Wednesday, January 18, 2012

KATRESNANE SIMBOK

Dening: Rochadi Sastra Adiguna

Jaman biyèn ana sawenèhing nagara sing gawé pranatan yèn ing Negara iku ana wong sing umure wis 60 taun kudu dibuang ana Alas JOMPO, yaiku panggonan ana tengah alas. Ing tengah alas mau ana sawenèhing kampung sing isiné mung wong-wong sing umure wis ngancik 60 taun utawa luwih. Jalaran Negara duwèni panganggep yèn wong sing wis umur 60 taun iku wis ora kanggo gawé
Ana tengah alas mau mung digawèkaké omah panggung saèmper barak, wong pirang-pirang kumpul dadi siji, pangan dicepaki nanging kudu masak dhéwé. Sarèhning ana kono ora ana wong enom utawa tukang masak, ya mung sing gelem lan trampil masak sing bisa nyambung umur. Sing wegah ya kaliren wusanané ora suwé banjur lara, tumekèng pati.

Nuju sawijining dina ana wong lanang nonoman sing nggéndhong wong wadon jompo, mlaku tumuju ana alas Jompo. Wong wadon tuwa mau mung meneng waé digéndhong anaké lanang mripaté merem. Wong wadon mau rambuté wis putih kabèh, awaké kuru. Si Anak lanang mau, jroning ati ya ora teggel mbuwang wong tuwané dhéwé, nanging pranantaning nagara sing kudu nindakaké kaya mangkono mau.

Saka désa tumuju marang Alasa Jompo sawetara dohé wit-witan katon ngrembuyung, saben mlaku wong wadon tuwa mau sinambi methi carang utawa pang sing hgaring banjur dipotheli, yèn wis entek, anaké dikon golekake manèh.

Kang kaya mangkono mau kongsi mlebu alas gung nasak wit-witan ora ana dalané. Anggoné nggéndhong wong wadon tuwa kongsi wis tumeka laladan kampung Jompo, sanajan mangkonoa wong wadon mau ora kendhat anggoné mothèli carang utawa pang garing sing digawa sinambi mlaku.

Bareng wis tekan sawenehing omah panggung dawa tur amba, ing kono akèh wong tuwa lanang wadon campur ana omah mau, sinambi nyawang sing lagi teka, sanajan panyawangé katon aclum, kaya wis ora maèlu sapa sing teka.

ibuné dilungguhaké ana lincah, karo calathu;” mbok iki wis tekan omah sing anyar, simbok daktinggal ana kéné kaé tangga-tanggané simbok sing anyar…” bocah lanang mau anggoné calathu karo mbrebes mili.

Wong wadon tuwa mau banjur sumambung;” ya ya nggèr, ora dadi ngapa, simbok iku jan tresna karang kowé nggèr, mbiyèn nalika kowé isih cilik dakenik-enik, nangis daksusoni, lara daktambakaké, kang samono mau katresnané biyung ora gigrig sarambut..nggèr. ya poma dipoma sing guyub karo sedulur apadéné tangga teparo. Simbok nrima kabèh mau, ananging kabèh mau pancèn pranatané kaya mangkono , ya dilakoni waé. Mung piwelingké marang kowé, ya mengko yèn mulih sing ati-ati, kowé mesthi lali dalané. Nanging ora prelu kuwatir, jalaran simbok mau rak wis mothèli carang utawa pang garing, kowé ngetutaké carang sing takpothèli mau, kongsi tekan ngomah…ya wis kana muliha”

bareng krungu tembungé biyungé, boicah lanang mau ndhèprok sumungkem ana sikilé biyungé karo nangis ngguguk , njaluk ngapura..” biyung sing gedhé pangapuramu, aku…aku…” mbokné sumambung ;” wis nggèr énggal muliha kana, simbok dakana kéné baé”.

Bocah lanang mau menyat, banjur emboké digéndhong manèh, ninggalaké Alas Jompo, mulih menyang désané manèh…*

sapi nggiring kali serayu, 09122012
taklim kula,
--kapethik saka grup: Sastra Jawa Gagrag Anyar

0 comments: