Sunday, March 2, 2008

Sosialiasi Asil KBJ IV ing Jawa Timur: Mbukak Brekate Dhewe!

Meh wae aku kebrongot merga subjudhul Reunine IKIP Ketintang ing lapuran asisirah Oleh-oleh Sosialisasi Asil KBJ IV/2006, Reuni Gaya Sosialisasi? [Jaya Baya No 14, Minggu I Desember 2006]. Sababe, aku iki klebu alumnus IKIP Ketintang. Untunge ing ngisor subjudhul iku ana andharan manawa peserta Sosialisasi Asil KBJ IV iku para guru basa Jawa weton IKIP Ketintang [sing saiki dadi Unesa lan kampuse mbrentek nyang Lidah Wetan]. Lha, senajan padha-padha saka IKIP Ketintang, aku saka Jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Indonesia [ora saka Jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa], tur ya saiki ora dadi guru, lan senajan pangkatku Ketua Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya aku ora diundang dening Panitia Sosialisasi kuwi. Aku ora bakal protes merga ora diundang, yen pancen bener acara iku mung kanggo para guru basa Jawa. Mung, ana sawatara bab kang dadi panguneg-uneg gegandhengan karo acara Sosialisasi Asil KBJ IV kuwi.


[1] Boros

Sawatara wektu sadurunge Ngayogyakarta katrajang lindhu gedhe, aku kepethuk Prof Dr Suminto A Sayuti [klebu Panitia Pengarah KBJ IV saka tlatah Ngayogyakarta] ing Bandung. Ngglanik rembugan ngalor-ngidul, jog-jogane uga nyinggung bab Kongres Basa Jawa IV kang [nalika iku isih bakal kelakon]. Aku ora wani nyengguh manawa Pak Minto uga ngejak aku rembugan bab KBJ IV merga wektu iku wis sumribit isu manawa uga bakal kagelar Kongres Sastra Jawa [KSJ] II ing Semarang kang wektune dipepetake karo KBJ IV. Mangka, aku klebu pawongan kang kerep disebut-sebut ing rembugan bab KSJ kang dening Panitia KBJ diarani nandhingi lan ngreridhu kuwi.

Lha, mesisan, kalodhangan iku dakgawe kayadene curhat marang panjenengane, kanthi martakake manawa Jawa Timur nganakake acara ’’penjaringan makalah’’ nganti kaping pindho, neng hotel, kang manut pandugaku watara Rp 100 yuta isa entek kanggo acara ing Batu lan ing Tretes kuwi. Mangka, sawise nakalah kepilih mengko bakal dianakake ’’penggodogan’’ lan acarane ya wus kelakon tenan ing Tretes, ing hotel, kang manut pandugaku ora ketang Rp 50 yuta ya entek, lha pesertane ya disangoni saben uwong Rp 100 ewu dipotong pajek. Dadi, yen diupamakke wragat kanggo Sosialisasi wingi entek watara Rp 50 yuta, kanggo acara kaping papat kang ana sesambungane karo KBJ IV kuwi Biro Mental Spiritual Pemprov Jatim wis nglebar dana watara Rp 200 yuta.

’’Jogja malah ora nganakake apa-apa,’’ mangkono ngendikane Pak Minto. Takkira iku sing wicaksana.

Ora lagi dadi ’’tuan rumah’’ KBJ wae wis borose kaya ngono, mendahneya mengko yen dadi ’’tuan rumah’’ ya? Mangka yen miturut gilirane, KBJ V mengko kudune dianakake ing Jawa Timur.

[2] Bintal dadi Event Organizer

Isih miturut lapurane Jaya Baya, kang mandhegani acara Sosialisasi iku Biro Mental Spititual [Bintal] Pemprov Jatim. Sajake, acara-acara sadurunge ya padha wae. Lho, iki urusan basa kok kang paling cancut malah Bintal? Balai Bahasa Surabaya mung Pak Kepala-ne didhapuk dadi pemakalah. Malah, Dinas Pendidikan utawa Subdin Kebudayaan Jatim sajake ora disaruwe. Iki piye ta? Mangka, yen dirasak-rasakake rak instansi loro kang kasebut pungkasan kuwi kang kudune luwih cancut ngurusi basa, klebu basa Jawa, apamaneh temane KBJ IV kuwi ’pendidikan’.

Yen mung arep srekal-srekalan ya bisa wae Bintal ngurusi Kongres Basa Jawa. Kabeh bisa diurusi Bintal, saka pemberantasan korupsi, penanggulangan HIV, Antinarkoba, lha mbok ketertiban lalulintas ta, ya gegayutan karo mentale para pemakai jalan. Mbokmanawa pancen aku kang ora mudheng tren birokrasi jaman saiki. Nanging, saelingku dhek ngadhepi KBJ I [Semarang 1991] instansi ing Jawa Timur kang kepothokan ya Depdikbud [embuh apa bener kuwi jenenge dhek jaman semana, mung elingku isih ana kang jenenge Jarahnitra, perangane Depdiknas sing ngurusi sejarah lan nilai-nilai tradisi].

Uga nalika Jatim dadi ’’tuan rumah’’ KBJ II [Batu, 1996], kang nggelar Prakongres lan sapiturute ya Depdiknas. Lha, iki kok mak bedunduk Bintal malahan kang dadi lakone? Apa pancen arep dadi kayadene event organizer ngono apa ya?

[3] Urip-uripen Media Basa Jawa

Coba, upama dhuwit Rp 200 yuta kuwi ditanjakake kanggo mbabar buku wacan basa Jawa kanggo ngiseni perpustakaan sekolahan, mbokmanawa para guru tumekane murid bisa melu ngrasakake, tur ya ora mung kanggo sagedhagan. Media basa Jawa, pengarang, pengurit, kritikus, mesthine bisa dijak gegandhengan tangan kanggo nglairake buku sing trep kanggo wacan ing sekolahan.

Kang kudune entuk kawigaten luwih mirunggan yakuwi anane media basa Jawa kang kababar ing Surabaya [Jaya Baya lan Panjebar Semangat]. Media loro kuwi kudune dadi kebanggaane Jawa Timur, mligine Surabaya, jalaran Ngayogyakarta lan apamaneh Surakarta Hadiningrat kang diakoni kadidene pusate kabudayan Jawa wae ’’ora kuwat’’ mbabar majalah abasa Jawa kang sempulur lan jembare tebane madhani kalawarti babaran Surabaya iki. Apa ngono kuwi ora kena diarani klebu ’’keajaiban dunia?’’ hara!

Manut pamawasku, yen Pemkot Surabaya lan Pemprov Jawa Timur ora bisa ngajeni kalawarti basa Jawa kang kababar ing kene, embuh piye carane, takkira ajamaneh kok Dewan Bahasa Jawa, Kongres Basa Jawa wae ya ora prelu! Mung ngentek-enteki dhuwit. Lha, KBJ kuwi wragate em-em-an lho!

[4] Mbukak Brekate Dhewe

Yen bener manawa sing diundang ing acara Sosialisasi kuwi pancen para guru basa Jawa, ateges paragane ya kuwi-kuwi wae, kurang luwihe ya sami mawon karo sing diundang ing acara: [1] penjaringan makalah I, [2] penjarimngan makalah II, lan [3] penggodogan makalah.

Kiraku akeh peserta acara Sosialisasi kuwi sing dhek September wingi ya melu nekani KBJ IV ing Semarang. Lha, rak lucu ta? Sosialisasi kuwi rak mbiwarakake apa oleh-olehe saka Semarang wingi, lha kok ibarate wong mulih saka kondangan kenduren bareng tekan ngomah brekate dipurak dhewe? Walah, walah!

Tur maneh, takkira saben kabupaten/kota ana wakile sing teka ing KBJ IV. Kanthi semangat otonomi, mbok ya yen ana dhuwit disumbang prabeyane, utawa ya kareben para pemkot/pemkab kuwi nganakake sosialisasi dhewe-dhewe, yen wegah diarani kebacut kang dadi proyektor kuwi! [BONARI NABONENAR]

0 comments: