Friday, August 21, 2009

Sastra Jawa lan stigma ecek-ecek

Ana pandumuk yen sastra Jawa gagrag anyar kuwi mujudake sastra pinggiran, nggambarake urip lan panguripane masarakat padesan. Kosok baline, sastra Indonesia mujudake sastra metropolis kang luwih condhong marang gegambaraning masarakat kutha gedhe. Beda karo sastra Jawa gagrag anyar kang lugu lan rumaket klawan para pamaose, sastra Indonesia nuduhake ciri-ciri individualistis. Gagasan-gagasan jroning sastra Indonesia nuduhake anane idhe-idhe progresif lan sacara estetis nyingkur cakrik konvensional. Kegawa saka daya pangaribawane kabudayan global, sastra(wan) Indonesia (senajan ora kabeh) ngadani eksplorasi anasir-anasir struktur karya sastra.

JJ Ras, ahli sastra Jawa saka Leiden, wis kepara suwe pratela yen langgam padesan jroning sastra Jawa gagrag anyar mau dadi titikan mirunggan kang mbedakake klayan sastra Indonesia. Pratelan kang ngemu surasa positip mau diamini dening SO Robbson (saka Walanda) lan George Quinn (saka Australia). Suprandene ing kalanganing ahli sastra ndalem negara nduweni panemu seje.
Ngenani sastra Jawa gagrag anyar, Prof Budi Darma saka Universitas Negeri Surabaya (Unesa), nate pratela cekak aos, ”Yen katandhingake sastra Indonesia, kaanane sastra Jawa isih keponthal-ponthal.” Dene Prof Sapardi Djoko Damono saka Universitas Indonesia nate ujar mangkene, ”Yen sastra Jawa kepengin oleh kawigaten mirunggan saka kritisi sastra, para pengarange kudu bisa ngasilake karya sastra kang mondhong gagasan-gagasan gedhe saengga gawe ngungun.”

Sakarone tokoh sastra Indonesia mau, mungguh mentala blaka, kurang luwih mangkene. Sastra Jawa gagrag anyar klebu ewone sastra madya kang nduweni watak melodramis, yakuwi romantis-sentimental kang keluwih-luwih (Budi Darma). Gagasan-gagasan prasaja lan cakrik prasaja mahanani sastra Jawa gagrag anyar kudu kalungguhake ing papan kang samesthine, yakuwi sastra hiburan utawa sastra populer (Sapardi Djoko Damono).

Pratelan-pratelan saka para jambur sastra ndalem negara mau wusana nggawa pethit kang ora ngenak-enaki ati. Pethit kopat-kapit lan nuwuhake rasa perih nalika diseblakake dening kritikus Buta Cakil, yakuwi kritikus sing mung muncul sepisan lan panemune mung ela-elu. Golongan kritikus Buta Cakil mau kanthi makantar-kantar aweh stempel, cap, utawa stigma yen sastra Jawa kuwi kualitase kacangan alias ecek-ecek.

Kudu dimangerteni yen sastra Jawa lan sastra ing tlatah ngendi wae, umume, mujudake sastra hiburan. Cerpen-cerpene Danarto utawa Iwan Simatupang ing sastra Indonesia, upamane, senajan ninggal cakrik konvensional lan mengku pralambang utawa simbol, nanging ora nyingkur aspek hiburan. Semono uga Cerkak-cerkake Djajus Pete utawa Suparto Brata jroning sastra Jawa sing nuduhake cakrik konvensional, tartamtu aspek hiburane iya ora ketinggalan.

Mujudake kesalahan fatal yen sastra Jawa gagrag anyar diaranisastra ecek-ecek jalaran nggotong unsur panglipur manah, dene sastra Indonesia diarani sastra serius sing tegese tanpa aspek hiburan babar pisan.

Sastra universal

Ana faktor ekstrinsik, yakuwi prekara sosiologis, geneya para pengarang sastra Jawa gagrag anyar ngasilake karya sastra kang ca- krike prasaja lan isine condhong nglelipur manah. Pengarang sastra Jawa gagrag anyar nyadhari yen sing diarani ”sastra universal” (yakuwi sastra sing nujuprana tumrap kabeh manungsa ing alam donya) yektine ora ana. Sastra kang nduweni sipat universal mau mung ana ing angen-angene sing nemokake teori lan para pengikut-e teori mau.

Kosok baline, pengarang sastra Jawa gagrag anyar condhong marang teori kontekstual. Karya sastra lair jalaran kegawa saka daya pangaribawane kaanan tinamtu, swasana tinamtu, lan faktor-faktor historis tinamtu. Mula saka kuwi, karya sastra tinamtu iya mung cocok tumrap kalangan pamaos tinamtu wae.
Para maos kasusastran Jawa dumadi saka masarakat padesan lan masarakat kutha gedhe sing isih nduweni watak lan sipat kayadene masarakat padesan. Tata panguripan prasaja, gegayuhan prasaja, guyup, rukun, lan ora neka-neka.

Watak utawa karakteristik masarakat Jawa kang kaya mangkono mau tundhone banget nem- tokake jinise wacan sing dipilih. Yakuwi wacan sing prasaja, ora adoh saka gegambaraning urip lan panguripan sadina-dina. Wacan sing sipate realis, sing bisa nglelipur manah nanging ngandhut pitutur lan pituduh kang migunani. Becik ketitik-ala ketara, sapa kang salah bakal seleh, sapa sing nandur bakal ngundhuh, lan sapiturute.

Sugeng Wiyadi, dhosen Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Surabaya (FBS Unesa) - Sugeng Wiyadi

Solopos

0 comments: