Wednesday, January 18, 2012

NYINGKLAK TURANGGANING PANEJA

@Mahsun Ismail

dhuh, Gusti ingkang murba ing dumadi
sinartan kumeluning dupa
linambaran kumukusing japa mantra
dumeling sesambating para papa
ingsun nyingklak jaran sembrani
tumuju dumlusuping sang bagaskara
Gusti…
dalu punika kawula nagih janji
hangerek kumlebating gula klapa
mugia saget sumndhul ngawiyat
mbrastha sesukering pedhut lelimengan
pepetenging nafsu
pepetenging budi
pepetenging panggraita
buntuning panguneg-uneg
judheging pangrekadaya

Gusti…
kirang menapa njomplanging kahanan
kirang menapa mosah-masihing paugeran
kumandhanging pasar sampun tebih ambyar
kadheseg dumeling kenalpot solar
sampun kathah lepen ingkang sami suwung
katilar jumengglunging kedhung
wondene saya kathah titah jumawa hanggro sesumbar
mbata rubuh sesongaran
lali sangkan paran

Gusti…
sinten ingkang mbikak korining kamardian?
sinten ingkang kedah ngudhal gedhonging katentreman?
sinten ingkang kedah nurunaken warihing paguyuban?
… sampun telas, Gusti…
samirana ingkang asring kula cepeng
sakmenika sampun ninggali esem kecut
telenging ratri ingkang asring ngajak bebisik sesidheman
sakmenika kantun atis ingkang nglangut
panjeriting rahina ingkang wola-wali dados pancadaning dhuhkita
sakmenika njegreg kados tugu sinukarta
namung Panjenengan, Gusti
ingang kuwagang nuntun congklanging turangga
kumlebating cemethi pusaka
runtuting gamelaning titi basa

Gusti…
turangganing paneja ingkang dalu menika kagelak
mugia runtut kaliyan jantraning kodrat ingkang panjenengan sabda
tinebihna sesuker
sinilakna wewaler
kagubengna bebener
samat-sinamadan sesamining agesang
trapsila anoraga memayu hayuning bawana
sura dira jayaningrat
lebur dening pangastuti

Trenggalek, 25 Agustus 2001

0 comments: