Wednesday, June 9, 2010

Muga-muga Dadi Kanyatan Kritik Sastra Jawa Ora mung Rasan-Rasan

Y. Rini T. Puspo

Tulisane Sunarko Budiman (SB) Markus Basa Jawa, Sumono Gugat (Panjebar Semangat No 18, tahun 2010) apadene tulisane Jarot Setyono (JS), Markus Sastra Jawa Kuwi Dudu Kritikus? (Panjebar Semangat No 21 Tahun 2010) padha dene nandhesake anane makelar kasus ing donyaning basa lan sastra Jawa.


Senajan mung dhapur nerusake pandakwane Sumono, kaya-kaya SB pancen ndumuk manawa prekara ing donyane basa lan sastra Jawa kang perlu enggal dirampungi wektu iki ya anane makelar kasus iku. SB wis aweh sasmita kanthi ngandhakake ciri-cirine pawongan kang didakwa makelar kasus iku, dene JS uga ngandhakake yen makelar kasuse basa lan sastra jawa iku dudu kritikus. Tulisane JS kang muncul sawise Bonari Nabonenar (BN) kanthi jaja bang mawinga-winga (PS no 20. th 2010) nantang supaya diblakakake sapa sejatine makelar kasus kuwi sinambi ndumuk awake dhewe lelandhesan ukarane SB manawa makelar kasus kuwi wis ...ada-ada gawe kajatan sing ’ berbau sastra Jawa’ mapan ing panggonan sing ora tau kambon sastra Jawa,’’ uga ora nawakake katrangan anyar kang nuduhake sapa si makelar kasus kasebut.

Mula nganti sambung-sinambung kaping telu, udreg prekara makelar kasus ing Basa lan Sastra Jawa iki durung paja-paja katon kapan olehe bakal kewiyak lan diruwat amrih ora dadi reridhu. Tegese, kabeh isih padha ngayawara. BN dhewe sajake ya kejeron panampa, awit nyatane SB babarpisan ora nyebut jenenge.

Senajan mangkono, tumrap guru basa Jawa kaya aku iki, udreg mangkene iki isih bisa dipethik pigunane. Ora mung warga sastra Jawa, para murid uga bisa sinau kepriye carane wong adu panemu ing kalawarti. Pamrihe, supaya bocah bisa duwe watak satriya kanthi wani takon utawa ndhebat yen ana beda panemu, ora mung rasan utawa grenengan ing mburi, awit wektu iki budaya mangkono iku durung pati dikulinakake, kejaba dhebate politisi ing siaran televisi. Wektu iki, aja maneh kok murid, para mahasiswa wae isih akeh sing arep takon dosene ing ruwang kuliyah wae wis wedi, apamaneh ndhebat.

Ngenteni Sumono

JS ngandhakake manawa tumrap dheweke kang penting kuwi sastrane, dudu rembuge ngenani sastra. Utawa, kanthi tembung liya, JS klebu golongane anggota masyarakat sastra (bisa sastrawan, wong seneng maca sastra, utawa karo-karone) kang sinis marang anane kritikus lan asil karyane yakuwi tulisan-tulisan kritik lan mesthine klebu resensi buku. Yen bab iku dudu urusanku, awit iku soal selera. Mung, yen tenan mangkono, kok dheweke ya melu-melu njegur ing ulegane rembug kang manut pambijine ora penting(?)

Eloke maneh, JS duwe dudutan mangkene: ’’Lha nek aku ya mung pengin weruh karya sastra Jawa sing bisa oleh best seller.... kuwi baru hebat lan entuk hadiah........ saka penerbit, marga wis ngewangi penerbit malih dadi wong sugih..... wis ngewangi nyuburake budaya maca ing kalangane generasi mudha.’’

Sangertiku, novel-novel kang nggrengsengake jagade sastra Jawa dhek taun 70-an (senajan aku ora nyipati dhewe) kang manut ukuran jamane dianggep porno kuwi mesthi ing bab best-seller ngalahake novel-novele Suparto Brata. Nanging, sejarah mung nyathet olehe ngramekake donyane sastra Jawa nalika semana lan ora nganggep hebat. Kidung Wengi ing Gunung Gamping (St. Iesmaniasita), Tunggak-Tunggak Jati (Esmiet), Donyane Wong Culika (Suparto Brata), Pagelaran (JFX Hoery), Senthir (Suwardi Endraswara), Bledheg Segara Kidul (Turiyo Ragilputra), Layang Panantang (Sumono Sandy Asmoro), kuwi karya sastra kang dianggep hebat, monumental, nanging yen manut JS mesthi isih kalah hebat dibandhingake novel-novel stensilan kasebut. Apa ya ngono?

Muga-muga wae JS dudu guru basa lan sastra Jawa, awit dakkira rada mesakake yen pamikir kang kaya mangkono iku ditularake marang murid-muride.

Kang paling mbejaji ing tulisane JS dakkira malah tembunge, ’’Anane markus sastra Jawa kuwi malah saya nggawe sengsarane sastra Jawa. Lha njur sapa markuse?! Ayo padha digoleki banjur diadili kareben gak dadi markus sastra Jawa maneh.’’

Aku sarujuk banget karo ukarane JS kuwi. Mula, paraga kang sepisanan disebut-sebut dening SB manawa arep gugat, Sumono, becike uga cepet ambyur ing palagan kareben prekarane sansaya cetha. Apamaneh BN sing rumangsa tertuduh uga wis nantang supaya digelar debat terbuka (apa karepe: adu arep?). Yen mengko prekara Markus Sastra Jawa iki tlonjonge mung kaya Century Gate, dakkira dudutane mung siji, kritik kang bisa subur ing donyaning Sastra Jawa jebule ya mung dhapur: rasan-rasan. []

Sumber: Panjebar Semangat: Nomer: 22 Taun 2010

0 comments: