sapardi Djoko Damono, Darmanta Jatman, Linus Suryadi AG, lan Sindhunata. Ing bukune “Pengakuan Pariyem” umpamane, Linus Suryadi AG kenthel banget nghudhar gagasan lan budaya Jawa kanthi medium basa Indonesia. Semono uga Sindhunata ing karyane “Anak Bajang Menggiring Angin”, lan Darmanto Jatman ing kumpulan puisi-puisine.

Emane, karya sastra anyar wujud prosa iki mung bisa digayuh dening kalangan bebrayan winasis lan moderen kang wis ngrasaake emansipasi. Kalangan terpelajar iki minangka elit cilik kang manggon ana ing kutha-kuta gedhe. Sawetara iku, sawetara gedhe wong Jawa kang mung 80 yuta iku akeh kang mapan ana ing karang padesan lan pesisiran. Para elite cilik iki isih berjuwang kanggo nggayuh emansipasi lan wawasane kerep durung cukup moderen..

Wujud sastra lisan kayadene lakon kang dicritaake sawengi nutug ing desa-desa (kentrung) sarta warna-warna teater (wayang purwa, wayang wong, kethoprak, lan ludruk), sithik banget antuk kawigaten saka kalangan kang nyinaoni sastra moderen. Iki jalaran krana teknik crita kang kang dikandhaake utawa dipitontonake kanthi improvisai wewaton sinopsis kang disimpen ing pangeling-eling. Mulane naskah-naskah tinulis banjur arang diprangguli, kamangka anane naskah tertulis mono minangka syarat mutlak sawijining karya bisa ditampa minangka karya sastra. Mataun-tahun produksi naskah ing basa Jawa kang bisa digolongake minangka sastra, dadi langka banget. Mulane ana kang banjur ngarani R Ng Ronggawarsita minangka “pujangga panutup”.

Thukule Sastra Modern

Sastra Jawa tulis kaya kang ana ing masyrakat saiki iki, bisa kaperang dadi loro. Sastra tradisional lan sastra moderen. Sastra tradisional kaiket dening pathokan-pathokan kang diugeri sarana turun-maturun. Sastra tinulis tradisional sawetara gedhe ginubah kanthi matra macapat. Ing sastra iki asring digunaake tembung-tembung puitis (tembung kawi) lan sawetara jenis arkaisme. Wondene sastra moderen mono minangka asil saka rangsangan kreatif ing sajerone masyarakat moderen.

Genre sastra Barat kayadene novel, cerita cekak, esei, sajak bebas lan sapanunggalane, pancen dikarepake minangka wacan pribadi kanggo kelangenan. Genre iki durung suwe dadi perangane sastra Jawa. Istilah sastra gagrag anyar utawa sastra gaya baru (moderen) kang asring digunaake kanggo nyebut asil-asil sastra moderen iku wae wis nandhesake manawa bab iku mau kalebu barang anyar. Perkembangan sastra moderen ing Tanah Jawa, wiwitane mlaku nggremet. Iki ora aran aneh, jalaran genre-genre anyar kang gegayutan karo tekane saka njaban rangkah, ing sawijining periode duk nalikane masyarakat Jawa durung siap nampa lan uga durung pati mbutuhake.

Ing abad ka-19 iki wiwit diterbitake karangan-karangan ing sanjabane lingkup sastra tradisional kaya kegiyatane Intituut voor de Javaansche Taal ing Surakarta taun 1832-1843, utamane nerbitake naskah-naskah kang diasilake dening CF Winter lan stafe. Ancas tujuwane kanggo nyedhiyaake wacan kang rada gampang dicaake kanggo pengajaran basa Jawa. Wujude karya gancaran (prosa) lan jarwan karya sastra klasik kaya Lampah-lampahanipun Raden Mas Arya Purwa Lelana (Batavia, 1865) karangan MA Candranegara, Bupati Demak, lan Cariyos Nagari Walandi (Batavia, 1876), karangan Rd Abdullah Ibnu Sabar bin Arkebah. Banjur Randha Guna Wecana karangane Surya Wijaya, secretaries AB Cohern Stuart.

Saka basa puitis, Randha Guna Wecana didandani dening Ki Padmasusastra krana campur tangane DF van der Pant. Ya Ki Padmasusastra iki kagolong tokoh intelek ing babagan penggajaran basa Jawa dhek taun 1900-an. Krana kewasisane, dheweke kasil ngarang buku parama sastra Layang Purana Basa (Surakarta, 1897/1898 579 kaca), Serat Warnabasa (Surakarta, 1900, 326 kaca), Serat Paribasa (Balai Pustaka 1912, 398 kaca), lan isih akeh maneh karyane ing babagan basa Jawa.

Saka puluhan karya basa Jawa ing wektu iku, arang banget kang wujud novel kajaba Serat Rangsang Tuban karya Surya Wijaya (Surakarta, 1912). Novel pancen minangka genre sastra kang ing negara Barat uga liwat periode perkembangan kang dawa banget. Tradisi penulisan novel kang subur mung bisa kelakon lamun ana sekelompok penulis novel berbakat lan kreatif, ana penerbitan lan percetakan kang kuwat keuangane, sarta ana distribusi kang rancak. Kang paling penting saka kabeh mau, kudu ana masyarakat pembaca kang cukup omber lan kober nyisihake dhueite kanggo tuku buku novel mau. Mangka masyarakat Jawa dhek jaman semana isih akeh kang bodho lan mlarat. Kepriye bisane karya sastra novel Jawa bisa berkembang.

Syarat-syarat iki ora kecukupan nalikane novel ditepungake ing Tanah Jawa. Genre sastra saka Barat iki lagi bisa muncul nalika madek bebadan penerbit duweke pamarentah kolonial Walanda aran Balai Pustaka. (Kantoor voor Volslectuur) taun 1911. Liwat Balai Pustaka, pamarentah kolonial aweh rangsangan kanggo penulisan crita kang bisa digunaake minangka bahan wacan kang manfaat tumrap rakyat. Dening Balai Pustaka, buku-buku terbitane mau disebarake marang publik liwat perpustakaan sekolah. Mulane kena diarani, genre sastra Barat lumebu ing jeron sasstra Jawa bebarengan karo lumebune pengajaran Eropa tumrap masyarakat Jawa.

Peranan Balai Pustaka minangka badan penerbit kang nyedhiyake kebutuhan sekolah mau kawiwitan dhek taun 1911. Balai Pustaka wiwitan nerbitake buku wujud Serat Panutan (1913) lan Isin Ngaku Bapa (1918) karyane Prawirasudirja. Banjur kasusul Rara Kadreman (Kuswadiarjo), banjur Pamoring Dhusun (Harjawisatra), Wuryalocita lan Trilaksita (Mangunwijaya), lan Rara Rarasati tuwin Bok Randha Setyadarma (Wiraatmaja lan Suwadi). Buku-buku mau wujude cilik lan halamane tipis mung watara 150 kaca, mulane pas yen sinebut novelet ketimbang novel..

Kanthi diterbitake buku Serat Riyanta (1920, 139 kaca) dening R Sulardi, minangka awal sejarah pembaharuan tumrap novel Jawa kang lumtrahe asifat didaktik, mengku piwulang ngenani ajaran moral, lan isi roman sejarah. Wiwit buku Serat Riyanta, dadi muncul novel-novel Jawa kanthi tema-tema sosial antara liya Mitra Nmusibat (1921, 87 kaca) karyane Jayengutama, Crah Bubrah, Kucing lan Jago, Rasa Sasmita, karyane Kamit Nataasmara (1927, 1929, lan 1932). Pembaruan kang wigati ing katindaake dening Kusumadigda (1928) lan Sukarna (1929) kanthi ngarang buku sastra Jawa awujud novel kanthi basa ngoko lan kanggo para kaum dhewasa. Wiwit iku, Sawuse taun 1930, meh buku-buku novel ditulis kanthi basa ngoko (dudu krama) nganti tekan saprene.

Cetha ing kene, ngrembakane novel sastra Jawa ora bisa dipisahake karo fasilitas penerbitan lan distribusi kang diwenehake dening Balai Pustaka nganti tekan 1941. Penerbitan pemerintah iki banjur dirameake muncule penerbitan lan percetakan swasta kayadene Tan Koen Swie (Kediri), Mardi Mulya (Yogyakarta), Siti Syanmsiyah, Rusche, Sadu Budi, Kalimasada, lan Mars (Surakarta), Van Dorp (Semarang), G Kolff & Co (Surabaya). Taun 1936 muncul jenis cerita cekak iang Majalah Kejawen duweke Balai Pustaka, lan Panjebar Semangat duweke Dr Soetomo. Tahun 1943 terbit majalah Pandji Pustaka duweke Balai Pustaka kang diembani penulis mudha Purwadhie Atmadiharja lan Subagiya Ilham Natadiharjaya. Ya kalorone “pujangga” iki sinebut minangka pelopor generasi penulis crita cekak ing jaman sawuse perang. Wondene puisi moderen basa Jawa kang sinebut guritan lahir dhek taun 1929 ing Kejawen.

Dr Soeripan Sadi Hutomo merang periodesasi sastra Jawa Moderen dadi peride Balai Pustaka (1920-1945) awujud genre novel lan periode perkembangan bebas (1945-1966) awujud genre novel, crita sekak, lan geguritan. Banjur periode sastra majalah (1966-saiki) wujud genre eksploitasi roman panglipur wuyung kang dibarengi peranan majalah basa Jawa minangka saluran publik kang wigati banget. Contone terbit crita sambung Katresnan lan Kuwajiban karyane Saerozi (PS, 1957), Wahyu Saka Kubur dening Senggana (JB, 1957). Banjur muncul cerkak-cerkak karyane Senggana kang terbit ing PS, Waspada lan Crita Cekak. Pengarang Sri Hadijaya kalebu produktif nulis novel, cerkak, lan roman picisan antara liya Napak Tilas (PS, 1960).

Lagi sawuse jaman revolusi, telu gentre utama sastra moderen (novel, crita cekak, lan guritan) antuk kawigaten kang wajar ing kalangan masyarakat. Iki krana kiprahe generasi perintis utawa pelopor kang dipandhegani dening Soebagijo IN kelairan Blitrar 1924. Pemuda kang kiprah ing jagad wartawan lan pengarang iki, dhek taun 1955 nerbitake Crita Cekak kang diembani dhewe. Jabatan Pemimpin Redaksi kang dicekel, sabanjure digenteni Purwadhie Atmadihardja. Purwadhie minangka wong kang sepisanan ngajoake ing babagan mutu, wujud, lan isi karya sastra Jawa. Dhewke dhewe uga produktif nulis cerkak lan guritan, sarta novelet kayadene Dara Kapidara (JB, 1965), Kedhung Putri (PS, 1964), Ngrangsang Gumuk Sandi (Gotong Royong, 1965) lan Benang-Benang (JB, 1965).

Paraga kang paling tuwa ing antarane para pengarang angkatan perintis yaiku Any Asmara kelairan Banyumas 1931. Kanthi otodidak, Any Asmara dadi penulis kang banget kreatif ngarang crita cekak kang diemot ing kabeh majalah basa Jawa. Pengarang kang ditokohake dening para pengarang sastra Jawa iki produktif ngarang novel lan roman picisan. Panulise jeneng Any nganggo aksara “y” lan dudu ‘i” aweh stimulasi marang kang maca mapanake jeneng lan karya-karyane ing jenis romance lan populer. Iki bisa kasemak ing karyane Any Asmara antara liya, Kenya Tirta Gangga kang diemot ing PS minanghka novel terbaik 1958. Banjur Rante Mas (1961), Kumandhange Katresnan (1964), Ida Ayu Maruti (1965) lan crita detektif Grombolan Gagak Seta (1961).

Pengarang gamben sastra Jawa liyane liyane antara liya Widi Widayat (lair ing Imogiori 1928), Satim Kadaryana (Ngawi 1928), Sudharma KD (Ngawen Yogjakarta 1934), St Iesmaniasita (Terusan Mojokerto 1933), Achmad DS (Surakarta 1933), Sumarjana (Yogyakarta 1927), Suparto Brata (Surabaya 1932), Tamsir AS (Tulungagung 1936), Esmit, Harjana HP, Basuki Rachmad, Poer Adhie Prawoto, M Nursyahiod P lan isih akeh maneh.

Tantangan Penerbitan

Karya-karya sastra Jawa mau ora mandheg mung semono, nanging isih mbrudhul tekan saprene. Senadyan wektu iki Balai Pustaka wis ora bisa dijagaake kaya mbiyen aktif nerbitake buku sastra Jawa, senadyan penerbit lan percetakan swasta wis ora akeh kaya mbiyen, nanging karya sastra Jawa Moderen tetep terbit, tetep urip lan semangat. Ronggawarsita dudu pujangga panutup sastra Jawa. Tantantangan tumrap pengarang sastra Jawa Moderen saya luwih dening abot, nanging ora bakal bisa mateni utawa nyures perkembangan sastra Jawa.

Pengarang Esmit Banyuwangi bisa wae kandha, sastra Jawa bakal mati, nanging buktine suk September 2006 iki bakal diadani Kongres Basa Jawa IV lan Kongres Sastra Jawa II ing Semarang, antara liya ngrembuk bab sastra Jawa moderen. Saben taun, isih diwetoake Hadiah Rancage minangka penghargaan marang pengarang sastra Jawa lan Sundha krana karya-karya sastrane. Ning ya iku, kanggo nerbitake karya-karya sastrane, pengarang sastra Jawa kudu bisa “opor-opor bebek, mentas saka awake dhewek”.

Banjur kepriye carane para pengarang sastra Jawa Moderen saiki nerbitake karyane? Opor-opor dhewek. Ya pengarang mau sing kudu ngarang bukune, banjur golek penerbit kanthi dodolan sepeda kanggo mbandhani, sarta mesisan masarake buku sing diterbitake. Kamangka tugase seniman mono mesthine mung makarya karangan. Perkara nerbitake buku, adol lan masarake, mesthine kuwajibane pihak liya. Nanging saiki ora bisa mangkono. Sejarah Sastra Jawa nyathet, pengarang Any Asmara uga darbe penerbitan pribadi kalebnu kanggo nyithak karya-karyane dhewe.

Para pengarang sastra Jawa peraih hadiah sastra Rancage ing Jawa Timur uga kepeksa mangkono. Cucul dhuwit saka sake dhewe, utawa njaluk disponsori bebedan liya. Contone wae Supato Brata, Drs Moechtar, Harmono Kasiyun, Widodo Basuki, Djayus Pete, lan FX Hoery. Kanggo nerbitake Si lan Man (kumpulan crita cekak) lan Donyane Wong Culika (crita sambung), Suparto Brata kudu cucul dhuwit dhewe jalaran ora ana penerbit kang gelem nerbitake karyane. Banjur Drs Moechtar nalika nerbitake karya terjemahane Serat Niti Mani uga dimodali dhewe bebarengan Lembaga Javanologi Jawa Timur.

Semono uga Kreteg Emas Jurang Gupit (kumpulan cerkak) karyane Djajus Pete, penerbitane disponsori Yayasan Pinang Sirih lan Dewan Kesenian Jawa Timur (DKJT). JFX Hoery kang nerbitake Pagerlaran (kumpulan geguritan) uga diwragati dhewe, semono uga Harmono Kasiyun (PPSJS) lan Widodo Basuki, kanggo nerbitake antologi cerkak lan geguritane kepeksa golek penerbit “fiktif” kang dibandhani dewe. Medhitasi Alang-alang-e Widodo diterbitake dhewe kanthi nganggo jeneng penerbit “Sanggar Zuhra Gupira” Sidoarjo. Para penerbit lokal lan nasional lumuh nerbitake buku basa Jawa jalaran pemasarane mesthi rugine.

Nasib kaya mangkene iki uga dialami pengarang Jawa liyane, kayadene Trinil kang nerbitaake Donga Kembang Waru (kumpulan geguritan) lan Sarunge Jagung (novel), kaloro-lorone abasa Surabayan. Banjur Suryanto Sastroatmodjo, Budi Palopo, Sumono SA, Bonari Nabonenar, Sunarko Sodrun lan isi akeh maneh. Kalebu kang perlu cinathet ing kene, Sastra Campur Sari kumpulan geguritan penggurit wolu (Abdullah Fauzi, Abdul Ghani, Andang CY, Arach Djamali, Budi Palopo, Sunarko Budiman, Trinil, lan Yudhet), uga diterbitake dening DKJT disengkuyung Komunitas Cantrik Surabaya. Suparto Brata, Anggarpati, lan Tamsir AS nate gawe penerbitan “Puspa Pusaka” ing Jawa Timur. Malah penerbit iku wis nate nerbitake novel lima karyane AY Suharyono, Margaret Widi Pratiwi, Suryadi WS, Ardini Pangestuti, lan Harwimuka. Nanging, sepisan bisa nerbitake wusanane ora terbit maneh krana kesandhung “kecelakaan”.

Ya kahanan kaya ngene iki kang perlu diprihatinanake sok sapa wae, kalebu pemerintah, swasta, lan pengarang sastra Jawa dhewe. Jebul, kreativitase para pengarang sastra Jawa kang nedheng mocer iku, ora diimbangi anane penerbit kang gelem nerbitake karyane kaya jaman mbiyen. Kanggo ngawekani iki, para pengarang lan lembaga sastra Jawa kudu bisa ubet lan ngulur budi, aja njagaake penerbit kang murni bisa nerbitake karyane.

Pancen isih ana siji loro lembaga utawa pawongan kang bisa aweh subside utawa bantuan marang pengarang kanggo nerbitake bukune, nanging iku kabeh isih adoh saka kabutuhan. Mulane, kanggo Panitia Kongres Basa Jawa IV lan Kongres Sastra Jawa II ing Semarang, yen ana dhuwit mubru utawa turahan dana kongres, becik disisihake kanggo nerbitaake buku sastra, budaya, lan basa Jawa para pengarang Jawa banjur disebarake ing sekolah-sekolah lan kalangan tertamtu. Dak kira iku asil keputusan kongres kang luwih konkrit lan nyata.

Eloke, kanthi tantangan kang kaya mangkono wae, akeh pengarang sastra Jawa kang kuwagang nerbitake bukune. Conto ing kene, pengarang Surabaya, Supartto Brata. Sawuse akeh nerbitake karyane, dheweke isih produktif nulis lan nulisn terus. Sawuse novel Jawa Trem (2001), banjur muncul Republik Jungkir Balik (2004), Donyane Wong Culika (2005), Cucak Nguntal Elo (2005), Ser! Ser! Plong (2005). Wektu iku dheweke lagi nyiapake novel Jawa Mbok Randha Saka Saka Jogja, kang crita panguripane wanita asal Jogya kang kasmaran pegawai pelayaran ing Surabaya. Hapa hora hebat?

Panutup

Pranyata kanthi andharan kang nglawer iki, kabukten manawa sastra Jawa ora mati, ning malah saya ngrembaka. Ora bener lamun R Ng Ronggawarsita sinebut pujangga penutup. Kajaba iku, pranyata kabudayan Jawa mono keguh nyesep unsur-unsur asing kanthi cara kang banget bebase, tanpa kelangan ciri-ciri asline wong Jawa. Kanthi cara kang mengkono uga, sastra Jawa ing abad 21 iki wis kasil nyesep genre-genre asing kayadene, novel, cerkak guritan, esai, lan lakon panggung moderen, kanthi tetep ngrumat wujud lan tema tradisional kang diwarisi turun-maturun. Malah ciri lisan ing saperangan sastrra Jawa uga ora bisa ilang.

Kanyatan malah mbukteake, karya sastra Jawa tetep urip lan malah kepara mrudul kadya metune lawa saka kandhang guwane, senadyan nemahi pepalang kang ageng, yaiku babagan penerbitan.

Surabaya, 1 Agustus 2006
RM Yunani Prawiranegara

Kapustakan:
1. Linus Suryadi AG - Dari Pujangga ke Penulis Jawa, 1995, Pustaka Pelajar
Yogyakarta
2. Franz Magnis Suseno - Etika Jawa, PT Gramedia Pustaka Utama, 1993, Jakarta
3. Poerbatjaraka, Prof Dr - Kapustakan Djawi, 1954, Djambatan, Jakarta
4. Padmasoekotjo S - Memetri Basa Jawa, 1987, PT Citra Jaya Murti, Surabaya
5, Padmasoekotjo S - Ngengrengan Kasusastran Djawa, 1958, Hien Hoo Sing,
Yogyakarta
6. Mardjono M - Piwulang Basa Jawa, 1946, SGN Surakarta
7. JJ Ras - Bunga Rampai Sastra Jawa Mutakhir, 1985, PT Grafitipers
8. Taman Sari, Kumpulan Cerkak dan Geguritan, 1975, Pusat Kebudayaan Jawa Tengah.
9. A Sudewa - Serat Panitisastra, 1991, Duta Wacana University Press,
Yogyakarta
10. Poer Adhie Prawoto - Keterlibatan Sosial Sastra Jawa Moderen, 1991, Tri
Tunggal Fajar, Solo
11. Suripan Sadi Hutomo - Antologi Puisi Jawa Modern 1940-1980, 1984, Sinar
Wijaya, Surabaya
Biodata:
Nama : RM Yunani Prawiranegara
Lahir ` : Ngawi , 01 Oktober 1948
Alamat : Jl Putat Jawa C Barat XI/20 Surabaya Telp 70004311
Pekerjaan : 1. Ombudsmen Harian Sore Surabaya Post Surabaya
2. Redaktur Pembantu Majalah Damar Jati Jakarta
3. Penulis di Majalah Jaya Baya dan Panjebar Semangat
(Surabaya) dan Jaka Lodang (Jakarta)
Jabatan lain : 1. Penasihat PPSJS Surabaya
2. Anggota Dewan Kehormatan PWI Jatim
3. Pengurus (Seksi) Javanologi Surabaya

0 comments: