Friday, August 26, 2011

Uleman

Lumantar serat menika keparenga kula atur pawarta mbokbilih KONGGRES SASTRA JAWA (KSJ) III badhe kagelar ing Bojonegoro (28 – 30 Oktober 2011), dipunembani dening Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB) dalasan Dinas Budaya & Pariwisata Kabupaten Bojonegoro. Jadwal acaranipun saget panjenengan priksani ing walikipun serat menika. Nomor : 100/PAN/KSJ/06/2011
Sipat : Penting
Bab : UNDANGAN


K e p a d a
Ibu/Bapa/Kang-/Dhi-mas/Mbakyu/Nimas
………………………………………


Salam taklim,
Lumantar serat menika keparenga kula atur pawarta mbokbilih KONGGRES SASTRA JAWA (KSJ) III badhe kagelar ing Bojonegoro (28 – 30 Oktober 2011), dipunembani dening Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB) dalasan Dinas Budaya & Pariwisata Kabupaten Bojonegoro. Jadwal acaranipun saget panjenengan priksani ing walikipun serat menika.

Panitia KSJ III nyuwun rawuh panjenengan saprelu ngombyongi lan nggiring lumampahing Konggres wiwit purwa dumugi purna. Namung, mugi panjenengan dhanganing panggalih, awit cupetipun bunci prabeya kangge acara menika, para rawuh dipunsuwun urun prabeya Rp 100.000 (setunggalatus ewu rupiyah)/priyantun –sampun kalebet kangge mbabar buku Crita Cekak lan buku Guritan KSJ III. Urunan prabeya saget kakintun lumantar Rekening Bank JATIM Cabang Bojonegoro No Rek.0082651039 atas nama Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro.

Panitia nyuwun supados panjenengan enggal kintun katrangan lumantar layang setrum (email) sastrajawa@yahoo.com LAN sastrajawa2011@gmail.com UTAWI lumantar nomer tilpun +62818374138 (Bonari). Yen ngantos 20 September 2011 dereng wonten katrangan saget rawuh utawi boten, Panitia badhe ngaturaken jatah kursi panjenangan dhumateng priyantun sanesipun.

Sarat salajengipun, enggala panjenengan kintun guritan cacah 5 (saget ingkang sampun kapacak ing ariwarti/kalawarti utawi ingkang enggal/dereng kapacak) UTAWI setunggal CRITA CEKAK lumantar layang setrum ingkang sampun kasebat wau, satelat-telatipun ugi tanggal 20 September 2011.

Makaten, maturnuwun.


Taklim kula,
KETUA PANITIA KSJ III



Bonari Nabonenar

0 comments: