Thursday, February 9, 2012

WENGIMU - WENGIKU

@Biyung Amie Williams

Wengimu wengiku kalimput pedhut
Ngranggeh esem rembulan kirana
Kang ngawe-awe nyasmitengtyas
Gya padha malbeng palereman Mangkana dayaning sirep aguna
Tumama ngena tumus ing rasa
Kekes rumesep telenging nala
Katon kukuh nanging tankuwawa





Ratrimu ratriku mbirat rasa risi
Silih mbabar crita kebak werdi
Nadyan muhung ana gurit niki
Isih bisa nguswa endahing sepi

Bawen, ratrisepi 06022012

0 comments: