JFX HOERY
Ing SANG Pamomong kang metu Minggu 29 Oktober 2006, kadang Sugeng Wiyadi nyenggol Wasita Adi utawa piwulang adi, Nglurug tanpa bala, sugih tanpa bandha, digdaya tanpa aji, menang tanpa ngasorake sajroning tulisan "Mangayubagya Urip Anyar".
Aku ketarik karo wasita adi kang kasitir kadang Sugeng Wiyadi ing ndhuwur iku. Pancen bener iku, mujudake piwulang adi. Mung bae sajake kadang Sugeng Wiyadi isih tidha-tidha, sapa sabenere kang kagungan piwulang mau, asale saka Mas Said utawa Pangeran
Sambernyawa apa piwulange RMP Sosrokartono, kangmase RA Kartini.
Saka cathetan lan referensi kang daktemokake, iku mono piwulange RMP Sosrokartono. Aku durung nate krungu yen iku piwulang saka Pangeran Sambernyawa. Sing dadi pitakon ing kene, mesthine RMP Sosrokartono nggawe piwulang iku wis kagalih kanthi wening lan ora kena kok banjur dipotong-potong apa maneh nganti diwolak-walik urutaning tembung.
Kadang Sugeng Wiyadi methik piwulang adi mau mangkene: Nglurug tanpa bala, sugih tanpa bandha, digadaya tanpa aji, menang tanpa ngasorake.
Iki mujudake piwulang Kejawen saka Drs RMP Sosrokartono kang dening para penggilute kaaturan Yang Sosro. Gandheng mujudake sawijining piwulang, sawijining ajaran, mesthine ora oleh diwolak-walik apa maneh mung kapethik saperangan. Wis mesthi yen kelakon mangkene, maknane mesthi adoh sungsate karo kang dikersakane dening Sang Guru.
Mangkono uga pethikane kadang Sugeng Wiyadi ing ndhuwur, kajaba kuwalik uga ora ganep. Saka cathetan kang daktemokake, piwulang kang tanpa irah-irahan mau ora mung patang ukara, lan ora kawiwitan Nglurug tanpa bala. Ganepe urutane piwulang Kejawen mau mangkene:
Sugih tanpa bandha
Digdaya tanpa aji
Nglurug tanpa bala
Menang tanpa ngasorake
Trimah mawi pasrah
Suwung pamrih
Tebih ajrih
Langgeng tanpa ana susah
Tan ana seneng
Anteng mantheng
Sugeng jeneng
Apa wis dadi watege wong Jawa, senengane methik piwulang mung saperangan, ora ganep. Ora cetha apa sebabe, apa marga ora nguwasani piwulang mau, apa mung amrih kepenake dirungu. Kaya piwulange Ki Hajar Deantara tumrap pamulangan, akeh sing mung banjur njupuk mburine, njupuk kepenake dirungu, yaiku Tut wuri handayani. Kamangka mesthine muni: Ing ngarsa (a) sung tuladha, ing madya mangun karsa, tutwuri handayani. Iki kujokake para dwija kang mulang muruk siswane. Nanging sabenere ora mung kanggo para dwija, nanging luwih trep kanggo pangarsa, kanggo pemimpin. Jejere pemimpin, bisaa tansah dadi patuladhan, saparipolahe, ya sikap lair batine. Pinangka pangarsa, kudu bisa aweh motivasi marang andhahane, Ian pungkasane bisa ngerteni kekarepane sateruse bisa aweh semangat.
RMP Sosrokartono
Piwulange RMP Sosrokartono mau, kudune ora diprethal-prethal mangkono. Iku mono piwulang kebatinan, jer panjenengane salah sawijining tokoh Kejawen ing jamane. RMP Sosrokartono kangmase RA Kartini, putrane Bupati Jepara RMA Sosroningrat, miyos 10 April 1877 ing Kutha Jepara. Pinangka putra kakung, RMP Sosrokartono antuk kebebasan kang amber tumrap pasrawungan ing njaba kalebu kebebasan mlebu sekolah, beda karo putra-putri kang kudu sinengker utawa piningit.
Pranyata RMP Sosrokartono mujudake wong Indonesia yen biyen diarani pribumi, kang kapisan sing bisa mlebu Universitas Leiden, Nederland (Belanda) jurusan sastra Asia. Uga klebu siji-sijine wong Indonesia (kira-kira nganti saiki) sing bisa nguwasani 26 jinis basa manca, yaiku 17 jinis basa-basa negara Eropa lan 7 jinis basa-basa ing negara Asia. Mesthi bae basa Indonesia, lan basa Jawa pinangka basa ibu lan sawatara basa-basa daerah ing Indonesia.
Awit saka keahliane nguwasane basa-basa manca mau, RMP Sosrokartono nate katugasake pinangka penerjemah kanggo Liga Bangsa-Bangsa ana ing Wina lan Jenewa. Nalika geger perang donya kapisan, RMP Sosrokarkono dadi wartawan perang kanggo koran New York Herald Tribune. Kemampuane nguwasani basa manca semono akehe mau, mligine basa-basa negara Eropa, amarga sajrone 27 taun nganglang jagat laladan negara-negara Eropa.
Kanthong Bolong.
Sabubare perang donya kapisan, RMP Sosrokartono kondur menyang Indonesia lan banjur ngekarake ngelmu kebatinan lan pengobatan alternatif. Ing Indonesia uga nganglang Tanah Air, klebu lenggah ana Aceh, Medan, Tanjungpura, kutha-kutha liya ing Sumatra, ing Jawa antara liya ing Jakarta, Bogor, Bandung, Semarang lan liya-liyane.
Ing kalangane kaum kebatinan piwulange (ajarane) RMP Sosrokartono disebut Ngelmu Kanthong Bolong. Para muride kebatinan yen ngaturi panjenengane Yang Sosro (Eyang Sosro). Piwulange Yang Sosro nganti saiki isih dilestarekake, para muride padha ngedegake pakumpulan sing babon piwulange saka Ngelmu Kanthong Bolong. Pakumpulan mau kayata Paguyuban Mana Suka, Paguyuban Sosrokartanan, Yayasan Sosrokartono lan liya-liyane. Ing donyaning kebatinan, Yang Sosro ngagem simbul Sang Alif.
Akeh seratan-seratane kang kaemot ing koran utawa majalah kang terbit nalika jaman Jepang sarta jaman kamardikan, kanthi asma sesinglon Mbah Mandor Klungsu lan Djaka Pring. Ing piwulang "sugih tanpa bandha", panjenengane ngagem sesinglon Djoko Pring. Susunane ukara piwulang mau yen katitik kaya wujud guritan ing jaman saiki, mung judhule sing ora ana.
RMP Sosrokartono utawa Eyang Sosro seda nalika 8 Februari 1952, kasarekake ing makam Seda Mukti, Kudus, Jawa Tengah. []
*JFX Hoery, Ketua Sanggar Sastra "Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro"
Saka SANG PAMOMOMG 25 Des 2006
Mengorbit dengan Tulisan Kreatif
7 years ago
0 comments:
Post a Comment