@Nanik Anday
Dhuh Biyung,
Urip iki kudu tansah lumampah
Niti lurung menggok apa dene ngeblak
mudhun apa dene nanjak
Luru ngelmu ing pawiyatan luhur
kanggo nggayuh beja lan makmur
ing bumi pertiwi bumi nuswantara kang misuwur.
Dhuh biyung,
Sungkem bektiku kunjuk, saben esuk ambyuk ing pangkonmu
Asta ngusap asih rekma njur cengkelak ngindhit buku ing geger liurku
Jumangkah saka omah ngucap bismillah
nyeluk pra kanca reruntungan, ati bungah budhal sekolah.
Dhuh Biyung,
Grimis udan tan gawe pepalang
Nadyan pawiyatan adoh ing paran
nadyan kudu nyabrang bengawan
powotan nggantung atusan meter dawane,
Nasib mung kari nyawiji ing temali
Rantasing kekarepan kadya methele temali ing gegeman tangan
Nasib kagawa ilineng banyu banjir
dene nyawa amung anggigit setiti lan ngati-ati
Sakebet ngilmu bebotoh sakebet nyawa
lumampah ngetung bendhule dhetikan mangsa
Biyung,
Powotan iki muga dadi saksi lan janji
Urip kudu lumampah kebak niat lan tekad
Undhak-undhakan panggayuh siji mbaka siji kudu kasil dak liwati
Amung bengkung dongamu kang tansah nggegulung rahayu nyawiji ing jiwa sejati
Iki impenku,
Yen mbesuk aku isa bali ing pangkonmu, Biyung
kamulyan kang satuhu bakal dak aturake
dudu powotan temali kang bakal nuntun tindakmu mapag tekaku, Biyung
nanging powotan beton kebak wohing budi pakarti
kang bakal nentremake sakabeh anak turunmu ing pinggir bengawan iki
tan lali aku marang oyoding budayamu.
(Bocah kanthi sragam biru putih iku,
nyabrang nggremet alon-alon ing powotan tali
budhal sekolah karo kanca-kancane, sanadyan
ing ngisore, banyu bengawan banjir mongkal-mongkal.
Powotan kang kebak bebaya, toh nyawa)
Magetan, 22 Januari 2012
0 comments:
Post a Comment