Saben ngrembug jagad sastra Jawa mesthi bakal anjog ing dudutan lamun sastra Jawa panggah mrihatinake, urip ora nanging diarani mati ya ora. Ing saben acara sapatemone para sastrawan Jawa, angele regenerasi sastrawan Jawa dadi underan perkara sing mesthi mecungul, nanging ora tau sinartan pawangsulan gumathok mungguh cara ngawekani.
Panggilut sastra Jawa saka Yogyakarta sing wus ngasilake novel abasa Jawa kanthi irah-irahan Singkar, Siti Aminah, nelakake kahanan mangkono mau sansaya mrihatinake maneh nalika wulangan basa lan sastra Jawa sing wus dadi wulangan wajib ing SD nganti pawiyatan madya, kanyata ora suka panyengkuyung nyata tumrap sastra Jawa.
“Sanggar-sanggar sastra Jawa ing maneka kutha isih kangelan narik kawigatene para nom-noman supaya gelem teka lan melu adreng nggilut jagad sastra Jawa. Pancen ana pisan pindho kalodhangan sing kuwawa narik kawigatene nom-noman lan remaja murih gelem teka ing sanggar sastra Jawa, nanging wusana ya ora ana nom-noman utawa remaja sing banjur adreng nggilut jagad sastra Jawa,” pratelane Siti nalika medhar andharan ing wicarana Diorientasi Sastra Jawa Gagrak Anyar ing Teater Arena Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT) Solo, dina Setu (7/11) wengi.
Yen ngrembug regenerasi sastrawan Jawa, miturut Siti, jan-jane ora sethithik nom-noman sing nyoba ambyur ing jagad sastra Jawa lelandhesan rasa ketarik lan pengin ngerti. Emane, para nom-noman sing jan-jane bisa dadi paneruse sastrawan Jawa kuwi ora disengkuyung dening sastrawan Jawa sing luwih tuwa. Racake, para sastrawan Jawa sing tuwa utawa generasi tuwa sastra Jawa mbiji menawa para nom-noman kuwi durung sangu pangerten kang bener lan pener babagan sastra Jawa.
Siti mbiji menawa akeh-akehe sastrawan Jawa generasi tuwa duwe pangarep-arep bakal laire sastrawan Jawa sing luwih enom, nanging kanthi gagasan lan cara nglairake gagasan sing padha kalawan para sastrawan sing kapetung generasi tuwa kuwi mau.
Para panggilut sastra Jawa supaya merdeni tembung “nguri-uri sastra Jawa” ing pangerten sing jumbuh owah gingsiring budaya Jawa. Nguri-uri ing kene kudu diwerdeni minangka njaga entitas sastra Jawa sinartan mbukak lan suka kalodhangan mirunggan tumrap owah-owahan nyata. ::pra::
Jagad Jawa, Solopos, Kamis, 12 November 2009 , Kaca : D
0 comments:
Post a Comment