Monday, July 12, 2010

Sensasi

Guritane: Nono Warnono


Es-em-es dhapur pawadan
Adreng nggelar kalangan
Ngungalake gaman ligan kawasisan
Nebah dhadha kasudibyan
Dhuh! pahlawan karahinan


Bocah bajang
Gelar dlancang
Anggit gurit panantang
Sesumbar ancik-ancik pangaji-aji
Dhuh! sastrawan gadhungan

(rebut balung tanpa isi)

Panjebar Semangat No 27/ 3 Juli 2010

0 comments: