Senajan Mung Prasaja Acara Katon Semuwa
Wragad kanyatan isih kalah karo tekad. Bonari Nabonenar (45) seka Trenggalek kasil mbuktekake. Senajan kanthi prabeya cumpen mung Rp 50 yutan, kasil ngumpulake atusan penggiat Sastra Jawa saindenging tanah Jawa. Satemah desa klairane Bonari, Nglaran Kec. Dongko, katon regeng sajroning rong dina. Dalasan Bupati Trenggalek Soeharto uga kepareng ngestreni, saengga bawa rasa antarane para penulis Sastra Jawa iku katon semuwa najan kanthi papan prasaja.
ORA ana upacara tradisi masonan ing mangsa ketiga, ora ana wong duwe gawe; nanging dhusun Nglaran Desa Cakul Kec. Dongko Kabupaten Trenggalek dina kuwi katon regeng. Warga desa kono lan sakiwa-tengene melu tumplek ing komplek gedung SMP Satu Atap 2 Dongko. Pancen ana kedadeyan menjila ing dina kuwi, sing cukup bersejarah, kang durung nate dialami ing desa kuwi. Para penggiat Sastra/Budaya Jawa seka saindenging Tanah Jawa, wiwit Bogor, Jakarta, Semarang, Yogyakarta, Surakarta, Bojonegoro, Kediri, Tulungagung, Ponorogo, nganti Banyuwangi, kabeh ngumpul ing desa pegunungan sepi, 50 Km sakidul kulone kutha Trenggalek iku.
Iki kabeh merga seka kringet lan kertiyasane Bonari Nabonenar, kawula mudha klairan desa kono, sing sasuwene iki pancen dadi penggiat Sastra Jawa. Ora mung kanca lan komunitas Sastra Jawa wae, dalasan penggiat Sastra Indonesia kaya dene Beni Setia (Madiun) lan D. Zawawi Imron (Surabaya) uga rila adhem-adheman rong dina ing papan kuwi. Luwih hebat maneh, Bupati Trenggalek Soeharto, uga kepareng rawuh lan ngresmekake acara sing tetenger Festival Sastra Jawa & Desa 2009 mau. “Bonari pancen hebat,” komentare para tamu. Iki sukses katelu tumrape Bonari, sawise nggelar Sarasehan Sastra Jawa ing Semarang dhek September 2006 ndhisik lan taun 2002 ing Taman Budaya Surakarta (TBS).
Beni Setia vs RM Yunani
Festival Sastra Jawa & Desa 2009 (FSJD – 2009) ing sakawit bakal digelar dhek pertengahan Juni 2009. Nanging merga mbarengi mangsa ujian sekolah, banjur mundur rong sasi. Dr. George Quinn seka Universitas Nasioal Australia sing mesthine bisa melu nekani, dadi wurung merga mundure kegiatan iki. Nanging ora dadi baya, jer kaya dene wong nyabetake pedhang saupamane, saya mundur malah dadi sangsaya antep tangguhe.
Cundhuk karo jenenge, FSJD -2009 pancen ora ngemungake ajange bawa rasa antarane para pengarang Sastra Jawa, nanging uga dadi papan pameran home industri lan kerajinan asal desa Cakul. Ana pameran wedhus Etawa sing akeh dadi klangenane warga kono, uga ana kerajinan nggawe wayang. Ndalem pidhato sambutane Pak Bupati mratelakake yen, yen FSJD-2009 iki pancen luar biasa, ingatase ing papan sing cukup “mencil” iki klakon ana pagelaran adi lan langka. Mula panjenengane ora mung paring sabiyantu dhuwit lan banyu nganti rong truk tengki, ananging uga kepareng ngundang para peserta FSJD-2009, sapatemon mligi ing kantor bupati. “Mbesuk yen ana kegiatan kaya ngene maneh, aku bakal mbantu sakatoge. Mangga, pendhapa kabupaten diagem saperlune,” ngendikane Pak Soeharto sadurunge nabuh gong tandha kawiwitane festival.
Sarasehan sastra Jawa kanthi topik “Mengembangkan model inovatif pada pembelajaran” diaturake dening Prof. Dr. Setya Juwana Sudikan guru besar Universitas Negeri Surabaya, kanthi moderator Sutjipto Hadi Purnomo M.Hum, dosen Universitas Negeri Semarang. Banjur bawarasa antarane para penggiat Sastra Jawa dumadi awan iku uga ana panggung terbuka kang dibangun dadakan ing plataran daleme Bonari, kanthi moderator Sumono Sandy Asmara, alumni Unesa, Surabaya. Ing kalodhangan iki, budayawan/sastrawan D. Zawawi Imron uga mratelakake, sepira gedhene Sastra Jawa anggone ndayani kasusastran Madura, mligine ing kalangan pesantren.
Beni Setia sastrawan Sunda kang wis “njawani” merga manggon ing Caruban (Madiun), nate gugat: geneya para wong sugih Jawa ora darbe kawigaten marang kasusastrane? Ing kalodhangan kasebut wusana dheweke darbe panemu, yen Sastra Jawa iku ateges satra panggung, kang nembe krasa nalika ana ing tontonan wayang uwong, wayang kulit apadene kethoprak. Swasana iki dadi rada anget, jalaran enggal dibantah dening RM Yunani penggiat Sastra Jawa saka Surabaya. “Sastra Jawa iku ya sastra tulis kang tinemu ing buku-buku lan majalah. Dene yen kethoprak, wayang nggunakake Sastra Jawa, pancen iya....!” pratelane.
Eyang Suparto Brata bali ngunggar panemune, yen Sastra Jawa surem jalaran masarakat ketenta marang budaya ngrungokake lan nonton, sing mujudake kodrat. Kamangka sing jeneng maca, kabisan iku kudu disinaoni, kayadene wong bisa nyetir mobil sarana ajar dhisik. Luwih-luwih maca buku-buku sastra, kudu duwe kawigaten mirunggan. Mula manut panemune, bebrayan bakal luwih berbudaya samangsa rakyate padha nresnani kasusastran. Semono uga Arswendo Atmowiloto, ndalem sambutan tertulise pratela: Sastra Jawa satemene wis lengser bareng aksara Jawa wis ora digunakake maneh ing bebrayan. Mula yen engga saiki isih ana wong kang ora ilang kasetyane marang Sastra Jawa, dheweke bisane mung atur sungkem lan kurmat marang priyayi kang mengkono iku.
JFX Hoery nggawa “pocong”
Sajroning rong dina FSJD-2009 digelar, masarakat Desa Cakul antuk hiburan mirungan. Kejaba demo guritane Sumono seka Ponorogo, uga ana pasugatane Bu Diah Hadaning seka Bogor. Nursinggih seka Ngayogya ngaturake guritan kombinasi tembang Jawa kang digawe dadakan ing sela-selane festival. Pantomim kondhang Jemek Supardi seka Ngayogya uga atur pasugatan “wong golek kodhok” ing tengah wengi. Kejaba iku para tamu uga dilipur dening Kentrung Panjiwulung. Lan ing acara penutupan Rebo sore, ana pagelaran wayang kulit.
Sacara umum, ora muspra Bonari sakanca nganti adus kringet kanggo ngadani lan ngajangi FSJD-2009 kuwi. Mula RM Yunani ngendikakake, lekase arek Tenggalek iki mbuktekake yen kegiatan nguri-uri kasusastran Jawa iku tetep bisa katon greget lan regeng senajan kanthi wragad sing cumpen. Tandhingna karo Konggres Basa Jawa limang taunan kang wragade nganti milyaran nanging mung kandheg tekan makalah. Senajan wragade mung Rp 50 yutan kayadene pratelane Bonari, setting panggung bisa digawe kanthi bregas, lan para tamu kopen kabeh, mangan wareg.
Bonari dhewe nganti ngondhok-ondhok nalika aweh sambutan minangka Ketua Panitia. Ora ngira nganti tekan semono kawigatene masarakat lan pejabat Kab. Trenggalek. Dheweke nekad nggelar FSJD-2009 pancen ora mung kepengin kangen-kangenan para penggiat Sastra Jawa, nanging yen bisa sabanjure dadi agenda taunan sing munggahe bisa dadi Festival Etnik Sastra. “Dadi awake dhewe ora cukup mung nggresula lan nangisi nasibe Sastra Jawa”, pratelane.
Para penggiat Sastra Jawa kang rawuh pancen atusan. Fx Subroto sak balane saka Jaka Lodang (Yogyakarta) nggawa mobil dhewe, semono uga Kicuk Parta Pemred Jaya Baya, ngajak balane bangsane Sriyono lan Wuwuh Rahayu. FX Huri saka Bojonegoro nggawa bala sakbis klebu “pocong” lima cacahe. Malah seka Banyuwangi, ana sing nekad numpak motor tekan Dongko. Sajroning rong bengi para tamu diinepake ana daleme Pak Abdul Hasyim, Suparman Spd, Abdul Mungin, sarta daleme Bonari dhewe sing cukup bawera. Pasugatane uga khas karang padesan, ana punten, godhogan tales nganti kacang rebus. Prasaja pancene, ning tetep semuwa. (Gunarso TS)
Jaya Baya Nomer 51 Tahun 2009
Mengorbit dengan Tulisan Kreatif
7 years ago
0 comments:
Post a Comment