Dening: Sumono Sandy Asmoro
SASTRA Jawa nganti kalungguhan iki isih waras, seger meger-meger ora kurang sawiji apa. Saben wektu tuwuh napas-napas anyar kanggo nyulami oyod-oyod garing kang wis rengka kapangan jaman. Mula saka kuwi sastra Jawa ora perlu digolekake tamba, apa maneh nganti dilayat. Sing perlu digolekake tamba lan dilayat kuwi pengarang Jawa sing wis mati. Sebab kalungguhan iki akeh banget pengarang Jawa sing wis “mati”, senajan wonge isih urip.
Miturut panemuku sawijining uwong disebut pengarang utawa sastrawan iku awit dheweke ngasilake karya. Yen sawijining pengarang wis ora ngasilake karya, ateges dheweke wis mati kreatifitase. Mula perlu digolekake tamba, supaya kreatifitase urip maneh. Ana werna-werna alasan kena apa sawijining pengarang sastra Jawa nganti mandheg kreatifitase. Ana sing rumangsa ora bisa ngedum wektu karo gaweyan liyane. Ana sing nganggep nulis sastra Jawa ora mikolehi, mula ya ditinggal. Ana uga sing pancen wis luntur kasetyane marang sastra Jawa.
Ing Panggul, Trenggalek aku duwe kanca asma ST Sri Purnanto. Taun 90-an dheweke kalebu pengarang Jawa sing peng-pengan. Nganti Pak Suripan Sadi Hutomo (swargi) kepengin dolan menyang omahe. Nanging suwening-suwe tulisane ST Sri Purnanto mau saya arang katon, nganti wekasane ilang plas. Manut panemune ST Sri Purnanto, nulis karya sastra kuwi (sastra umum) nganti kalungguhan iki kurang antuk pangaji-aji. Kamangka dadi pengarang kuwi ora gampang. Ora mung waton bisa nulis crita. Mula kudune ya antuk sembulih sing murwat. Upama nulis cerkak utawa cerpen siji antuk sembulih limang yuta ngono ora kelarangen. Dadi gawe tulisan siji kena kanggo urip sewulan. Yen iku bisa kelakon, donyane sastra bakal moncer lan ora diremehake. Bakal akeh wong sing seneng nyinau kasusastran. Yen takon marang bocah cilik cita-citane pengin dadi apa? Jawabane ora mung kepengin dadi dokter utawa pilot bae, nanging uga ana sing njawab pengin dadi sastrawan. Nanging yen ana pengarang dikon tuku karyane dhewe, iku padha bae karo ngrusak citrane sastra Jawa. Gawe tulisan bae kudu mbayar, lucu banget.
Weruh donyane kepenulisan sing ngono kuwi mau saiki ST Sri Purnanto gelem nulis mung yen pinuju ana lomba bae. Pusbuk upamane. Gawe karya siji yen menang bisa antuk sembulih limalas nganti rongpuluh yuta. Ditukokake beras kena dipangan setaun. Yen dirasakake panemune ST Sri Purnanto mau ana benere. Aku setuju banget marang panemu iku, senajan perkara penghargaan utawa honor ora kudu semono gedhene. Sitheng sak sen ora apa-apa, gumantung kekuwatane media sing macak karya kasebut. Sing penting wis ana usaha kanggo menehi penghargaan marang sawijining karya. Yen ana media sing durung kuwawa menehi sembulih sing arupa dhuwit, cukup diwenehi majalahe minangka nomer bukti, iku uga wis lumayan. Sing penting ora njaluk dhuwit marang penulis sing wis nyumbang tulisan.
Perkara penghargaan iki penting banget. Aja nyalahake pemerintah yagene ora gelem menehi penghargaan marang sastra Jawa, aja ngundamana pengusaha sukses sing ora gelem aweh kawigaten marang sastra Jawa, yen pengarane dhewe ora ngregani profesine. Saya akeh panemu ngenani sastra Jawa, dak kira bakal saya apik perkembangane. Nanging yen jroning sastra Jawa mung ana panemu sawiji sing kudu digugu, panemune Cak Bonari Nabonenar thok umpamane, dakkira umure sastra Jawa uga mung saumure Cak Bonari. Nanging yen saya akeh panemu, dak kira donyane kasusastran uga isih bakal saya tambah dawa umure.
Nyambutgawe, kerjabakti, lan nyumbang.
Jroning urip, saben uwong mesthi tau nindakake telung perkara iki: nyambutgawe, kerja bakti, lan nyumbang. Kabeh mau bisa ditindakake kanthi becik waton diniyati kanthi ati kang eklas. Sing baku ana keselarasan antarane niyat lan tumindak. Yen Cak Bonari crita ana pengarang sing cucul wragad nganti puluhan yuta nanging ora ngresula, (Panjebar Semangat nomer 5, 4 Februari 2012) aku ora gumun. Mesthi bae ora ngresula wong pancen niyate nyumbang. Aku yakin yen anggone cucul wragad puluhan yuta mau diniyati nyambutgawe lan ora ana asile, penjenengane mesthi bakal ngresula.
Aku uga nate diundang maca geguritan tanpa diwenehi sembulih. Wektu iku aku uga eklas awit pancen nalika budhal saka ngomah niyate kerja bakti. Sadurunge, panitiya uga wis ngandhani yen acara iku pancen mung kanggo kerja bakti, lan aku yakin panitiya ora bakal ngedol acara kuwi kanggo kapentingane dhewe. Aku ya tau dijaluki karya kanggo gawe antologi. Wektu iku uga dakwenehi kanthi eklas, wong pancen niyate nyumbang. Sadurunge nampani karyaku, panitiya kuwi wis ngajak rembugan mateng, wose ora bakal nyalah gunakake antologi kuwi. Wong urip ing satengahing bebrayan, mesthi bae kabeh wektuku ora mung di gunakake kanggo nyambut gawe. Ana kalane uga ngguyupi kanca melu “kerja bakti” utawa melu nyumbang ora ketang nyumbang karya. Sing wigati nalika ngajak kerja bakti utawa njaluk sumbangan karya kuwi ngajak rembugan luwih dhisik, supaya ngreti arah lan tujuwane.
Iki sing ora ditindakake dening panitia Kongres Sastra Jawa (KSJ). Tanpa gludhug tanpa mendhung weruh-weruh njaluk sumbangan naskah, isih ditambah njaluk sumbangan dhuwit. Kamangka jarene wis bisa ngrangkul maneka warna perusahaan minangka sponsor. Kok isih njaluk dana menyang wong sing wis nyumbang naskah? Sing luwih hebat maneh, buku isi sumbangan saka para penulis lan dana kanggo nerbitake uga saka penulis kuwi bareng wis dadi buku, dening panitia KSJ banjur didol menyang Kongres Basa Jawa (KBJ) tanpa menehi ngreti wong sing wis padha nyumbang. Ya tumindak ngono kuwi sing dak anggep njlomprongake sastra Jawa. Ngono ya ngono nanging aja ngono. Sastra Jawa kuwi duweke wong akeh, ora mung duweke panitia KSJ thok. Abang ijone sastra Jawa uga gumantung marang wong akeh, ora mung panitia KSJ.
Yen perkara urunan nerbitake buku kuwi dening Cak Bonari diibaratake wong nandur aku ora mathuk. Sebab sing aran wong nandur kuwi mesthi duwe rancangan, ngreti rembug, ngreti tujuwan, lan sing mesthi bakal melu panen. Aku yakin saperangan gedhe penulis buku Pasewakan ora dhong karo karepe Cak Bonari, apa maneh nganti diajak panen senajan bukune wis dituku dening panitiya KBJ.
Senajan jarene Cak Bonari KSJ III kuwi sing paling sukses perkara anggone golek dana tinimbang KSJ sadurunge, nanging miturut panemuku KSJ III kuwi mujudake KSJ sing paling kelangan greget yen dibandhingake karo KSJ-KSJ sadurunge. KSJ I taun 2001 ing Sala dakanggep paling greget. Wektu iku pengarang Jawa katon manunggal lair batine. Kumpul dadi siji, kanthi tujuwan kang padha. Nanging greget mau wis ora dak rasakake ana KSJ III.
Sengkuni oh Sengkuni
Ing perangan liya Cak Bonari nyenggol kena apa aku kok teka ing KBJ V ing Surabaya lan semrinthil nekani acara Gebyar 28 lan bedhah buku “Layang Panantang” sing diadani dening Balai Bahasa Surabaya. Kamangka miturut panemune Cak Bonari, upama KBJ kuwi banyu aku emoh nyidhuk, upama godhong emoh nyuwek (upama prawan ayu gelem ngepek pacar ta? Hahaha…) Sajake Cak Bonari kurang tliti anggone maca tulisanku. Anggonku menehi kritik lan koreksi marang KBS-KSJ sasuwene iki ora ateges aku gething marang lelorone. Nanging malah tiba kosok balen, supaya KBJ-KSJ bisa lumaku manut dalane lan ora nyimpang. Kanthi mangkono asile kena dirasake dening para pandhemen basa lan sastra Jawa.
Mbah Brintik | Sunarko Budiman | Sumono Sandy Asmoro | Bonari Nabonenar
Aku ngritik Cak Bonari ora amarga aku gething marang dheweke. Babar pisan ora. Cak Bonari panggah dak anggep kanca. Aku isih kelingan taun 2010 kepungkur ana Jogja turu dadi sakamar, awit padha-padha nampa bebana Rancage. Aku saka karya, Cak Bonari saka jasa. Kabeh kritiku iki kanthi tujuwan supaya kegiyatan sing bakal teka bisa luwih apik, kekurangan-kekurangan sing ana bisa di tambal.
Senajan kaya ngapa bae unine kritikku menyang KBJ, yen ana KBJ maneh aku bakal mbudidaya teka. Yen nganti ora teka apa bisa aku menehi kritik lan koreksi marang KBJ? Iku sing perlu digatekake. Semono uga nalika Balai Bahasa Surabaya nggelar acara Gebyar 28 lan bedhah buku “Layang Panantang”. Mesthi bae aku kudu teka, awit sing dibedhah kuwi bukuku. Ana ngendi rasa tanggung jawabku minangka pengarang yen bukuku dibedhah terus aku ora gelem teka? Perkara dening Balai Bahasa Surabaya acara kuwi dianggo mapag tumapake KBJ V, iku urusane Balai Bahasa , dudu urusanku.
KBJ lan KSJ pancen dibutuhake dening basa lan sastra Jawa. Mula saka kuwi lumakune KBJ-KSJ perlu dikawal, supaya ora akeh dumadi penyimpangan. Awit KBJ wis nggawa kurban. Kadang sastrawan Keliek SW mundur saka jagading sastra Jawa awit rumangsa gela marang KBJ sing wis di anggep bosok, dikebaki oknum-oknum sing tujuwane mung golek proyek. Sawise dak gatekake jebul sing bosok kuwi ora mung KBJ, KSJ uga ana tandha-tandha wiwit bosok. Katitik nalika nindakake ayahane, panitiya KSJ III wis mban cindhe mban siladan. Manut katerangane Mbak Brintik (PS No. 47 taun 2011) yen ana peserta teka terus ngaku kronine Bonari ora perlu mbayar. Peserta sing dudu kroni mbayar. Apa tumindak mban cindhe mban siladan ngono kuwi dudu tumindake Sengkuni?
Panitia KSJ bisa bae selak, nanging aku duwe bukti liya. Ketua Sanggar Triwida Mas Sunarko “Sudrun” Budiman nate dibisiki dening sawijining panitia KSJ, “Drun, awakmu karo Pak Tiwiek ora perlu mbayar, liyane mbayar.” Wektu iku Pak Tiwiek ora rawuh, sedheng Mas Sunarko panggah mbayar, sethik edhing karo peserta liyane. Panitia sing kudune bisa ngrangkul kabeh kanca pengarang, lha kok iki malah nyuthati kanca. Mban cindhe mban siladan. Arep dadi apa sastra Jawa yen para paragane padha marisi tumindake Kurawa ngono kuwi?
Cak Bonari uga sajak kabotan yen KSJ, OPSJ (Organisasi Pengarang Sastra Jawa) lan PSJB (Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro) kuwi dak bandhingake karo Balai Bahasa Surabaya. Yen wegah dibandhingake karo balai Bahasa, saiki dak bandhingake karo Triwida bae sing padha-padha duweke wong ngisor. Adoh sadurunge KBJ V lan KSJ III diadani, Sanggar Triwida duwe gawe nganakake acara temu sastrawan, redhaktur lan sutresna basa lan sastra Jawa ing kutha Tulungagung. Ngundang kanca pengarang sing sasuwene iki raket pasrawungane karo wong-wong Triwida.
Panitiya sadhar kanca sing diundang kuwi rata-rata daleme adoh. Rawuh menyang Tulungagung mesthi bae wis sayah lan wis kelangan wragad kanggo transport. Mula panitiya direwangi jungkir walik paribasane supaya bisa nyepaki papan kanggo ngaso ora ketang hotel prasaja, dhahar sak anane senajan ora mewah kaya neng rumah makan, nanging uga ora mung jangan gori lawuh krupuk nyel. Nalika kundur uga diparingi sertifikat lan majalah, kabeh mau gratis tanpa dijaluki sumbangan utawa prabeya. Panitiya nyambutgawe kanthi eklas lan ora duwe niyat migunakake kegiyatan kuwi kanggo golek bathi utawa kanggo kapentingan pribadi.
KSJ sing panitiyane luwih gambeng, luwih peng-pengan, luwih dawa jangkahe, luwih cedhak karo para dewa ing kayangan, kudune bisa tumindak sing ngluwihi karo apa sing wis ditindakake dening Triwida. Nanging nyatane piye? Mangga sami dipun penggalih, digelar digulung, aja mung kemrungsung migunakake aji mumpung.
Gawang-gawang aku uga isih kelingan nalika Cak Bonari nggelar acara festival sastra Jawa ing Desa Cakul, Trenggalek. Wektu iku Mas Sucipto Hadi Purnomo saka Universitas Negeri Semarang, nalika budhal menyang Cakul, ana tengah dalan ngebel aku. Sepisan takon sing cedhak tur penak yen arep menyang Cakul kuwi liwat ngendi? Kaping pindho Mas Cipto takon gamelane sing arep dianggo pentas mahasiswa apa wis siyap? Dakjawab: “Gamelan apa, aku ora ngreti urusan gamelan”.
Mas Cipto sajak ora percaya: “Kok ora ngreti piye, awakmu rak seksi kesenian ta. Neng proposale mas Bonari sing ditulis seksi keseniane kuwi awakmu lho?” Tekan kono aku mlenggong. Ora nate diajak rembugan apa-apa ngreti-ngreti kok ditulis jenenge minangka seksi kesenian? Yen pancen butuh kanca kanggo tandang gawe geneya Cak Bonari ora gelem ngajak rembugan sadurunge? Apa kuwatir wewadi ing njero bothekane konangan banjur nyuda jatah? Sepisan maneh ngono ya ngono nanging aja ngono. Apa tumindak sing seneng nyathut jenenge kanca ngono kuwi ora kagolong licik kaya tumindake Sengkuni? Jan-jane sapa ta sing pantes diarani Sengkuni?
Yen isih padha ngaku seneng marang sastra Jawa, ayo sastra Jawa padha dipapanake kanthi apa mesthine. Murih ing dina tembe tetep lestari lan nduweni pangaji. Aja nganti sastra Jawa mung dadi topeng, digunakake mung kanggo kepentingan sesaat kanthi tujuwan sing ora cetha. *)
Ponorogo, Gagat Rahina
Wis kapacak ing Panjebar Semangat No. 8, 25 Pebruari 2012,
0 comments:
Post a Comment