BUBAR KENDUREN
Sing melu baris tibane mung bisa mringis
ora perduli adus kringet nganti lali ngetung dina
sak wise larikan takir neng tampah ngebeki pawuhan
lan sing ngujubake ora isin ngelapi lambe karo taplak meja
jenang sengkala jare kanggo tulak balak sing bakal teka
la nek jenang grendul sapa sing bisa jlentrehake kanthi cetha?
Sing nyebar mawar neng prapatan kerep slenca
gandane menyan sing kobong wis ora katutan donga
mula aja nggrundel nek dhemit lan thethekan sing padha mara
sak wise leluhur sing sumare wis ora ana sing nulat olehe rekasa
babat alas bebondhotan kanggo anak putu sing isih dadi kama
Sing ora melu baris tibane malah nemu linggis
ora perduli karo sing adus kringet lan nyumbang tenaga
ora maelu larikan takir neng tampah durung diringkesi
malah melu rebutan binat karo sing ujub-ujub neng pendhapa
jenang sengkala jare kanggo tulak balak sing bakal teka
la roti bolu karo hamburger gek sapa sing bisa menehi makna?
Kedunggalar, 2006/2008
nggalek.co
8 years ago
0 comments:
Post a Comment