Cathetane : Narko “Sodrun” Budiman
RONG TAUN kepungkur, pase tanggal 5 April, wis parak esuk, aku lagi wae mulih sak ndeleng wayang kulit neng Blitar, jam wis nuduhke angka 02.20. Lagi wae metu saka jedhing, jam 02.32 hape muni nuduhke anane SMS. Takkira yen kanca ndeleng wayang mau ngabari ana barang sing keri neng “grobag jepang”ku. Jebul SMS saka Bojonegoro (mas JFX Hoery) unine, “ Sumono arep gugat KSJ, beneran dadi lantaran ngucek-ucek KBJ. Siap-siap tanggapan ya! Kelik”
SMS mau pancen sengaja taksimpen nganti saiki. Nalika Mas Hoery taktlesih apa bener SMS mau saka dhik Kelik, mas Hoery ngyakinake “Iya”. Piye tanggapane sawise maca SMS kuwi, bose PSJB iki ngakon supaya takon Sumono dhewe. Tanpa ngenteni padhange srengenge, langsung Dhik Mono taktakoni bab rencana gugate kuwi. Jam 02.45 jawaban saka dhik Mono, ’’Aku mau bengi pancen SMS ngono neng pak Kelik, Bos (dheweke pancen warga Triwida sing takpimpin, biyasa ngundang aku “bos”), tapi kabeh kan durung ngerti apa karepku. Pean (karepe Sampeyan) oleh SMS saka sapa?’’
Iya mesthi wae takjawab yen olehku saka Mas Hoery, sing oleh SMS saka dhik Kelik. Jam 03.00 SMS-e dhik Mono nerangake dawa benget,tanpa singkatan kaya umume SMS kae, “Bos, aku seneng nek ana wong sing gelem mikir nasibe sastra, tapi nek kosok baline ethok-ethok mikir sastra Jawa jebul mung kanggo ngumbulake jenenge dhewe aku ora trima. Sastra Jawa mung dianggo ajang kasus, kaya polahe selibritis sing surut pamore ben terkenal maneh. Manut petungku sasuwene iki KBJ – KSJ padha, mung kanggo mbukak kasus beberapa gelintir wong supaya ketok duwe pamor maneh, sawetara iku sastra Jawane tetep mbegegeg ora ana sing gelem ngobah-obah.”
Emane nganti titi panulise cathetanku iki kapacak, ’gugate’ Sumono mau durung kababar. Dudu perkara kababar apa durung, (sewulan candhake wis dadi rembug umyeg ing sapatemon sanggar Triwida, sasi Mei 2008) sing baku piye nalare dhik Mono nganti arep ’gugat’ lan ’sapa markuse’. Ing ukarane dhik Mono mau sejatine ana babagan sing pancen narik kawigaten, kudu dianalisa kanthi nalar kang wening. Saora-orane tumrap kita kang pancen (jare) padha gumregut amarsudi basal an sastra Jawa murih mbalik ing jaman kuncara rukmi.
Ukarane dhik Mono mau antara liya, 1) ana wong sing gelem mikir nasibe sastra, tapi nek kosok baline ethok-ethok mikir sastra Jawa jebul mung kanggo ngumbulake jenenge dhewe, 2) Sastra Jawa mung dianggo ajang kasus, 3) Sasuwene iki KBJ – KSJ padha, lan kaping 4) Sastra Jawane tetep mbegegeg ora ana sing gelem ngobah-obah.
Kanggo ngonceki ukara nomor (1) mau kudu merlokake spionase, telik sandi, intele kasusastran Jawa. Sajake dhik Mono wis nampa tandha-tandha anane babagan kang kurang (apa ora) beres ing jagading susastra Jawa, utamane ing paragane. Lha, banjur sapa sing patut dicubriyani? Sapa sejatine paraga kang ethok-ethok mikir sastra Jawa jebul mung kanggo ngumbulake jenenge kaya selebiritis sing wis surut pamore? Sapa pawongan kuwi? Saking semangate nganti dhik Kelik ajak-ajak Mas Hoery supaya siyaga ing gati, sawega ing kardi aweh tanggapan. Kaget sanalika sang baureksa PSJB. Saka Bojonegoro nuli nglayangaken warta tumujweng sanggar Triwida ing Tulungagung. Apa mas Hoery uga ngirim menyang kanca liyane ora mudheng? Krana dhik Mono kuwi wargane Triwida (sanggar sing akeh anggota wargane) Mas Hoery kira-kira banjur nduweni panduga yen niyat ’gugate’ Sumono kuwi ’sepengetahuan’ Triwida utawa wong Triwida pancen ora ngerti? Yen sing ’dicurigai’ dhik Mono mau pancen ana tenan, sajake kok kaniaya temen ana wong Jawa duwe trekah kurang becik. Wedhus prucul alulang macan, supaya duwe pamor ing donyane kewan alas. Yen kober nyilih siyunge celeng supaya duwe siyung maneh?
Angka (2) sastra Jawa mung dianggo ajang kasus, isih sambung rapet karo angka (1).
Lha iki sing kudu dipetani maneh, sapa sing saiki pamore wis mlorot banjur ada-ada gawe ’kasus’ , supaya ditanggapi, dadi polemik rame ing majalah (ora mungkin neng Tv, sebab sastra Jawa ora payu didol neng Tv). Jenenge wis suwe kasilep jamane Century, kagerus ulegane Gayus, kepingin diungkit-ungkit maneh. Iya yen ana sing nanggapi, yen ora? Utawa ada-ada gawe kajatan sing “berbau sastra Jawa” mapan ing panggonan sing ora tau kambon sastra Jawa (cathetan: apa kira-kira FSJ-D iki sing dikarepake ya?--admin). Jebule mung dadi makelare basa (sastra) Jawa.
Banjur angka (3) sasuwene iki KBJ lan KSJ padha. Apa sing dikarepake tembung ’padha’ ing antarane kongres kalorone mau? Jebul sing padha kuwi ancas tujuwane yaiku mung kanggo mbukaki cathethan lawas, pamrihe supaya ’segelintir wong’ kuwi bisa moncer maneh. Merga saka sengkud gumregude ngadani KBJ lan KSJ. Dadi pendhekare kongres! Jenenge mumbul (embuh entuk bathi material apa ora?) ora mikiri kongres sing wragade yutan mau tumanja apa ora? Asil keputusane ana tindak-lanjute napa mboten? Ditanggapi positif lan karya nyata saka pemerintah daerah apa ora? Sastrawane piye? Budayawan Jawa pripun? Ing kene dhik Mono isa mbedakake sing sapa oleh jeneng lan sapa sing oleh jenang! Lan, sapa sing kapiran-kapirun? Bubar kongres kahanane sastra Jawa panggah (4) isih mbegegeg kaya tugu sinukarta, ora ana sing nyenggol, ora ana sing nggepok. Aja maneh kok wong ’njaba’, wong sing tau oleh jeneng lan jenang saka pokal gawene gawe ’kasus’ wae wis ora ngreken! Makelar kasus basa (klebu sastra) Jawa wis mlayu sipat kuping menyang Negara embuh!
Lha apa KBJ kaping 5 kang bakal kagelar ing Jawa Wetan taun 2011 mbesuk isih padha kaya dudutane dhik Mono lan sawenehing sastrawan sarta budayawan Jawa, tegese mung pinter ada-ada gawe ’kasus’ kanggo ngundhakake pamore dhiri pribadhi ’’sang pendhekar’’? Apa dadi ’’raja alas’’ iki.
Macan loreng/nggereng mrojol saka krangkeng/mlaku turut dalan sudhetan/nggoleki watu gilang/papan lungguhe sing ilang/nalika banjir bandhang//macan loreng/mung bisa mlenggong/weruh kanca-kancane ganti sandhangan/ supaya ora ditumbak wong mbebedhag/sing butuh buron alasan//macan loreng/kelangan crita, kelangan dongeng/senajan untune wis ompong/nanging sing ngati-ati, mitra/lambene isih ngemu wisa//. (Layang Panantang : 44).
Sapa sing disengguh macan ompong sing isih mbebayani?
Niyate dhik Mono pancen apik, yen ora (durung) kasil nggugat, sejatine dheweke wis gawe Layang Panantang antologi sing kasil nggawa dheweke entuk hadiah Rancage taun 2010 bidhang sastra bebarengan karo sedulur Bonari Nabonenar ing bidhang jasa pembinaan basa. Kekarone saka sanggar Triwida Tulungagung (sanajan Bonari Nabonenar saiki wis dadi ketua PPSJS, Paguyuban Pengarang Sastrawan Jawa Surabaya).
Ngrembug lan nggepok senggol sastra Jawa pancen kebak resiko, ora mung omong thok, nanging cucul dana kanggo ’’nguripi’’ sastra Jawa kuwi perlu. Aku sarujuk panemune dhik Mono yen lelumban ing jagading kasusastran (Jawa) aja cilik ati. Yen saiki durung akeh wong sing aweh kawigaten mareng donyane kasusastran, ora ateges kasusastran mono remeh, babar pisan ora. Nanging malah tiba kosokbalen, karya sastra wis dadi sawijining barang mewah, sing ora saben wong bisa menikmati, apa maneh nganti nduweni. Wiwit dina iki wis ora perlu ngresula, sambat, wadul, kanthi swara trenyuh sinambi netesake luh perkara donyane kasusastran, sing jarene kasingsal ing sampiraning jaman.
Sepisan maneh, pokok aja nganti mung dianggo ngumbulake jenenge dhewe kanthi pawadan ngopeni sastra Jawa. Bubar entuk jeneng lan jenang banjur jenat. Satemene dadi makelar ora mung pawitan ilat, nanging ati lan mripat minangka gendhewaning tekad.
Nuwun. []
Panjebar Semangat, No 18, 2010
nggalek.co
8 years ago
1 comments:
Yen ora diniyatake supaya dadi pitenah, prayogane enggal dicethakake, sapa (wae0 satemene kang diangep dadi "Markus"-e basa lan sastra Jawa iki. Syukur bisa kecekel (lha sedulur2 Triwida rak wis ngrapatake barang ta, mesthine rak duwe bukti-bukti kang luwih trawaca tinimbang karo kang wus kabeber dening ketuane ing artikel kuwi mau) banjur "diadili secara terbuka". Ing prekara kaya ngene iki wis ora mapan ngungalake pawadan kanthi methik unen-unen: "Wong Jawa nggone semu."
Bonari Nabonenar (admin)
Post a Comment