@Mas Yusdianto
Tan prayoga angrasa nistha ing rasa,
Sayekti durung titi werdining dumadi,
Dinalar tan kababar dirasa tan bakal teka,
Kalah werdi katutup wadi tan kawerdenan,
Wus makaping sun jarwa lan ngukara
Karana dimen tan sisip ing sesurup,
Sulaya ing karya nistha ing rumangsa,
Rumangsa urip angisep liyan,
Lilihna ing galih nupiksa-a kahanan njaba,
Babaring sekar lan tawon kang lagi sapatemon,
Temen tumanduk remen tawon ing rasa,
Rena lan lila puspita aparing tedha,
Daya dinaya jroning karya,
Karana sekar wus ngerti werdining wadi,
Wahanane tawon hanggawa tuwuhing awoh,
Awoh hamijilaken wiji nuwuhaken tuwuh,
Tuwuh tan tiwas tumangkar mbabar,
Mbabar tuwuh leladi anguripi jalmi,
Jalmi ngerti asihing Widhi temen ing pangabekti,
Titisa ing panyawang akeh piwulang kang kasandhang,
Ndangir pikir tan mesthi saka kitab kang ka-ukir,
Ngluku rasa tan kudu nunggu wedharing rasa,
Alam padhang nggawang kebak pralambang,
Yekti agung karyane widhi yen kaeksi,
Sifat sato lan tuwuh bisa jumbuh ing wajib,
Wadhag tan padha aran tan samya,
Sami sayuk jumangkah ing jejibah,
Sekar tan jengkar anggawa ganda angambar,
Gegambaraning jalmi kang weruh werdi dumadi.
Sapi Nggiring BengaOneS Ala, Pare anom
22 Januari 2012
--kapethik saking Grup FB "Sastra Jawa Gagrag Anyar"
0 comments:
Post a Comment