SEPIRA GEDHENE KATRESNANMU
Sepira gedhening katresnamu
Kekasih........
Thukul bareng keteg jantung
Keteg Jejantunge jaka palara-lara keteg jantunge prawan kecur.......
Sing sumengit ngetog karosan......
Ngetog karosan.....
(Sby 18 Nopember 2008)
AJA TURU SELAGINE SEPI
Kekasih........
Aja turu selagine sepi
Ngemuli Jiwamu
Jiwaku.............
kang tumungkul mendhem donga asmara
(geter keteg jejantung ketungka natasi ayang-ayang rembulan, sauntara drji-driji liron Sumendhale rasa tidha tidha...........
Sby 19 Nopember 2008)
ING LATARMU
Ing latarmu...........
Jiwaku dadi kunarpa
.............sa sirmu dadi
Lebu.......
Ing latarmu Jiwaku luluh
Dayaning tresna lan pepasihan tatas
ting blesah ing tugu pungkasan
mungkasi rasa samar.....
.........
Ing latarmu
Mblasah jiwa-jiwaku tanpa dayaning tresna
Lan pepasihan...........
(Wengi Sepi Natasi Pisambat Sing Paling Perih........Klampis 19 Nove 2008)
DAK ARASI RIKALANE TURU
Rikalane jiwa-jiwa wuru
Mapan turu.......
Dak arasi pasuryanMu
Nambal biru tatu ati Ku.....
Kun dadi jatu
Kun dadi satru
Jatu satru kun dadi jatu
(dak arasi pasuryanmu rikala kabeh jiwamujiwaku mapan turu.........mung siji keteg jantungMu jantungKu....................
Sby 18 Nove 2008).
GETERING DRIJI
Geter sing paling panther
Wis mungkasi janji-janji
Amung drijimu drjiku tansah
Gemeter ngrantam layang katresnan
Rupa biru tatu,
Kaya dene crita misteri
Lan romantika babad katresnan
Kaca-kaca mbaka sawji
Nintingi tembang lan lagu-lagu kapang
Marase ati
Keketeg jantung wiwit nuntun getering
Drijiku drijimu
Mendhem ati rasa kapang lan samar
(kaya-kaya driji-drijiMu+Ku gemeter ngremet rembulan sigar dadi papat....
Sby 6 des 2008)
LUKAR
dak lukar kabeh penganggo
kareben katon manjila
atimu............
...........................atiku
Ruket
Ngetus kringet-kringet katresnan
Kanti keteg jantung
Sing manjila.........
Dak lukar........’
Kabeh darbekku darbekmu
Kanggo meras kapanging ati
Mbombong katresnan
Ndhudhah donga asmara
Kang wus lawas dipendhem
Rasa samar..........
(Sby 10 Des 2008 )
PIRA LAWASE
Dadi.........
Wus pirang warsa aku sliramu
Tan kepanggih
Supena...........
Flamboyant
Abange wora wari
luruh semu
aweh paseksen selaking kasunyatan
aku sliramu
tumungkul marikelu mendhem keteg jantung......
dadi......
wis pirang warsa
aku sliramu mbebiru
ati.......(suluk katresnan pepet.........mripat riyem-riyem ngregem ati rapet-rapet......
Sby 1 Jan 09)
nggalek.co
9 years ago






0 comments:
Post a Comment