Thursday, April 15, 2010

Pradhondhi 1

R. Djoko Prakosa

Dak janji
Ing katresnan iki dudu sapa-sapa
Meruhi.............
Mung sawiji..
Aku lan dhewekE
Sewiji-wiji......
Daya katresnan kang pinurba kayun
Sesidheman
Ngranti tutuging punagi
Janji-janjiMu paling suci......
Meruhi
Aku sliraMU sesingitan
Jroning ruhMu ruhku pinangka pradhondhi
Kang langgeng sewiji
Wiji......
Dak janji
Ing katresnan iki dudu sapa-sapa
Meruhi.............
Mung sawiji..

(Aku lan dhewekE....................Sby 1 Juni 09)



Pradhondhi 2


Dak rantam patemon iki
Dadi nyuntak kabeh kacuwan
Natasi punagi kanggo jiwa-jiwa sing lawas kinunjara pradondi lan misteri-misteri
Kembang biruMU
Abang atiKU
DrijiKu-drijiMU wiwit sesingitan ngrantam
Pepasihan
Mulasi langit nganggo abang birune
Ati.........

(Aku sliraMU tatap pandulu nekem
keteg-keteg ing rasaMu rasaKU.. Tbn Juli 09).



Pradhondhi 3

Ni.............
Tatu tatu tatu lan tatu
Dadi watu
Ni...................
Biru biru lan biru
Ngremeti ati
Rempelu.......
Ati tatu Ati biru
dadi satru........

(Sby 090809)


Pradhondhi 4

Ni.....
Dak reridhu
Ni
Aku dadi kecu
Aaaaaaaaaa...................Su!!!!


Sby 100809


Pradhondhi 5

Teleng pandulu abang saga
Maras...........Nitik keketeg jiwa ngundha
Jiwa..................
Gurit-gurit pepasihan lalis dadi kunarpa......
Kidung lungitMu dumeling ngrakit.mantra suci......
Dak remeti driji-driji ing dhadhaku
Ing dhadhamu......nguntapake lungayane pepasihan kang atawang-tawang tangis.......................
Kekasihku.......dak jaluk lilahmu
Aku badan sajuga menthang gendewa purana......

(katon wewayangmu wewayangku mungkur kanthi nekem dhadha............ Sby 31 okto 09

0 comments: