Kongres Sastra Jawa (KSJ) II, yen nuruti pepenginan sing kacetha ing keputusan/rekomendasine KSJ I (Taman Budaya SUrakarta, 6 -7 Juli 2001, kudune wus kagelar rong taun kepungkur (2004). Nanging, merga pancen KSJ kuwi sawijining ’’proyek partikelir’’ ora duwe sumber dana maton lan mung bisa diarani bandha nekad, mula ora prelu disengguh werna-werna yen nyatane lagi arep kelakon 30 Juni nganti 2 Juli 2006, wektu sing ndilalah cedhak banget karo Kongres Basa Jawa (KBJ IV) sing bakal digelar 5 – 10 Juli 2006. Ndilalah, papane uga nunggal kutha: Semarang. KSJ II ing Sanggar Paramesthi, dene KBJ IV ing Hotel Patra Jasa.
Pancen, dhek taun 2001 kuwi wong-wong padha rame alok manawa KSJ I kagelar dening para pengarang sastra Jawa sing rumangsa mrekitik lan lara atine merga ora direken dening Panitia KBJ III. Ora diundang dadi peserta, apamaneh diwenehi papan kanggo melu nulis lan medharake makalah. Panyengguh sing satemene kudu batal sanalika, jalaran nyatane akeh paraga kang ngombyongi KSJ I kuwi ora mung dadi pemakalah, nanging uga dadi panitia, upamane kadang Suwardi Endraswara (akademisi lan uga sastrawan Jawa), Danu Priyo Prabowo (peneliti saka Balai Bahasa Jogjakarta). Kadidene anggota Panitia KBJ III, malahan, dhek nalika semana ya Mas Danu Priyo Prabowo iku sing banjur gupuh nindakake dhawuh: ngulemi kanthi ndadak, liwat tilpun, kanca-kanca pengarang sing maune pancen ora nampa ulem tinulis.
Mula, prekara runtik, lara ati, sing marakake KSJ diarani nandingi KBJ kuwi satemene ora prelu dadi rembug. Sing luwih perlu dirembug, apa ta satemene sing dikarepake para ’’nekader’’ (wong sing padha nekad) nggelar KSJ kuwi? Tulisan iki kepeksa rada mbaleni katrangan lawas jalaran akeh para sedulur, senajan pengarang sastra Jawa pisan, sing sajak durung ngerti kenthang kimpule KSJ.
Mbokmanawa, senajan ngertia kenthang kimpule pisan, ora kabeh pengarang/sastrawan Jawa nganggep penting anane KSJ. Iku ora dadi masalah. Malah lamon banjur nuwuhake wawanrembug tinulis utawa lisan, adu konsep, adu gagasan, kahanane bakal dadi luwih becik, sisan gawe ngipatake pandakwa manawa wong Jawa kuwi bisane mung rasan-rasan, padha manthuk-manthuk lamon lagi adhep-adhepan nanging banjur dadi pating caruwet sawise pepungkuran.
Sugeng Wiyadi, Daniel Tito, Bonari, Sunarko Budiman, Yudhet, Wahyudhie, Bagus Putu Parto, lan liya-liyane sing ing sawijining wengi ing taun 2001 nyowani Pak Roes (Roeswardiyatmo) ing daleme sing mapan ing sakulone Terminal Tirtonadi kuwi paraga-paraga sing padha duwe gagasan, senajan seje silit seje anggit nanging tlonjonge konsep/gagasan/gegayuhane wong-wong kuwi banjur bisa kagolong gilig dadi nunggal krenteg: becik lamon bisa nggelar KSJ. Nyatane bisa tenan. Suparto Brata, Roeswardiyatmo, N Sakdani, WS Rendra, Arswendo Atmowiloto, Bambang Sadono, lan aja nganti dilalekake Kepala Taman Budaya Surakarta Murtidjono padha aweh panjurung marang lumakune KSJ I. Arswendo, kajaba dadi pemakalah malah uga urun dhuwik sing marakake Panitia bisa mbalekake urunane para peserta.
Mula satemene kurang trep ngarani KSJ kadidene wangun pambalelane kaum mudha marang golongan tuwa. Buktine akeh sing yen winawas saka umur wis klebu yuswa alias wis tuwa, nanging nyatani pikirane luwih tinarbuka, bisa momong lan ngetut trekahe sing luwih nom. Ewadene, donya pancen werna-werna, mula satemene ya ora prelu gumun lamon ana siji apa loro pengarang sastra Jawa sing satemene isih klebu mudha-tumaruna, nanging kok ’’software’’-e malah wis kudu di-update!
KSJ, kanthi mangkono uga ora perlu digapruk-gaprukake karo KBJ. Yen ana para paraga sing melu cawe-cawe nggelar KSJ rumangsa sedhih nyawang lan luwih nganggep KBJ kadidene ’’pesta andrawina’’ ya kuwi rak mung panganggep, yen keladuke dadi pandakwa rak ya bisa dadi rembug. Ana unen-unen, yen ana rembug ya dirembug. Tegese, lamon dianggep ruwet utawa ngruweti ya udharana, aja mung rembug nambahi ruwet.
Mbok disawang kuwi, ing donyane Sastra Indonesia: sing duwe gawe Kongres Bahasa Indonesia ora tau katon rumangsa direridhu dening para akademisi sing ngelar kongres utawa seminar nasional kayadene sing saben-saben digelar dening Himpunan Sasrjana Kesusasteraan Indonesia (HISKI), lan malah, para empu kayadene Sapardi Djoko Damono, Budi Darma, lan sapiturute ya ngombyongi para mudha tumaruna sing pada nggelar Kongres Cerpen! Lah, cerpen utawa crita cekak wae dikongresake ora ana saru-sikune, kok neng kene ana wong gawe kongres sastra wis didakwa maneka-warna. Kurang gaweyan men!
Kok isih kudu ana KSJ II? Ya, isih prelu! Apa merga krana durung ana sing bisa dirasa kadidene oleh-olehane saka KSJ I banjur KSJ sabanjure dianggep ora prelu? Diambali maneh, para paraga sing nggelar KSJ kuwi ya wong-wong sing duwe gegayuhan senajan ora kudu diarani: ’’Mung saderma nunggangi alias mengatasnamakan Sastra Jawa.’’ Sing aran gegayuhan kuwi, sok malah wis disadhari manawa ora bakal kelakon, kayadene nggayuh kasampurnan neng alam donya kuwi ya kapan kelakone (?) Ananging, kuwi ora banjur marakake wong-wong kudu padha bali nglare utawa nginger keblat, kalebu ben aja diarani wong ela-elu alias ora duwe prinsip.
Tur maneh, yen ta diupamakake wong udhu dhadhu, udhune ya ora mingsra. Ilang-ilangan ya ora apa-apa, kanggo keyakinan nggayuh bab kang tan kena tinumbas arta: ’’kalodhangan kang becik kanggo thukul lan ngrembakane karya sastra Jawa, kalebu dumadine tradisi mbabar buku abasa Jawa. Sabanjure, yen wegah diarani ketinggalan jaman, ya kabeh pambudidaya sing gegandhengan karo sastra lan basa Jawa kuwi orientasine wis kudu dianyari: kepriye amrih ing kalangane wong Jawa iki dumadi tradisi maca lan nulis sing becik. Lha, nanging nyatane ya isih bisa tumon, lho, saiki kuwi zaman MP4, LCD proyektor, blue tooth, kok isih blajar ndongeng! Kepengin tambah ndhower apa?
Lha, luwih wengis maneh pandakwa manawa wong-wong nekad ing KSJ kuwi mung nguber untung material kang salah sijine arupa dhuwit. Yen nganti ana sing muni mengkono, genah bakal ketleyek tenan. Ning ya ana lho, pandakwa kaya ngono kuwi! Lhadalah. Yen Panitia KSJ II mung mburu untunge dhewe, wingenane kae wis bisa bancakan dhuwit 20 utawa 25 yuta rupiah. Jalaran pancen wis ana sing ngiming-imingi, pinangka bantuan.
Etung-etungan dhuwit kuwi bisa digawe gampang, bisa digawe angel. Lha, upama tenan kanggo biaya advertorial wae saben media cetak apadene elektronik bisa nampa 50 yuta rupiah, iki ibarate arep ’’nuku’’ partai cilik kok mung wani ngenyang selawe yuta. Harak lucu ta? Lha, ning, sepisan maneh, dudu kuwi masalahe. Angger para paraga klebu panitia KSJ isih kenceng ’’imane’’, satemene waton gagasan lan konsep-konsepe diakomodasi, wis, titik. Ora sah dhuwit! Tenan kuwi!
Kira-kira bisa apa ora, para mbaureksa utawa kang lagi nyekel bang-bang pangalum-aluming praja kang mbawahi suku bangsa Jawa kuwi dunung manawa otonomi daerah kuwi ora mung prekara pilkadal, nanging uga prekara ngayomi budayane dhewe, klebu seni, basa, lan sastrane. Mula, yen tahun 1951 wae, upamane, Balai Pustaka bisa mbabar buku crita rakyat basa Madura, apa para Kanjeng Bupati, Walikota, Gubernur ora rumangsa prelu njaga amrih tradisi maca-nulis nganggo basa lokal kuwi ora cures ning malah ngrembaka?
Takkira kudu ana Perda-ne. Unine bisa: ’’Kabudayan daerah bakal diayomi, diwenehi papan longgar kanggo ngrembaka, diwenehi bantuan wragat saka APBD...’’ (lan sateruse). Utawa, ben basa lan sastra Jawa kuwi diurusi wong Leiden lan Suriname wae. Lan, limang taun maneh, ora usah ana KBJ sing digelar nganggo dhuwite rakyat (klebu rakyat sing padha mati kaliren) nganti milyaran rupiah kuwi. Yen kepeksane pengin nggelar KBJ, ya kudu trima kedhungsangan dhewe golek sumbangan kana-kene. Yen bisa kaya mangkono tenan, ya iku wektune nandhing-nandhingake KSJ kalawan KBJ. (Bonari Nabonenar, Ketua Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya)
Tulisan iki nate kamot ing Jaya Baya
Mengorbit dengan Tulisan Kreatif
7 years ago
0 comments:
Post a Comment