Tuesday, October 21, 2008

Jeruk Sing*

Crita Cekake: Siti Aminah


Klek. Lampu diuripake nalika Windrati mungkasi guneme. Sanalika ruangan patemon Rasa Tunggal ing Jeruk Sing bali padhang. Gambar omah rusak merga kajugrugan lemah ing tembok ngarep kang kasentrong saka LCD kari lamat-lamat.



Udan kang ora ana enteke wiwit awan. Ndilalah listrik mati sisan. Mula bubar magrib, warga padha kuncen lawang. Hrrrrreeeg. Harjito nglilir, banjur ngelekake mripate. Lamat-lamat dheweke krungu suwara kang rada nyalawadi. Ing wayah wengi kathik udan lan listrik mati pisan, kok keprungu suwara mesin pemotong kayu diunekake. Ah, ngayawara. Ngimpi mbokmenawa, utawa rungon-rungonen, batine. Nom-noman kuwi bali ngeremake mripate, mbacutake turune. Nanging durung nganti turune kepati suwara horeg kuwi bali keprungu. Harjito menyat. Mudhun saka dhipan. Atine krasa sumelang. Embuh suwara apa kang nembe keprungu, nanging dheweke rumangsa menawa iku mujudake saweneh pertandha. Mbuh pertandha apa.

Sawise nyandhak lilin kang mung kari sadriji dawane, Harjito marani lawang, arep metu saka kamar. Ora kaya padatan, lawang angel diwengakake. Kaya-kaya gawangane mungkret saengga inepe seseg. Kaya ana kang ngelingake, Harjito mbengoki wong tuwa lan mbakyune sinambi narik lawang sarosane. Nalika lawang kasil kawengakake, suwara horeg bali keprungu. Harjito bengok-bengok sinambi mlayu tumuju lawang metu. Lemah kang diidak sajak obah. Lindhu! Ing tengah kahanan iku dheweke ujug-ujug kelingan kandhane Windrati nalika semana. Mula pambengoke diserokake sakayange.

“Longsor! Tulung! Tulung!”

“Menika wau gambar ingkang kapendhet sekawan jam sasampunipun musibah longsor ing Nigasan lan dhusun sakiwa tengenipun. Dalu menika sesarengan kula, sowan ugi Mas Harjito minangka saksi lan korban longsor ing Nigasan,” tembunge Windrati mungkasi sesorahe sinambi ngacungake jempole marang nom-noman kang lungguh lesehan ing ngarepe. Sabanjure mike diulungake marang wong lanang ing sandhinge kang dadi moderator acara.

Sanjabaning papan patemonan, katon Nara nguncalake tegesan menyang latar kang teles dening udan. Atine goreh. Rasa lupute teka maneh. Luwih-luwih nalika Windrati masang gambar kahanan Nigasan ing ngarepan.

”Mung kowe sing bisa dakjagakake,” tembunge Windrati marang Nara ing telepon sawijining wektu. ”Liwat jalur struktural wis mental. Wiwit saka kabupaten nganti tekan desa dakparani. Ora ana sing gelem nanggapi, kuwatir pariwisata Nigasan mati.”

”Ya, dakusahakake,” wangsulane Nara setengah njanjeni. Sakeplasan dheweke wis maca laporan penelitian ngenani kahanan Nigasan kang dikirim Windrati liwat email. Miturut laporan iku Gunung Nigasan mujudake ancaman kanggo masarakat sangisore awit ing kono tinemu anakan gunung padha bengkah lan tekane udan ing mangsa rendheng bisa ndadekake jugruge lemah.

Harjito ora bisa ngampet luhe nalika jisime wong tuwa lan mbakyune katemokake sedina sawise jugruge Gunung Nigasan. Rasa keduwunge ora bisa kagambarake. Ora mung merga ora bisa tetulung nanging luwih saka kuwi merga dheweke ora maelu marang tembung Windrati sakanca nalika semana. Windrati sakanca teka, marani dheweke kang dadi tetuwane para mudha Nigasan, nalika upayane ngelingake pamong desa ora digape. Eman tangkepe Harjito ora beda karo para perangkat desa. Nigasan mujudake papan jujugan plesiran kang aman! Tembung aman iku kang kudu tansah kaucapake kanggo narik kawigatene wong-wong supaya plesir menyang Nigasan. Awit akeh warga njagakake panguripan saka tekane wong-wong plesiran. Mula ukara ”Nigasan aman” kudu tansah kabiwarakake. Amarga anane perkara ing Nigasan mesthi nggawa konsekuensi ekonomi.

”Sorry Win,” celathune Nara ing telepon, sedina sawise Windrati ngubungi. ”Laporanmu ora bisa kapacak,” mandheg sedhela, ngulu idu. ”Kowe ngerti dhewe sapa juragane koran iki.”

”Kenapa ndadak tekan juragan?” wangsulane Windrati. ”Kowe pemimpin redaksine!”

Nara ora gage wangsulan. Dheweke wis bisa mbayangake kepriye bakal tangkepe Windrati krungu bab mau. Bener pancen dheweke kang dadi pemimpin redaksi ing koran iki. Nanging dheweke rak ya mung buruh kang kudu manut kekarepane si Bos kang nduweni modal. Lan si Bos wis wanti-wanti, berita kang kababar ing korane kudu nyengkuyung program pemerintah. Sadurunge pilkada dileksanani, bab mau wis disepakati. Iku rega mati, menawa si Bos kepingin tetep dadi rekanan bisnise Bupati. Mula nalika Windrati menehi laporan penelitian ngenani Nigasan, Nara rumangsa prelu njaluk pretikele si Bos.

”Pemimpin redaksi ki ya mung buruh, Win,” sidane kawetu wangsulane Nara.

”Juraganmu rak ya ora nyeleksi berita ta? Saupama kowe nekad paling rak mung diseneni.”

Nara ora wangsulan, mung banjur unjal ambegan.
”Mekaten atur pangendikan saking Ibu Windrati Kaliman. Salajengipun kita bikak sessi diskusi...” keprungu celathune moderator sinambi nampa mike saka Windrati.

Durung nganti moderator mungkasi tembunge, saweneh pawongan ngangkat tangan ing ngarep lawang. Windrati kang wiwit mau nyawang ngarepan kaget meruhi pawongan iku. Nara. Senajan wis ngira menawa Nara bakal teka ing Sarasehan Peredaman Resiko Bencana iki, nanging meksa ana rasa kang banjur nyeseg ing dhadha. Wong wadon kuwi nggegem tangane kang wiwit krasa anyep merga gugupe.

” Kula sarujuk kaliyan ngendikakanipun Ibu Windrati bilih peredaman lan penanggulangan bencana dados tanggel jawab kita sedaya kalebet media. Pramila kula minangka pekerja media nyuwun pangapunten dhumateng para korban ing Nigasan awit peran media ing babagan pendidikan kebencanaan dereng maksimal,” celathune Nara nalika mike wis ana tangane.

Windrati nyalami wong-wong ing sakupenge sinambi pamitan. Mung siji pepinginane saiki, gage oncat saka papan patemonan. Nanging durung nganti sikil kiwane kalebokake ing sepatu, keprungu suwara ngundang jenenge. Nalika Windrati njengek, Nara wis ana ngarepe.

”Nginep ana ngendi?” pitakone.

”Eh, ASA Graha, cedhak prapatan.”

”Dakterake.”

Dumadakan Harjito kang teka ing acara iki merga diajak Windrati marani. ”Mobil ingkang badhe ndherekaken sampun siap, Bu.”

”Oh, iya,” wangsulane Windrati kang gage ditimpali dening Nara, ”Kula ingkang badhe ndherekaken Bu Win,” kandhane Nara marang Harjito.

Harjito nyawang Nara sedhela. Banjur marang Windrati, nanging kang disawang ora aweh wangsulan, mula setengah negesi dhewe apa kang kudu ditindakake, nom-noman kuwi pamitan.

Nganti sawetara Windrati lan Nara mung padha meneng-menengan sajeroning kendharaan kang nggawa kekarone tumuju tengah kutha. Jeruk Sing wis kliwat.

”Kowe isih nesu?” Nara mbukaki gunem.

Windrati gedheg. ”Kanggo apa nesu? Wis kedadeyan. Luwih penting mikirake apa kang bisa ditindakake sabanjure.”

Ora ana kang celathu sawise iku. Nganti Nara nginggirake kendharaane ing ngarep penginepan lan Windrati mbukak lawang, nembe tembunge keprungu, ”Matur nuwun ya.”

Nara nyawang wong wadon iku, sauntara. ”Ora ngajak aku mlebu?”

Windrati meksa lambene mesem, ”Wis bengi, aku arep turu,” tanpa ngenteni wangsulan wong wadon iku metu saka mobil lan bablas menyang lobby kang wis katon sepi.
Nara isih ana papane. Nyawang ilange Windrati saka pandulune kanthi rasa cuwa awit kang disawang bablas, sajak ora rumangsa.

Mlebu kamar lan mbanting awak ing dhipan. Windrati ngesok pangrasa kang wiwit mau wis nyeseg ing dhadha. Tetaunan dheweke ngyakinake menawa Nara mung cerita lawas sajeroning uripe. Pranyata ora bisa. Perih ing ati amarga cerita lawas kuwi, isih krasa tekan saiki.

Nanging ora suwe dheweke banjur tangi, kelingan menawa kajian daerah aliran sungai Brantas lan Bengawan Solo durung ditandangi.[]

*) nate kapacak ing majalah Jaya Baya

2 comments:

ndhrerek nguri-uri kabudayan jawi