Friday, July 16, 2010

Markus Kancaku

Davit Harijono

markus.. ya'apa sekola'anmu?
takrungu kabar rika dadi pimpinan
apa ya mumet karo inspeksi
apa malah isih udreg perkara ktsp
sing jare ora ana uwise
sing jare rada bingung yen diukur kasil orane
ah, kus..
isih kelingan kali lesti?
nututi wong kenyut
mas intene ilang
aku lan kowe mung oleh warisan gombalan
suwekan klambi
jare sulastri parabanmu si mark-up ya?
bih, mesthi klambimu sarwa necis
ageman safari cinantholan dhasi
gak risi, ta mark?
ups.. sepurane ya
pancen lambe nyinyir iku sok nyonyok ati
yen guthike arek cilik, kus
sering nyonyok tai!
kelingan ta mlaku turut dalan
mbambung mbarang
murih geguritan lan kaendahan iku
ora ilang
sepatu suwal embuh nganti entek jaitan, ya mark?

apa iya se, lur
amarga lungguh kursi beda babute
apa sila lemek klasa beda tinggine?
gae lo warisane leluhur didhudhuki
kari juglangan mambu ta..ladalah..
sesotya mutyara wis oncat saka embanane
dilela ledhung sinembah dening wong kekudhung
melik kamelikan wekasan mung trima tanpa tuwas
awit dayaning pangigit lan butarepan
dalan bener lan pengkolan dadi pilih ora ndalan!

gondanglegi, 17juni2010

Sumber: http://www.facebook.com/?ref=home#!/notes/davit-harijono/markus-kancaku/405024422707

0 comments: