Dening M Jazuli
KONGRES basa Jawa, apa isih perlu digelar? Kanggo sapa kongres iku satemene? Kepriye basa Jawa mau dilestarekake nalika saperangan gedhe wong Jawa wis ora migunakake basa Jawa, kapara akeh sing ngedohi nilai-nilai luhur budaya Jawa?
Mengkono pitakonan sing muncul ing Temu Bahasa dan Budaya Jawa kang dieloni utusan peminat basa lan budaya Jawa saka sawetara kabupaten ing Jawa Tengah, durung suwe iki. Seminar kang dianakake dening Yayasan Studi Bahasa Jawa Kanthil makarya bareng karo PemprovJateng lan sawetara pemkab mau kaancas kanggonyosialisasekake asiling Kongres Bahasa Jawa.
Pitakonan kasebut pancen katon prasaja, nanging temene nunjem banget. Kejaba substansial, ngandhut implikasi kepentingan lan keberpihakan. Mula, wangsulane ora uwal saka wacana politis ngenani "sapa entuk apa, kanggo apa, lan kapan bisa dientukake?''
Kongres Bahasa Jawa wis kagelar ping telu, ing Semarang, Malang, lan Yogyakarta. Nanging sapa wae kang diundang lan apa wis cukup makili panyengkuyung basa Jawa kang satemene? Wangsulane kaya-kaya ora tau cetha. Kamangka, faktor iki krusial banget karana gegayutan karo komitmen lan kepentingane sapa wae kang temen-temen minangka panyengkuyung budaya Jawa. Yen sing diundang mung kalangan tinamtu, panguwasa, kapara kang ora ana gegayutane langsung karo budaya urip saben dinane, aja digetuni lan ditangisi yen budaya Jawa ora kuwawa survive.
Teori fungsional wis njlentrehake, nalika sawijining kabudayan ora maneh disangga dening panyengkuyunge, kabudayan mau ora fungsional maneh. Mula saka kuwi, lumrah manawa banjur ana kang duwe panemu, kongres ora luwih saka minangka ajang nostalgia lan reuni, kapara mung kanggo minangkani tuntutan legal-formal kang asipat politis.
Upaya nglestrekake basa lan nilai-nilai kabudayan Jawa pancen penting, apamaneh nalika wong Jawa wiwit kelangan nilai gegaraning urip. Nanging, nilai-nilai budaya Jawa sing endi? Ora bisa diselaki, budaya Jawa ngrembaka lan manjila nalika zaman Walanda, lan nalika kuwi ngrembakane dudu tanpa tendensi saka kaum elite pribumi Jawa lan Walanda jroning drajat kang timbang. Mula bisa-bisa wae budaya Jawa nalika semana kena kontaminasi kepentingan politike Walanda. Nancy Florida lan Pamberton (1987) wis nuduhake, kepriye wong Jawa banget-banget kurmate marang pujangga Ranggawarsita, nanging ora dhemen maca karya sastrane, lan yasane tradisi Jawa kayadene kang lestari nganti seprene ora uwal saka perannane Walanda.
John Bowen (1986) ngisyaratake manawa retorika pamarintah (Sukarno) ngenani swadaya lan gotong-royong mujudake plesetan saka kerja rodi. Dove (1985) mratelakake manawa jroning sejarah Jawa, mitos, lan image pangolahing sawah tansah bebarengan karo ngerigake para tani kanggo kepentingane panguwasa. Mesthi wae bab-bab kaya mangkono iku perlu didadekake tetimbangan nalika arep nglestarekake nilai budaya
Jawa. Mengkono uga tumrap pelestarian basa Jawa kang taken for greanted, mung nyiptakake swasana kang ora demokratis,neofeodalisme. Mula, wigati banget supaya tansah kritis lan selektif jroning ngupaya pelestarian, luwih-luwih yen nyangkut babagan nilai praksis sosial utawa strategi pemberdayaanne.
Mbokmanawa cukup ngyakinake apa kang dikandhakake dening Paul Stange, manawa Jawa wis dadi dina kepungkur (masa silam) lan mung ana jroning imajinasi. Saya ditlesih lan ditliti kanggo jaman samengko, saya kita kudu nlusuri jaman kawuri. Jawa minangka peradaban ngadeg jejeg kanthi sintesis spiritual marang peradaban donya, Hindu-Buddha-Islam. Yen mengkono, banjur kepriye mungguh adagium Jawa ngenani ''Jawa iku ngeli''? Apa Jawa saiki malah ''keli'' jroning globalisasi lan kapitalisme? Buktine jroning acara Temu Bahasa dan Budaya Jawa iku, ora sijia anggota DPRD kang ngestreni -tegese kurang duwe kawigaten.
Banjur, kepriye kudune Jawa mapanake dhiri? Dibutuhake bawa rasa dawa, jalaran gumantung banget marang "dening" lan "kanggo sapa" wangsulan mau diwenehake.Nanging sing luwih wigati, yen praktik basa lan budaya Jawa digawe supaya tunduk marang wewayangan jaman kepungkur, sepira tebane kang ana saiki mujudake yasane jaman kepungkur? (c)
-Dr M Jazuli MHum, dosen Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Semarang
[Suara Merdeka, 5 Oktober 2003]
Mengorbit dengan Tulisan Kreatif
7 years ago
0 comments:
Post a Comment