Awan mau swasanane timbreng. Nadyan ora katon ana srengenge, nanging sumuke ora karuwan. Aku wong loro, karo adhikku nunggang angkot menyang Ungaran, saperlu kepengin ngreti pasar Ungaran kang anyar. Sawuse blanja ubarampe kagunan pawon, aku wong loro mlaku memburi, tumuju papan angkot2 padha ngetem. Aku wong loro enggal padha munggah golek lungguhan, entuk barisan kursi nomer 3 saka ngarep.
Lha, ing kursi ngarepku dilungguhi priyayi loro lanang lan wadon. Bareng wis rinasa kebak, sopir nyetater lan mangkat ngarah menyang Ambarawa. Bareng tekan antarane Babadan - Bawen, nedhenge buruh2 pabrik padha mulih. Sopir ngendhegake mobile, si kernete mudhun golek tambahan penumpang. Dumadakan ana priyayi loro kakung-putri katon yen wis uzur, sing kakung kira2 umure 85 taunan nganggo teken, lan sing simbah putri umure kira2 75 taunan, munggah kanthi rekasa banget, ewasemono kernete ya mung meneng wae, nganti mapan lungguh ing dhingklik tambahan mburi sopir ( ngungkurake sopir ) wae sarwi ndredheg.
Dhuuh..... aku nyawang rasane ora mentala, mesakke. Penumpang wis kebak kaya mengkono, ewasemono isih ditambahi bocah2 pabrik sing lagi wae padha metu, kernete aba yen kursi sing mung cukup kanggo wong loro kuwi kudu diiseni telu. Bapak2 sing lungguh ana kursi barisan ngarepku, kandha yen ora cukup, merga bola-bali dikongkon mingset dening kernete. Terus merga ora gelem mingset (wong pancen priyayine ki ya rada lemu kaya aku, hehe... ), kernete mbengok, " Yen ra gelem geser, medhun wae ! kanthi santak kae
"O, lha, kurangajar kowe ya, mau aku kokgered-gered munggah nyang angkotmu, saiki mbokkon mudhun ing tengah dalan kene ya, dhasar bocah gemblung!" wangsulanne si Bapak mau ora kalah sengit.
Hwadheeeew .......swasana panas dadi sangsaya tambah panaaas, sumuk wistawis. Nanging wusanane si Bapak tetep ora gelem mudhun.
Ing batin aku ngudarasa, whoalaah......jaman saiki iki kanoman2, contone kaya kernet angkot kuwi mau, kok olehe padha ora duwe nurani lan rasa welas asih marang sapadha-padha ta ya ya, apamaneh kok subasita, unggah-ungguh, kurmat mring wong tuwa. Walaah... dakwaspadakake, ing jagading per-"angkot"-an kayangono kuwi, rata2 kernete padha ora duwe nurani, sing penting nampa dhuwit akeh, ora mikirake keslametane penumpang. Mrihatinake.
Bawen, 301112
Biyung Amie Williams
0 comments:
Post a Comment