Thursday, July 1, 2010

Aja Congkrah Mundhak Bubrah

dening: Mbah Brintik

Sawise maca andharane para kadang sastrawan kang padha banter-banteran nyuwara kaya wong rebut bener lumantar udyana iki, aku banjur nggagas, ngudarasa.


Lha terus kapan basa-sastra-budaya Jawa bisa maju yen sastrawan kang sejatine nduweni tanggung jawab ma¬rang lestari ngrembakane basa, sastra lan budaya Jawa mau mung padha udreg-udregan genti-genten nyalahake liyan? Sastrawan Jawa kuwi kudune rak ya ora beda kaya badan sakojur, menawa salah siji anggota badan ana kang cacad kabeh melu ngrasakake cacade mau. Lha apa arep dikethok dhel terus dibuwang sebrung menawa sikile cacad utawa dianggep ngribeti. Rak ya malah kedhegligan lakune.

Lha yen kabeh padha benceng-cuweng, apa ora malah mlenceng. Malah salah ener merga padha rebut bener. Basa-sastra-budaya Jawa tetep meger-meger, ora mingar-minger (ora obah) merga sing duwe tanggung jawab padha rebutan pinter.

Tumrap aku babarpisan ora klebu ing pikiran ngenani sing jarene hadiah Rancage kuwi. Malah aku dhewe ya ora ngerti, sejatine pengaji-aji Rancage kuwi kanggo sapa, jasane anggone berjuwang kanggo lestari sarta ngrembakane basa-sastra-budaya kuwi sepira, apa temen-temen asil karyane wis nyata apa ora. Ya embuh kono, dak anggep hadiah kuwi pancen rejekine kang nampa. Yen aku dhewe lho, rejeki kuwi yen wis Gusti Allah paring berkah, harak bakal teka dhewe tanpa nganggo nyodhogi kancane.

Aku iki tansah ngugemi ujare para pinisepuh mangkene:
- Rejeki kuwi yen dalane bener, bisa nikmat rasane, bisa dadi daging tenan.
- Aja pisan-pisan ngrebut pulukane liyan, bakal nyereti yen diulu.
- Aja meri marang kabegjan sarta rejekine liyan.
- Yen kowe arep nyacad utawa nyalahake liyan, takonana awakmu dhewe dhisik, apa kowe ora malah akeh salahe, utawa akeh cacade.
- Aja padha duwe watak drengki, srei, jail, methakil.

Yen aku lagi nekani uleman saka kadang sastrawan kang pinuju nggelar acara ing dhaerahe dhewe-dhewe, sena-jan upamane ana kekurangane aku perlu ngritik, nanging ora ateges aku kudu dadi kritikus. Yen kanggoku, sapa bae kang nggelar acara kang ana gegayut-ane karo basa-sastra-budaya Jawa mau, ateges ora lila yen basa-sastra-budaya Jawa mangkrak. Yen ana kekurangane, klerune tatacara pangetrapane, kuwi harak wis lumrah. Endi ana bab kang sampurna ing ndonya iki?

Apamaneh yen acara kang digelar mau manggon ana dhaerah mencil pinggiran. Iki malah nuduhake menawa sejatine bab budaya isih lumaku. Ya mesthi bae manut adate desa mau dhewe. Nyatane kang tetep nggunakake basa Jawa umume ya wong padesan. Menawa ana wong lagi tunggu pari leyehan ana gubug tengah sawah karo ura-ura, lagune ijo-ijo, kuwi ya wis ateges masyarakat padesan isih ngleluri budaya Jawa. Menawa ana wong lagi jagongan nggunakake basa plesetan, parikan kanggo gayenge pajagongan, apa kuwi ora ateges masyarakat padesan klebu pinggiran mau tetep nguri-uri basa-sastra-budaya Jawa? Apa dupeh yen sing nggelar desa mencil, kang jarene ora nate kambon budaya Jawa, kudu dak ece? Jalaran menawa masyarakat padesan wis temen-temen ora nggunakake basa Jawa, bakal dadi apa mengko nasibe basa Jawa?

Dadi yen miturut aku, kang padha nggelar acara mau wis mbudidaya amrih basa-sastra-budaya tetep urip. Apamaneh yen kang nganakake mau generasi mudha minangka peneruse generasi tuwa kaya aku ngene iki wah, saya salut banget. Ateges generasi mudha wiwit gumreget, mlangkah nerusake perjuwangane generasi tuwa kanggo nuduhake anggone njaga uripe basa-sastra-budaya Jawa. Aku ora perlu dikuya-kuya ning kudune malah menehi pandonga.

Kayadene aku dhewe, sepira anggonku njaga kasetyane mitra-mitra sastrawan Jawa. Sejene pancen gedhene tresnaku marang basa-sastra-budaya Jawa, kang wis nyawiji karo napasku mau, anggonku memitran dak buktekake kaya mangkene :

Tanggal 11 nganti 13 Desember 2009 aku kudu nekani Rakernas Taman Siswa ana Jogya. Ndadak sadurunge budhal menyang Jogya, aku entuk undangan via tilpun saka Mbak Ary Nurdiana supaya aku melu ngestreni acara penerbitane majalah Pujangga Anom ing Ponorogo pas tanggal 13 Desember.

Aku ya rada bingung, ora beda kaya mangan woh simalakama, kudu gelem ngurbanake salah siji. Pancen ya repot banget. Ponorogo kanggoku penting, Rakernas uga ora kalah pentinge merga nemtokake kanggo kongres taun 2011 bakale. Wusana aku bisa gawe keputusan kang nurut pemikiranku wis bener, loro-lorone bisa dak ayahi.

Kanthi palilahe Ketua Pengda Jatim, aku bisa ninggalake Rakernas tanggal 13 Desember. Mangka kuwi dina pungkasan kanggo ngrembug rumusane Rakernas. Jam telu esuk aku budhal menyang Ponorogo ninggalake Jogya. Senajan bab mau meksa entuk “sangsi”, yaiku ora bisa nampa piagam lan sembulihe dhuwit transport. Merga kabeh mau ditampakake ing penutupane Rakernas. Nanging kanggoku bab mau ora kepikir, kang penting aku bisa melu nguwatake barisane sastrawan Jawa kang ana Ponorogo.

Saben ana acara ing ngendi bae kang digelar dening kadangku kang ana Tulungagung, Blitar, Ngawi, Magetan, Bojonegoro, Trenggalek, Ponorogo, aku mbudidaya teka. Dak selakna tenan. Bab kuwi mau ora liya saka gedhene tresnaku marang basa-sastra-budaya Jawa, uga setya marang mitra tunggal gegayuhan lan tunggal kandhang.

Kongres endi bae, arepa KSJ-I, KSJ-II, KBJ-IV aku ya merlokake teka. Kanggoku ora ana bedane kuwi KSJ (Kongres Sastra Jawa) apa KBJ (Kongres Basa Jawa), toh kabeh nduweni tujuwan padha. Dene ana masalah kang banjur dadi polemik, kuwi aku malah ora pati mikir. Apamaneh anggone adu panemu ora beda kaya wong partai politik, saya ga¬we aku gumun, geneya ta kok padha kaya mangkono tur padha golek salahe siji lan sijine, tuding-tudingan. Walah embuh kono wis.

Yen aku dhewe, wiwit biyen tumekane saiki basa-sastra-budaya Jawa tetep dak gendhong dak otong-otong mlebu-metu omah gedhong magrong-magrong, kang manggoni singa barong. Aku ngomong nggawa corong ben ora padha mung be¬ngong. Senajanta lakuku kerep keble¬gong-blegong.

Basa-sastra-budaya Jawa tetep dak indhit dak kempit, dak ajak maca gurit, ba¬rengan karo abure manuk emprit. Se¬na¬janta lakuku kepeksa jinjit-jinjit karo mlipit-mlipit, jalaran dalane gupit.

Basa-sastra-budaya Jawa dak dadek¬ake primadona, dak ajak maca gurit, pa¬nembrama, lomba pidhato basa Jawa, lomba nulis Jawa, lomba nembang Jawa. Dadi basa-sastra-budaya Jawa ora dak tog¬ake ngedhangkrang kaya recane Roro Jonggrang. Dak ajak kekiter ing alam pa¬dhang terus mabur tekan awang-awang senajanta kerep kebuncang-buncang.

Basa-sastra-budaya Jawa uga kerep dak ajak nangis, yen ngelingi jagade saya wengis sajak arep nyikat basa-sastra-budaya nganti kikis. Nanging aku emoh yen kudu terus nangis, kudu bisa golek cara kang patitis amrih pepalang bisa katangkis.

Kang dadi pepenginanku, muga-muga bae ana udan es godoran, kena kanggo ngompres kang padha anget bathuke. Aja nganti kebacut panas mongah-mongah merga bisa bubrah.

Yen mangkono, apa ora klakon basa-sastra-budaya Jawa dijarah rayah dening wong njaban rangkah. Banjur disulap dadi barang mewah. Yen wis ngene, sing ndu¬weni mung pasrah merga mung ribut nggo¬ne padha congkrah?

Nyumanggakake. ***

(Panjebar Semangat No.27/ 3 Juli 2010)

0 comments: