Saturday, November 14, 2009

Kritik (Perangan I)

Taun 1996 (iki yen ora kleru, jalaran cathetane takgoleki durung ketemu, iki mung wates dhudhahan saka memori-ku sing winates banget) Esmiet kang nalika kuwi nggawa jeneng panaliti saka Balai Bahasa Yogyakarta nelakake menawa jagad sastra Jawa modheren (gagrak anyar) bakal mati ing taun 2009.

Lhah, kanyatane nganti titi wanci iki jagad sastra Jawa modheren kuwi panggah isih urip. Ananging uripe pancen mrihatinake, kadidene wegah mati nanging uripe ya mung ngono-ngono wae. Piye larah-larahe saengga Esmiet duwe panemu kaya mangkono?

Saelingku, nalika kuwi Esmiet medhar andharan lan panemune kuwi lelandhesan kanyatan manawa jagad sastra Jawa gagrak anyar kuwi urip saka majalah (kalawarti) abasa Jawa. Hamula banjur kaprah sinebut sastra (Jawa) majalah. Dene majalah sing nguri-uri sastra Jawa kuwi ora liya Panjebar Semangat (Surabaya), Jaya Baya (Jatim uga), Djaka Lodang (Yogyakarta), Mekarsari (Yogyakarta) lan Sempulur (Jateng).

Ing taun 1996 kuwi Esmiet nduga menawa kabeh majalah abasa Jawa kuwi bakal mati, cures, ing taun 2009. Petungane sakmadya banget, yakuwi sudane oplah utawa tiras majalah-majalah abasa Jawa kuwi sing bakal nyedhaki paripurna ing taun 2009. Nalika kuwi ana etung-etungan yen ing taun 2009 majalah abasa Jawa bakal kelangan pelanggane.

Kanyatan kang dumadi pancen ora bisa diselaki. Ing titi wanci pungkasan iki, oplah majalah-majalah abasa Jawa sansaya suda. Panjebar Semangat sing oplahe tau nganti nyandhak 20.000 saben dibabar, apa saiki ya isih sakmono? Dakkira wus adoh banget, mangkono uga nasibe Djaka Lodang lan Jaya Baya. Dene Sempulur embuh piye saiki nasibe. Yen Mekarsari genah wus mati, saiki mung kari dadi salah sijine rubrik ing Kedaulatan Rakyat.

Dene kalawarti anyar, Jagad Jawa, sing dadi suplemene Solopos lan dibabar saben dina Kemis, nganti saiki uripe ya jalaran nemplek ing Solopos. Lamun dipisah, mbokmenawa ya padha wae kahanane.

Uwal saka kabeh kuwi mau, kanyatan nuduhake menawa jagad sastra Jawa modheren isih duwe daya kanggo urip. Sutresnane isih ana. Lhah iki kang kudu didayakake murih jagad sastra Jawa modheren bisa tangi, luwih nengsemake, lan yen bisa ya kuncara.

Miturut panemuku, ana kupiya siji sing enggal kudu dikrembakakake murih bisa ndayakake sastra Jawa gagrak anyar kuwi. Kupiya kasebut ora liya ndhedher lan ngrembakakake tradhisi kritik sastra tumrap karya-karya sastra Jawa.

Ing titi wanci pungkasan iki jagad sastra Jawa bisa sinebut kelangan pengritik (basa Indonesia iki). Ora ana panyaruwe kang bisa dibabar tumrap warga sutresna sastra Jawa gegayutan karya-karya sastra Jawa sing dianggit lan dibabar. Embuh kuwi lumantar majalah (kalawarti) abasa Jawa sing ana apadene lumantar Internet. Kamangka anggitan-anggitan anyar karya sastra Jawa isih ndlidir, meh saben dina ana.

Lah kepriye kupiya kanggo ndhedher lan ngrembakakake budaya kritik sastra tumrap sastra Jawa kuwi? Aku duwe panemu, nanging durung bisa takbabar ing tulisan iki, ing candhake tulisan iki bakal takbabar. Lan taksuwun paramaos bisa aweh pamrayoga kepriye murih budaya kritik sastra tumrap sastra Jawa bisa didhedher lan dikrembakakake (maneh). Sumangga....(Ana candhake)

Sumber: Pesbuke Mas ’’Ichwan Prasetyo’’

1 comments:

ramalan sensasional cap "Esmiet" kuwi sepisanan diandharake ing PPIA Surabaya nalika tahun 80-an persise nalika GUnung Kelud mbledhos udan awu sing dhek bengine Mike Tyson dijungkelake dening Mc Buster Douglas ing Tokyo