Tengsoe Tjahjono:
Wanci Isuk
Ora ana jago kluruk nanging srengenge
tetep sumunar ing brang wetan
Sapa sing teka? Lawang isih tinutup impen.
Angin durung adoh playune
nanging suwaramu wis kaprungu ngawe-awe
tanpa uluk salam wis ngadeg ngarep pager
mripat tanpa pedhut, sumunar merak ati
Nawang Wulan ora kelangan selendhange
nanging tresna tuwuh ing pang-pang jambu
nalika udan riwis-riwis ngreceh wiwit bengi
Ora ana jago kluruk nalika dak aras pipimu
angin semilir saka cendhela miyak korden awarna mawar
rikmamu ireng meles kumleyang nang pangkon
“Dhuh, nimas, iki lho kanugrahane jawata.”
Atiku dudu padhas ing perenge kali
lumer dening cahya wulan wanci dalu
praptamu dak papag kanthi tangan tumenga tawang
warih sing dak antu-antu nalika gulu krasa ngorong
“Aku dudu Tarub sing culika, aku duwe tresna!”
30/07/10-23:13
sumber: facebook-e Pak Teng
nggalek.co
9 years ago






0 comments:
Post a Comment