Monday, April 6, 2009

Dilema Wayang Kulit

Biyen nalika aku isih cilik, aku asring diajak dening bapak nonton wayang kulit. Nalika kuwi sing jenenge wayang kulit yo mung ana dhalang, sindhen, yaga, waranggana, wayang lan gamelan. Mung wae kala-kala sok ngundang dhagelan. Mung wae nalika semana wayang kulit isih kurang banget peminate. Apa maneh saka kalangan sinoman. Paling-paling sing padha nonton ya mung wong-wong sing wis umur. Seje maneh yen sing ndhalang kuwi dhalang kondhang. Kaya ta Alm Ki Narto Sabda, Ki Anom Suroto lan Ki Manteb Sudarsono. Nanging pancen nalika semana wayang kulit isih mujudake tontonan sing bisa didadekake tuntunan.

Kahanan sing kaya ngono mau wis akeh sing owah. Alhamdulillah saiki wayang kulit wis akeh peminate. Yen pas ana sing nanggap wayang kulit ana desaku, kabeh uwong padha tumplek bleg nonton kabeh. Ora perduli lanang, wadon, enom apa tuwa padha metu saka omah mung saperlu nonton wayang. Para bakul ya ora gelem keri. Wiwit bakul panganan, bakul wedang, bakul dolanan, lsp uga padha nggelar dagangan.

Nanging jebul sing njalari wong-wong dadi padha seneng nonton wayang ora merga critane sing kebak tuntunan, utawa merga dhalange sing kondhang. Saiki padha akeh sing seneng nonton wayang merga wayang saiki ana tambahan tontonan. Ya kuwi campur sari. Penyanyine ayu-ayu, lan bokonge ya bisa megal-megol kaya menthog yen lagi mlaku.

Sak jane ora apa-apa yen ditambahi kreasi sing kaya ngono. Amarga sing jenenge budaya iku saka tembung budi lan daya. Kabeh mau ana sambung rakete karo nalar lan pikirane menungsa. Lan pancene kabeh kudu "berubah" miturut owahing jaman. Nanging sing dadi masalah ya kuwi para dhalang sing wis "kerja sama" karo para group campur sari asring ngringkes lakune crita supaya gelaran limbukan lan gara-gara bisa luwih suwe. Malah aku tau nemoni gelaran limbukan lan gara-gara yen ditotal bisa nganti 3 jam. Kamangka yen gelaran wayang kawiwitan jam 10 bengi nganti jam 4.30, ateges lakon wayang mung 3,5 jam. Yen wis kaya mangkono, wayang sing biyen tontonan sing bisa kanggo tuntunan saiki wis kuwalik dadi tuntunan sing mung kanggo tontonan.

Pancene yen dinalar, usaha kang dilakoni para dhalang supaya tontonane payu didol ora kleru. Wong sing urip saka wayang ora mung dhalange thok. Sindhen lan yagane uga perlu urip. Nanging apa kudu ngringkes crita supaya kabeh bisa mlaku?



canserino@yahoo.co.id
saka: jawa@yahoogroups.com

1 comments:

miturutku panganggep kaya ngono ora pleg bener.Awit isih akeh bocah cilik sing remen nonton wayang. Saiki kari wong tuwane leh paring pitutur lan momongan kang becik. Intine: apik alane sawijineng seni kang nyangkut tutunan iku ora adoh soko carane wong tuwo leh nggulo wentah anak.
Matur nuwun.