Wednesday, March 19, 2008

DALAN MUJUR NGETAN


Crita Cekake: St. Sri Purnanto

“Dalan mujur ngetan?”
“Bener. Dalan kuwi pilihan, nadyan olehmu madal mung baka sakilan. Nanging coba saiki miliha; dalan mujur ngetan, apa dalan kang simpang mangulon?”
“Mbah, kula mriki badhe nyarawidekaken gegayuhan. Mboten pados bedhekan utawi ngajak cangkriman. Menapa malih, cangkriman perkawis dalan.”



“Kuwi aku wis ngerti Ndhuk. Kabeh wae kang teka mrene, satemene mung padha kepengin nyarawidekake uripe kanggo golek; pangan, sandhang lan papan, supaya tembene bisa urip mulya.”

“Lajeng?”

“Hem, satemene ing alam donya iki, kejaba; sandhang, pangan lan papan isih ana perkara liya kang arang disurasa, nanging banget wigati lan kudu diupadi, yakuwi golek dalan. Bener, golek dalan. Awit, sapa wae sing kepengin urip mulya, sejatine banget mbutuhake dalan. Dalan gegayuhan.”

“Kok lajeng ngrembag perkawis dalan niku pripun ta Mbah?”

“Sepisan maneh, dalan kuwi pilihan. Satemene sadurunge sliramu tumapak laku, kudu dipilih dalan endi kang kudu diluru lan dilakoni, amarga dalan kuwi warna-warna, ana; dalan padhang, dalan peteng lan dalan remu-remu setengah padhang setengah peteng kabeh mau dalan.”
“Dados dalan menika werni tiga?”

“Ora. Dalan urip mono sapirang-pirang, ana; dalan prapatan, dalan sidhatan, dalan lempeng, dalan bengkong, dalan mubeng lan dalan plenthong-plenthong. Nanging sing lumrah dalan kuwi mung loro; dalan malang lan dalan mujur. Sliramu ngerti, yen dalan kuwi amba tur dawa, yen cendhak tur ciut arane beda, wong Jawa ngarani lurung kang mawa teges luru– luru kang durung. Mesthi wae diluru sing durung tinemu. Mula saka kuwi coba pilihen, dalan padhang apa sing peteng?”

“Saumpami kula milih dalan mujur ngetan.”

“Gegayuhanmu bakal kasembadan.”

“Lajeng, umpami kula milih dalan mujur ngulon?

“Kira-kira kekarepanmu bakal kelakon.”

“Mbah, kok sedaya pinanggih begja?”

“Ora. Ora kabeh dalan nggawa kabegjan, luwih-luwih dalan simpang mangulon, awit dalan simpang mangulon surasane mung tiwas edan ora kelakon.”

“Lo Mbah, niku pripun ta ngrembag dalan kok kados wiramanipun tembang?”

“He, Titi! Apa sliramu wis lali yen ta urip mono mung kadidene tetembangan, kejaba saka kuwi urip uga sawijing kekembangan. Kabeh tembang kuwi utama, nanging ora kabeh kembang bisa tinampa, tuladhane kembang lambe, warnane abang ning mung dadi rame?”

“Menawi kula milih dalan malang ngetan?”

“Mesthine sliramu wis milih dadi wong edan.”

“Menawi kula milih ingkang malang ngulon.”

“Kuwi ya padha wae, sliramu mung trima dadi guyon.”

“Menawi wongsal-wongsul ngetan, utawi wongsal-wangsul ngulon.”

“Nek jeneng pilihan kuwi mung siji, supaya dadi. Saumpama sliramu milih loro, gegayuhanmu mung bakal kendho, milih telu tansaya ngelu, apa maneh milih papat uripmu bakal kesrakat, lan yen milih lima atimu bakal nelangsa. Coba gagasen ta, kepriye dadine yen bola-bali ngetan, sliramu mesthine ora bakal keduman malah sewalike sliramu mung dadi caturan. Semono uga yen bola-bali ngulon idham-idhamanmu tangeh lamun yen bakal kelakon, kepara malah sliramu mung dadi guyon. Cekak cukupe pilihen; dalan malang apa mujur, mujur ngetan apik, mujur ngulon ya becik. Sauger ora malang ngulon lan malang ngetan. Mudheng?”

“Mbah, kula raosaken ngendikan panjenengan kok kados parikan?”

“Bener, urip mono mung kadidene parikan. Lan parikan, kabeh wae wis padha duwe, nanging ora kabeh uwong gelem nggawe. Senadyan mangkono, sliramu kudu milih ing antarane; parikan kang parikena? Apa parikan kang kena pari?”

“Menawi parikan ingkang parikena?”

“Kuwi sliramu bakal entuk pari sakberase pisan, tegese uripmu bakal kasembadan.”

“ Menawi parikan ingkang setunggalipun?”

“Seet! Coba rungakna, yen parikan kang kenapari, tegese sliramu mung bakal gatelen, kena tugi utawa glugute pari. Uripmu mung umeg kebak memala lan rubeda. Paham?”

“Mbah, sejatosipun kula menika badhe nyuwun sarana, syokur dipun paringi awer-awer kangge pager utawi aji-aji mbokmenawi saged migunani. Mbokmenawi, cepengan menika saget kula dadosaken gondhelan gesang.”

“Ndhuk, ing papan kene ora sumadhiya; menyan, sembur lan suwuk.”

“Dados panjenengan namung paring dalan ?

“Kuwi uga ora bener. Dalan kuwi kang duwe mung sliramu dhewe.”

“Menawi nganten panjenengan namung paring parikan.”

“Parikan wae mung parikena.”

“Salantunipun menika?”

“Suwung. Kabeh sarwa samun tur sepi, awit sakabehing karep mung thukul saka krenteging ati.”
Aku ngowoh. Wong tuwa kang dakupadi ing suwung sepi kuwi malah mung tawa tembang lan tembung. Tembung Dalan Mujur Ngetan.

Aku thenger-thenger. Ngungak ngisor atiku kopyor, nyawang ndhuwur sirahku kepyur. Noleh ngiwa, aku tidha-tidha lan nyawang nengen pangrasaku dadi tom-tomen. Nalika aku ngungak njaba, ndadak jagad kang pepes ing dhadhaku wis kuncup dadi kembang-kembang bawera.


Peteng—padhang, padhang—peteng ( hurip remeng-remeng, trawang-trawang)
Peteng—peteng, padhang--padhang (hurip remeng-remeng)
Padhang—padhang, peteng--peteng (hurip trawang-trawang)
Pet--pad, pad--pet (meng-wang, wang-meng)
Pad--pet, pet--pad (wang-wang, meng-meng)
Urip mendrik-mendrik (U-men, u-men)
Byar! Pet! (Bret!) Pet! Byar! (pyar!)
Byar!

Aneh? wong tuwa kuwi wis manjelma gambar. Gambar sawijining esem. Esem sumringah. Nanging apa tegese, apa esem kuwi sanepa? Utawa pralampita? Aku nyoba nggerba, nanging atiku tidha-tidha. Aku rumangsa wis nemu senthir ing netra tuwa. Senthir pangayubagya.

Byor! (satemah senthir dadi obor)
Bumi tetrawangan. Langit sumilak padhang.

[]

Srengenge mubeng embuh wis pirang ewu ambalan, nalika aku ana ing bumi paran. Kalasemana sedyaku lunga, adu nasib lan luru begja, budhal menyang tlatah manca, jan-jane mung dakudhoni tekat makantar, kanthi pangajab mulya, kanggo njejegne ekonomi kaluwarga. Nanging, apa kang dumadi?

Wong lanang panggah wong lanang, kang impen-impene ora gampang digrayang. Aku ora ngira yen bojoku sing mesthine setya ngenteni tekaku ing kampung kelahiran ndadak wis wani ambarungsinang, nabrak pang-pange pangarep-arep kang wis kasungging bebarengan sajembaring impen-impen kang dawa. Dhadhaku pecah sakala, atiku sigar sawalang-walang. Aku eling, biyen biyung mingseg-mingseg, nalika aweh warta liwat swara telefon ngabari yen mas Bronto mothah rabi entuk Mini, warandha sabrang kali. Mesthi wae yen aku ngguguk, adus tangis keranta-ranta.

‘Wijen Mas, ora kembang waluh --- luwih becik ijen Mas, timbang diwayuh.’ Edan! Apa gunane aku adol tenaga nganti tekan bumi manca, yen dhuwit opahku mbatur ing Sha Tin kang daklakoni sadawane pirang-pirang mangsa ketiga mung entek kanggo mbujung lirikane wanita liya. ‘Bajul buntung!’ pisuhku ndremimil. Yen nurut kojahe ibu, aja maneh kok tuku mesin luku kaya kang nate dijanjekake, sedheng ngurus butuhe Didi anake dhewe wae Mas Bronto wis ora nggape. Kurangajar! Dakrewangi kekitrang mabur dadi walang, lan niba tangi dadi batur nganti tekan Hongkong ndadak sing ana ngomah mung trima mendem karo egole bokong. Aku getem-getem.

‘Nanas Mas, cedhak wit waru --- yen dakgagas Mas, ning awak kuru.’ Wis lumrah yen aku mbrebes mili, merga kelangan gondhelane ati. Nanging aku emoh nggagas jero, senadyan dhadha wus pecah separo, yen nganti aku kelayung –layung kepriye solahe anak lan biyung. Saumpama mbiyen aku ora nate sekolah, mbokmenawa aku wis milih dadi wong bubrah. Daktanting-tanting nalarku. Aku eling, Pak guru nate dhawuh, yen ngadhepi rubeda ora perlu gupuh. Nalar kang wening minangka oboring ati, tegese ora ana perkara kang mokal diudhari.

Abot! Abot temenan! Apa gunane wong lanang yen wis ora kena dijagakake dadi kancinge lawang. Sejatine aku wis nglokro, nanging aku emoh dadi wong bodho. Aku kudu jejeg lan bali ngadeg. Arepa aku wanita, prahara kang ora nate daknyana kudu diadhepi kanthi dhadha samodra.

O, aku iki rak tedhak turune Srikandhi. Bener, Srikandhi? Nanging ah, ora! Aku ora pengin dadi Srikandhi. Awit, Srikandhi kuwi mung dadi boneka palsu, klangenane Arjuna, lan aku emoh dilara-lara, aku uga emoh dadi Srikandhi sing kesiya-siya. Aku trima pilih dadi Kartini wae, kang luwih wani dadi obor kaya srengenge. O, ndadak wae aku rumangsa lingsem lan tidha-tidha, ing atase derajate batur kang mung adol tenaga ing bumi manca, geneya ndadak aku wis wani ndhadha milih dadi Kartini? Kamangka Kartini kuwi abot sanggane. Embuh ah, nyatane kanthi uleting tekat kang tatag, kejaba mburuh mbatur, ing mangsa-mangsa libur aku uga wis wani ubed meres kringet sarana dodol jajanan Jawa ing voctoria park, sajining taman asri kang lumayan kawentar ing bumi Hongkong.

“Dadi awakmu arep suwe mapan ing kene?” kalem, Ibu ngoncalne pitakon.

Aku njomblak lan manthuk alon. Ibu wis mbuyarake lamunanku.

“Titi, Ibu krungu swara sruwang-sruwing yen Bronto, tilas bojomu arep mbaleni awakmu?”

Aku menjeb. Atiku nggronjal. Ah ngawur! Aku iki dudu wanita gombal kang gampang dibolan-baleni sawise ditinggal. Ora! Aku ngerti, yen Mas Bronto kepengin bali ndemak aku, kuwi amarga dhuwit dolar sing ana kanthongku lan dudu ati sing ana ing njero dhadhaku.

“Ndhuk Titi, awakmu wingi uga kandha yen kepengin nyimpen dhuwit sing kokgawa?”

Aku bali manthuk.

“Nek ngono, mesthine awakmu durung lali marang carane nabung? Karepku ngene Ndhuk, kutha kecamatan iki wis maju, nanging aja nganti awakmu salah laku. Tabungen dhuwitmu ing papan kang paling primpen. Umpamane ing kantor bank sing bisa dipercaya.”

Aku mesem sepa. Aku ngerti apa karepe Ibu, nanging Ibu mbokmenawa durung nglenggana karo apa kang dadi atiku. Ibu uga wis aweh saran, supaya aku nyimpen dhuwit ing toko mas-masan.

“Bank-bank negara lan partikelir ing kene uga wis njamur Titi, semono uga plaza, toko elektronik iya wis pating krelip. Dadi, kemajuan apa wae ing kene ana tur gampang diblanja, nanging aja lali lan salah lakon yen kabeh kang sumadhiya, pernahe ing dalan simpang mangulon.”

“Ibu...” aku mesem lan banjur wangsulan, ”Kula trimah milih dalan mujur ngetan supados saged nabung yatra sinambi mapag jumedhule surya ing wanci enjang.”

Ibu mlengak, “Dalan mujur ngetan? Ndhuk, ing dalan kono ora ana kantor bank, apa awakmu wis ora kelingan? Ing dalan mujur ngetan, kang ana mung yayasan sekolah lanjutan. Kuwi wae gedunge wis wiwit lampus lan meh ora mopo, merga buku-bukune akeh kang dicacah tikus lan dirubung coro. Anehe, tikus-tikus ing kene bregas- bregas lan gedhi-gedhi, kamangka sing dikrikiti mung kertas- kertas ing njero laci. Malah khabare, dicara apa wae lan diobat merk apa wae, tikus-tikus tansaya ndadi lan kepara luwih nggegilani. Maklum gedung-gedung sekolah lumrahe dibangun cedhak subure sawah pinggir kali, dadi yen ana gropyokan tikus lan coro bakal umpetan kanthi permati. Awakmu ngerti, tikus lan coro ing kene ngembrah, kuwi wis wiwit jamane simbah, malah saiki tikus lan coro wis lemu-lemu merga pinter dolanan buku.”

Aku mesem kecut. Eling sekolah, aku eling Mbah Samun. Wong tuwa kang mandhegani sekolah lanjutan ing kampung suwung, ’Ndhuk dalan kuwi pilihan.’ Dumeling swara kuwi, dakrungu ing suwung sepi. Lan papan sumarene Mbah Samun, tansah daksekar kembang-kembang melati.

Aku milih meneng, nalika Ibu bali ngutahake gunem.

“Anakku, dhuwit kuwi goleke angel. Dhuwit, kejaba bisa gawe lega, uga bisa agawe gela, apa maneh dhuwit dolar, lumrahe dipuja-puja dening wong bodho kang tanpa nalar. Mulane yen kepengin nyimpen, tabungen wae dhuwitmu ing papan kang paling primpen.”

Aku isih tumungkul. Aku ngerti, Ibuku wis aweh piwulang kang banget permati. Nanging apa kabeh uwong saguh mangerti. Luwih-luwih zaman iki jare wis edan, apa aku ora digeguyu yen dhuwit atusan ewu, mung trima dakblanjakake tumpukan buku? Utawa, aja-aja malah aku dianggep slenca, yen dhuwit pirang-pirang yuta mung trima daksumbangake gedung sekolah kang wis rengka. Nalika aku mbeber kekarepan, wis bisa dakbedhek yen Ibu ora kepranan, nanging kanthi alesan kang bisa tinampa lereming rasa, minangka wong tuwa Ibu nglenggana.

“Mbukak rekening ing njero dhadha?” pitakone Ibu sajak gumun.

Aku aweh wawasan, yagene milih nabung ing sawijining papan? Kejaba dhadha, kang dadi sumbering rasa tumrap titah sapadha-padha, aku uga wis wani nabung ing sirah, awit sirah kuwi isi wewarah. Nabung ing sirah kejaba ora gampang dijarah, uga bakal ngrembaka dadi sejarah.

”Titi, ora nyana yen kasangsaran pranyata malah nyantosakake jiwamu. Kamangka sing jamak, wong wadon ditinggal serong, uripe dhoyong. Nanging kowe, ditinggal bojomu ngiwa, pranyata uripmu tambah dewasa, ditinggal slingkuh jiwamu bakuh. Lan ditinggal sedheng, jiwamu kaya digembleng. Anakku, ora kabeh wanita kuat ngadhepi godha, lan ora kabeh wanita saguh dadi tuladha. Ibu ngerti, kalung lan gelang bisa ilang. Ibu uga paham, kantor bank bisa kemalingan. Nanging dhadhane bocah-bocah, ora gampang dipecah-pecah.”

Ibu ngguguk, adus tangis keranta-ranta.
Aku jinem.

Sejatine isih ana perkara liya kang durung wani dakwedharake marang Ibu. Lan aku yakin, Ibu bakal kabotan nampa, nanging aku banget maklum. Awit perkara iki, perkara ati. Saumpama aku blakasuta lan kandha apa anane, Ibu mesthi luwih kaget. Kamangka, sejatine anggonku wis wani cucul wragat kanggo Mini kuwi mung amarga aku isih nduweni rasa welas ing kamanungsan. Ora luwih saka kuwi. Amarga Mini ngandhut ing njaba kandungan. Dheweke dioperasi. Lan aku ora tegel nonton kahanan, apa maneh aku krungu yen Mas Bronto wis ninggalake dheweke. Arepa Mini kuwi maruku, nanging dheweke uga wanita kaya aku, lan saiki dheweke lagi kejepit kahanan. Apa salahe yen aku melu rewang-rewang, ngenthengake sesanggan. Arepa wong mbeda ngomong sing ora padha, aku trima wani milih kang beda. Temanan, aku uga wis rumangsa untung, bisa nabung ing geter jantung.

Dakpikir dalan kuwi pilihan. Arepa wong liya ngomong liyane, aku wis wani milih papan kang seje, yakuwi nabung ana ing iline getih. Getih kamanungsan. Bener, dalan kuwi pilihan. Lan aku, wis niat wani ngambah sorot kang padhang. Dalan mujur ngetan.
[]

Padhepokan Suwung Desember 2007

0 comments: