Bathik sing endi sing njalari bebadan UNESCO (United Nations Educational Scientific and Cultural Organization) mutusake bathik minangka pusaka warisan donya asli Indonesia kang asipat tan ragawiyah?
Sawetara nom-noman ing tlatah Kutha Solo, nalika melu ngregengake kirab Solo Membatik Dunia, dina Setu (3/10), nelakake, bathik sing dikarepake mesthine ya bathik sing lumrah tinemu saiki. Sandhangan bathik, asesoris sandhangan sing digawe saka bathik, lan liya-liyane sing karan bathik.
”Ya sangertiku bathik kuwi ya bathik ngono wae. Kaya klambi sing dak anggo ini bathik. Sing dinggo kancaku iki ya bathik. Lan kae, sing dinggo ewon wong sing melu kirab ya bathik kabeh. Dadi bathik kuwi ya bathik,” pratelane Wahyunanto, nom-noman siswa sawijining SMA ing Kutha Solo.
Panemu mangkono mau pancen wus lumrah mratah ing madyaning bebrayan agung Kutha Solo. Lire, sing dianggep bathik kuwi ya saben sandhangan sing saiki lumrah karan bathik.
Kamangka, yen mirid andharan saka pehak UNESCO sing kapacak ing situs unesco.org, putusan netepake bathik minangka warisan pusaka donya asipat tan ragawiyah sing asli saka Indonesia ora mung wates ndulu wujud bathike utawa ragam hias bathike. UNESCO netepake bathik minangka pusaka warisan donya kuwi ora uwal saka laku gawe bathik, filosofi kang kakandhut ing saben cakrik utawa motif bathik lan pigunane bathik-bathik kasebut.
Hamula kuwi, miturut budayawan Jawa, Pangarsa Komite Museum Radyapustaka kang uga tilas pengusaha bathik, Winarso Kalinggo, dina Senen (5/10), bathik sing njalari UNESCO ”kepranan” kuwi ora liya bathik sing karan bathik carik lan bathik cap, utawa bathik tulis lan bathik cap.
Panemu kang kurang luwih padha uga ditelalake dening Dr Darsono saka Institut Seni Indonesia (ISI) Solo. Nalika rawuh ing acara sarasehan ngrembug bathik ing Dalem Wuryoningratan, dina Jemuah (2/10) wengi, Darsono ngandharake, bathik sing kaanggit dening para leluhur biyen lan isih lestari nganti saiki ora kawruhan sapa wonge sing nganggit.
Kanyatan mangkono kuwi nuduhake menawa bathik kaanggit kanthi landhesan kapentingan kamanungsan kang tebane pancen amba banget. Lire, sapa sing nganggit cakrik-cakrik bathik kuwi ora duwe pepenginan supaya kondhang, nanging jalaran kanggo njurung murih sansaya apike drajat urip lan panguripane bebrayan agung.
Jarwadhosok
Hamula kuwi, miturut Darsono, saben cakrik bathik mesthi ngemot tapsiran-tapsiran tinamtu kang ana gayutane karo laku lan jantraning uripe manungsa. Iki kang ndadekake bathik diakoni dening UNESCO minangka pusaka warisan donya asipat tan ragawiyah asli saka Indonesia.
Lan kang aran tapsiran, nilai-nilai lan filosofi kang asipat adiluhung lan adiluhur kuwi, miturut Winarso, hamung kakandhut ing bathik carik lan bathik cap. Iki jumbuh pangerten bathik kang satemene. Negesi bathik kanthi jarwadosok amba lan nitik utawa ngembat lan titik sing tegese nulis titik ing mori jan-jane ora trep lan uwal saka werdine bathik kang sejati.
Miturut andharan ing buku Pratingkahipun Adamel Sinjang, werdine bathik kuwi ora bisa dibabar ing saktembung utawa rong tembung. Bathik kuwi mujudake asil laku kang dawa, wiwit saka nggambar motif engga laku barbaran. Sing dadi ciri mligi ing bathik yakuwi panggunane mori, malam lan pawarna. Miturut andharan ing buku kuwi, laku gawe bathik mung ana loro sing ngasilake bathik carik utawa bathik tulis lan bathik cap.
Ing bathik carik, kawitan motif-e digawe nggunakake potlot sing banjur ditindhes nganggo malam nggunakake canthing. Dene ing bathik cap, kawitan motif-e digawe nggunakake cap utawa stamp sing digawe saka tembaga. Cap kuwi ditelesi nganggo malam lan langsung dicapke ing mori putih, tanpa nggunakake potlot lan canthing.
Katrangan sing kapacak ing situs unesco.org nelakake, Indonesian Batik - The techniques, symbolism and culture surrounding hand-dyed cotton and silk garments known as Indonesian Batik permeate the lives of Indonesians from beginning to end: infants are carried in batik slings decorated with symbols designed to bring the child luck, and the dead are shrouded in funerary batik.
Pratelan kasebut werdine kurang luwih ngandharake menawa bathik Indonesia sing kabiji minangka pusaka warisan donya kuwi anyakup cara gawene, pralambang kang kakandhut lan kabudayan sing njalari kaanggite bathik kasebut. Lan bathik sing kagawe ing mori kuwi dadi perangan laku urip wiwit saka kawitan dumadine manungsa nalika isih ing kandhutane ibu nganti dikubur nalika mati. Bathik uga ngamot pralambang murih uripe manungsa wiwit isih bocah nganti tumekaning pati tansah kawengku ing kautaman.
”Tapsiran mangkene iki mung kakandhut ing bathik tulis utawa bathik cap. Dene yen bathik sing lumrah ing titi wanci iki, yakuwi bathik printing, sejatine ora trep yen sinebut bathik. Trepe ya mung wates sinebut sandhangan sing motife bathik, dadi dudu bathik ing pangerten minangka pusaka warisan donya kuwi,” tandhese Winarso. [Ichwan Prasetyo]
Solopos
Mengorbit dengan Tulisan Kreatif
7 years ago
0 comments:
Post a Comment