Monday, January 12, 2009

Endhog kang Dinunutake

Esuk uthuk-uthuk Pak Siman budhal menyang sawah. Saka omah tekan sawah kang dituju adohe watara karotengah kilometer. Dalane ciut, menggak-menggok lan ngunggah-ngudhuni gumuk kang sinebut Gumuk. Yen wegah mlaku, dalan kuwi mung bisa diliwati kanthi numpak jaran. Nanging, Pak Siman ora duwe jaran. Mula meh saben dina Pak Siman kudu trima mlaku tumuju lan bali saka sawahe kuwi, idhep-idhep olah raga.

Sawahe Pak Siman lagi rong dina ditanduri pari. Mula Pak Siman mung perlu ngendhangi, kepriye kahanane sawahe sawise udan deres mau bengi. Pak Siman seneng atine. Pari kang lagi rong dina ditandur katone kaya terus nglilir. Saben galengan diturut, ora ana sing jebol katrajang banyu utawa digerong dening yuyu. Mula ora nganti rong jam Pak Siman mulih.

Sambi mlaku mulih Pak Siman golek ramban kanggo makani wedhus. Wedhuse Pak Siman klebu akeh, meh ana rong puluh. Kang luwih ajeh cacahe pitike. Pak Siman sakulawarga ya duwe ingon-ingon pitik. Yen dietung pitike Pak Siman, gedhe cilik, seket wae mesthi luwih.

Padatane, sing ngramban utawa ngarit yakuwi anak mbarepe Pak Siman, Darmoko. Pak Siman dhewe mung ngrewangi arang-kadhing, jalaran ing saurute galengan ing pekarangane wis ditanduri gamal, suket gajah, lan liya-liyane. Kejaba dadi pager tanduran gamal lan suket gajah iku saben-saben kena diramban kanggo makani wedhus.

Dumadakan Pak Siman nemokake endhog, mung siji, ing sawijining grumbul. Endhog kuwi banjur digawa mulih. Tekan ngomah ora didadar utawa digodhog, nanging dinunutake ing petarangane pitik kang lagi angrem.

Endhog kang diangremi iku, klebu endhog kang dinunutake kuwi saiki wis netes. Wis dadi piyik kabeh, ora ana sing jugar. Babon kang dinunuti sajake ya ora ngrumangsani. Saben esuk, sawise dibukak kurungane, babon kuwi ngemong anake ing saurute pekarangan sambi golek pangan. Pangrengkuhe padha marang kabeh anake, klebu anak kang netes saka endhog kang dinunutake iku. Embuh, apa pancen babon iku becik pambege, apa mung merga ora ngreti manawa ana endhog saka babon seje kang dinunutake.

Sawijining dina nalika umure piyik-piyik iku meh ngancik rong wulan, dumadakan si babon menehi tandha manawa ana bebaya. Swarane pitik ing pekarangan dadi rame, padha golek pandhelikan mburu slamete dhewe-dhewe. Si babon kang lagi ngarak anak-anake iku enggal megarake swiwine. Iku dadi tandha supaya anak-anake enggal ndlusup, ngayom ing sangisore swiwine.

Tibake bebaya iku wujud manuk badhol kang lagi nganglang. Tikus, ula, pitik, kabeh padha ndhelik, wedi yen nganti disamber lan dimangsa dening badhol iku. Saka sela-selane swiwine si babon, piyik kang netes saka endhog kang dititipake kuwi uga bisa nyawang badhol kang lagi nganglang ing langit. Dheweke uga melu kaweden. Nanging rasa wedine kacampur karo rasa eram, kok badhol kuwi bisa mabur samono dhuwure, bisa nganglang langit megarake swiwine. Jan katon gagah banget!

Piyik kang netes saka endhog kang dinunutake kuwi mundhak dina, kaya sedulur-sedulur nunggal petarangane, ya mundhak gedhene. Sing mbedakake, piyik saka endhog kang dinunutake kuwi adreng olehe kepengin bisa mabur kaya manuk badhol. Dheweke bola-bali nyoba, munggah galengan, banjur mencolot. Bola-bali tiba keblusuk, awake kaya remuk. Nanging kaya-kaya ora digawe rasa, awit saka adrenge olehe pengin bisa mabur kaya manuk badhol.

Sangsaya dina piyik kang kepengin bisa mabur kuwi sangsaya sengkut olehe sinau mabur. Dheweke rumangsa bungah banget nalika bisa mlumpat sadawane jangkahe manungsa. Sesuke wis bisa mlumpat luwih adoh. Isih sok keblusuk, nanging wis ora kaya nalika wiwitan ajar mabur. Swiwine saya kuwat. Mundhak dina dheweke bisa mabur saka galengan kang luwih dhuwur.

Awit saka sregepe sinau mabur, wusanane piyik kang kepengin bisa mabur kaya badhol iku bisa mabur tenan, ora prelu ancang-ancang saka ndhuwur galengan. Sangsaya suwe abure sangsaya adoh. Bareng wis diwasa, dheweke bisa nganglang ing langit. Yen sedulur-sedulure padha pating bilulung golek pandhelikan nalika ana badhol nganglang, dheweke ajeg enggal mabur, nyedhaki badhol kang lagi golek memangsan iku lan kandha, ’’Heh pitik langit, kowe aja ganggu gawe marang sedulur-sedulurku. Yen kena dakelingake, kowe takdudohi papan kang akeh tikuse. Nanging yen panggah meden-medeni para sedulurku lan ora gelem nyingkrih saka papan kene, kelakon takkremus dhewe. Hayo, sumingkir apa ora!’’ Kang ditundhung trima nyingkrih, merga wegah dredah karo sapepadhaning badhol. [iki jarwan bebas embuh saka ngendi lali sumbere, ana sing bisa nemokke?]

0 comments: