Thursday, December 20, 2012

NUHONANA LAKU UTAMA

Guritane: Biyung Amie Williams

Nglanguting pangangen ngranjap pangarep
Rojah-rajeh tanpa wujud myang katon bengeb
Pating klawir pating saluwir katon kiwir-kiwir
Njalari ati kari samenir tan jenjem ketar-ketir
Nyawang akasa mendhung peteng ngendhanu
Sumusup kilat thathit dalajigan ngremuk daya
Gludhug magunturan arsa mbedhah jagadraya
Gya kajuwing-juwing dadya kukila tanpa wulu

Njedhindhil kekes katisen ndaredheg wel-welan
Melasarsa angga aking legena tanpa warana
Nyawa gondhelan raga nandhang kasangsayan
Myarsi kusuma pegatsih nguntab pecating sukma

Oh nyawa lumarapa kanthi teguh merdika
Datan ngrasa tidha-tidha sumungkem seba
Tatag teteg tanggon pasrah legawa ing Karsa
Waton ing donya samya nuhoni laku utama

Mandragini, minggu enjing 161212

0 comments: