Sunday, January 31, 2010

Kongres Budaya Jawa Arep Ngapa Meneh?

RANCANGAN Kongres Budaya Jawa, wis bola-bali digodhog. Kawitane sangertiku, rancangan kasebut digarap ing hotal Rosalia Indah, jalan Ringroad Yogyakarta Juni 2002. Wektu kuwi, sing mandhegani Mas A Darmanto seka RRI. Uga disumbagani kadang KRT Puspa Hadinegara lan Dhanu Priyo Prabowo. Intine jajag-jajag arep nganakake Kongres Budaya Jawa, kanthi ndhapuk panitia.

Aku dhewe ora katut diundang resmi wektu kuwi. Mung dibel kon teka. Gandheng aku ora ngerti kenthang kimpule, tur olehe ngundang mung gelem ora-ora -aku emoh teka. Ning aku tetep mbuntuti rancang kasebut, jane arep ngapa maneh? Arep gawe tragedi kaya KBJ III meneh? Apa pancen ana bab sing wigati, kang pantes dirembug ing Kongres Budaya Jawa?

Gagasan sing ujare dipandhegani langsung dening Raka Damarjati Supadjar, lan wis entuk panjurung KRT Yudaningrat kuwi tetep mlaku -arep digelar Juni 2003. Malah kadangku sepuh Mas Yoyok Hadiwahyono sing klebu panitia wiwit nginceng priyayi lan lembaga sing pantes dirangkul -ben nyengkuyung adicara gedhen iku. Lan tundhone 30 Agustus 2002 mapan ing Graha Pena Jawa Pos -sing dibosi Mas Setya Yuwono Sudikan nganakake ‘pra kongres’. Wektu iku sing kejibah ndobos Damarjati lan Sindhunata.

Emane ‘pra kongres’ kasebut ya mung ceramah mlaha sing dicocog-cocogake karo gagasan kongres. Soale topike wae uga manut disiplin lan ngelmu sing digemeni dening pembicara. Kayata, Damarjati mawas budaya Jawa seka filsafat (ajeg) lan Sindhunata mawas seka budaya kekuasaan Jawa. Kanthi mengkono, aku ora pati yakin yen acara kasebut diarani ‘pra kongres’. Dene ing Yogyakarta dhewe, katone isih adhem ayem nanggapi Kongres Budaya Jawa. Apamaneh, yen daklirik panitia kongres uga ora pati aspiratif -persis KBJ III kae. Malah kanca-kanca sing samesthine katut mikirake kayata seka lembaga Jawa, LSM Jawa, jurusan Antropologi UGM, jurusan Sastra Daerah UGM, Sastra Jawa UNY -durung ditabuh.
Sangertiku, Kongres Budaya Jawa mono tau diungalake Raka Kamajaya Partokusumo lan tau dadi putusan KBJ I biyen (1991). Kiraku, bab ada-ada kongres mau seka ngendi asale -ora penting. Kuwi rak mung lagune sing dhemen legitimasi. Sing wigati. malah masalah apa sing perlu dirembug ing kongres. Dudu perkara panitia wis aspiratif apa ora, ning wis perlu apa durung nganakake kongres. Subtansi (isine) budaya Jawa kaya ngapa kang kudu diobrak-abrik lan disintesis ing kongres. Yen perkara iki ora cetha, njur golek-golek, ora wurung kongres mengko mung dadi ‘rasan-rasan’ lan ‘sambat sebut’ thok. Ateges nggedebus bus maneh.

Yen Kongres Budaya Jawa mung aktifitas ‘ritual seremonial’ sing sipate eforis, tiwas ngeceh-eceh dhuwit. Apamaneh yen mung kanggo ajang golek rejeki, malah nuwuhake congkrahe budaya Jawa. Tiwas ndhedher memala. Ngene iki perlu disadhari, jer “wejangan” mirunggan saka KBJ wis ana. Wis ping telu KBJ diungalake, asile ‘pong-pong bolong’ -beteke ora ana dewan kontrol independen. Mula yen Kongres Budaya Jawa kebelet arep digelar, dewan kontrol lan sangsi kudu cetha.

Landhesan uneg-unegku kuwi, aku kepengin urun rembug -yen Kongres Budaya Jawa (sida) arep digelar tenan. Jane atiku uga sarujuk, apamaneh Oktober 2003 mengko arep ana Kongres Kabudayan ing Jakarta. Malah 27 - 29 September 2002 kepungkur wis dianake ‘pra kongres’ ing hotel Saphir, sing dipandhegani kadang-kadang seka Balai Kajian Sejarah dan Nilai Tradisional Yogyakarta. Najan acara iki ngganda proyek, ning wis ben wae. Dadi, yen Kongres Budaya Jawa bisa gathuk lan kanggo nyiapake Kongres Kabudayan kang luwih jembar tebane, kiraku apik banget.

Yen ing pra kongres kabudayan mau mletik masalah (1) re-definisi budaya, (2) politik budaya lan (3) strategi ngrembakakake budaya -Kongres Budaya Jawa mengko bisa wae ngeblat bab kasebut. Utamane bab 2 lan 3, dene masalah re-definisi kiraku malah mung ngentekake uteg. Jer budaya kuwi relatif, ora perlu diwates-watesi ngono, ben ngrembaka kanthi wajar wae. Yen masalah politik budaya Jawa lan strategi operasional kiraku perlu dirembug.

Aku dadi kelingan grecoke Bung Hotman Siahaan (Kompas, 7/11/2002) sing nggejlegake budaya Jawa sageleme dhewe. Dheweke dumuk yen budaya Jawa akeh boroke. Utamane budaya Jawa sing kratonik, kang dicakake dening Soeharto lan kronine ing era Orba. Ujare budaya Jawa wis nuwuhake birokrasi korup. Mula, manut dheweke kang semu nanggapi Sri Sultan HB X bab counter culture -jare budaya Jawa mung dianakake revitalisasi, ora wurung nglestarekake generasi korup.

Pandumuk nylekit lan ngabangake kuping iku, kiraku wangun dadi salah sijine agenda Kongres Budaya Jawa mengko. Perlune njur enggal bisa ditlusur jero, apa bener budaya Jawa sing kebak undha usuk kuwi nuwuhake koruptor ulung? Apa sing ndayani korup kuwi ora cak-cakane budaya Jawa sing kleru tafsir? Apa olehe korup kuwi dudu menungsane sing kleru? Yen olehe negesi budaya Jawa wae isih selang surup, mung kulit thok, njur ngaku Semar, Puntadewa lan sapiturute -cetha kebablasen.

Ngono iku sing perlu dirembug muyeg, amrih ana titik temu. Amrih enggal bisa ndhekonstruksi budaya Jawa sing marahi dha kleru arah. Budaya Jawa sing bisa njlomprongake dadi korup, nepotis, lan kolusi -apa salahe enggal ‘diamputasi’ dianakake strukturisasi maneh. Kayata budaya asok glodhong miwah pangarem-arem, alon-alon waton klakon apa isih cocog? Perlu dikongresake? Uga perlu orane budaya Jawa diwulangake ceplos ing sekolahan.

(Suwardi Endraswara mulang Budaya Jawa FBS Universitas Negeri Yogyakarta)

Kamis, 28-11-2002 , Rubrikasi - Mekar Sari, Kedaulatan Rakyat

0 comments: