Budi Palopo
timbang ngomyang bab markus... mending rengeng-rengeng ngene:
NYIDRA ASIH
*Lelagon Mawa Bawa Asmaradana
prabawane gurit wening
sastra gendraning wisrawa
wising rahsa jatine
nyidra asih para pujangga
ngambara dadi kumandang
nyumrambah kalbuning hubbu
klakon bisa gawe gendra
ana sastra gendra rahsaning wisrawa
nalika sukesih nyidra asih jro asmara
ngulandara ngambah gunung kinidung
kakudang pakarti kang adi luhung
wus kinodrat dadi hayuningrat
sastra gendra klakon ngliter jagat
hayuningrat lerem jroning pakarti
aja kesrakat krana melik nggendhong lali
** Gresik, 2010
nggalek.co
8 years ago
0 comments:
Post a Comment