Tuesday, September 17, 2013

Guritane Irul S Budianto


EPIGRAM BALADEWA
 
ing grojogan sewu dheweke mesu budi
lantipe si adhi sapa bisa nandhingi
bendhe tengara kang muni ngangkang
cumenthel ing awang-awang
adhuh, yayi
sapa kang kwagang nyapih perang?

2013


EPIGRAM KUMBAKARNA 



ya iki tresna sing dakbangun saka lemah wutah getih

lajere lelabuhan sing manjing dhadha tan kena pilah-pilih
kalane perang brubuh nakonake sapa madeg senapati
raga sempal daklakoni, pecating nyawa bakal dakwujudi
geneya sliramu api-api ora ngerti

2013

 
EPIGRAM DRONA

aja disengguh emban cindhe emban siladan
kabeh siswa dakteter kawasisan lan kalantipan
he, kurawa pandhawa aja mung adu panyawang
sapihen panantang tumuli tigasen awang-awang
nanging geneya dhadhamu kumetab sar-saran?

2013

 
EPIGRAM LIMBUK

daklarung sakehing sesuker lan memala
ing sungapaning kali Gangga
jiwa-jiwa kadhung kabotan sanggan
pakem crita morak-marik digawe carangan
ah, lajer-mentesing lelipur
aja dipadhakake kandele wedak pupur

2013
*ilustrasi gambar: http://4.bp.blogspot.com/

0 comments: