Monday, August 2, 2010

Nanggapi Panemu Cap ’’Sumono Sandy Asmoro’’

Penggugat Kongres Basa Jawa (KBJ) lan Kongres Sastra Jawa (KSJ), Sumono Sandy Asmoro, kanthi g-(em)-agah mratelakake, ’’… KBJ – KSJ sing dak anggep mung kegedhen gludug nanging babar pisan ora ana udane.’’ Disambung ’’… lumakune KBJ – KSJ mung kaya iline banyu udan saka gunung gundhul, entek udane ya entek banyune. Sing nyisa mung larahan sapirang-pirang mbuteti kalenan, nyebar ganda amis kebak lelamis,’’ (Panjebar Semangat).

Kang duwe panemu mangkono iku pranyata ora mung Sumono. Kaya kang kacetha ing tulisane, Markus Sastra Jawa: Sumono Gugat (Panjebar Semangat, ), panemune Sunarko Budiman uga meh presis karo panemune Sumono. Kejaba wong loro kuwi, ya isih ana liyane, kang nganggep KSJ lan KBJ padhadene ora ana gunane.

Sawise mbrudhul tulisan ing Panjebar Semangat kang diwiwiti dening tulisane Narko kuwi, ana manekawarna tanggapan saka para kadang, ya liwat SMS utawa tilpun, apadene kang arupa komentar ing lembaran Kongres Sastra Jawa (facebook). Ana kang prihatin, kandha manawa Sastra Jawa kuwi wis uripe mendrip-mendrip, kok kreatore padha dredah rebut bener, ana uga kang gelem nyedhiyakake papan kanggo debat adhep-adhepan. Sing marakake nambahi rasa prihatin malah pandakwa mengkene iki, ’’Para pendhekar Sastra Jawa padha pamer kepinteran.’’ Waladalah! Kang kalebu mirip karo pandakwa mangkono kuwi, kawetu saka Mbah Brintik, kang wis kapacak ing Panjebar Semangat No.27/ 3 Juli 2010 kanthi irah-irahan Aja Congkrah Mundhak Bubrah. Ngene iki lho salah sawijine prekara kang marakke Sastra Jawa tansah keponthal-ponthal olehe ngetutake jamane. Dhebat, adu penemu, iku saweneh cak-cakaning pasrawungan. Dene eman kok sing didhebatake mung bab markus, iku prekara seje. Narko wis kadhung miwiti, mesthi ora becik dadine yen ora dirampungake. Nyatane nganti seprene ya durung ana kabul-kawusanane, durung ana wangsulan gumathok kang njlentrehake kepriye larah-larahe kok nganti kawetu pratelan mengkene iki, ’’… ada-ada gawe kajatan sing ’’berbau sastra Jawa’’ mapan ing panggonan sing ora tau kambon sastra Jawa. Jebule mung dadi makelare basa (sastra) Jawa.’’ –saka kadang Sunarko Budiman.

Angger dicakake kanthi takeran kang ora kebangeten olehe nyimpang saka paugeran (upamane ndumuk wilayah pribadi kang ora ana gandheng cenenge karo underaning prekara) dhebat lan adu panemu kuwi bakal ndiwasakake pikir. Mbokmenawa ya merga suthik dhebat, yen dikritik malah mutung, utawa njering karo sing ngritik, iku kang uga marakake Sastra Jawa tansah keponthal-ponthal ketinggalan jaman. Mulane Halim Hade, liwat Surabaya Post dhek tahun 90-an alok manawa sastrawan Jawa kuwi nandhang (mengidap) double inferiority complex. Nyatane pancen ya kaya mangkene iki.

Kang wus kelakon kuwi dhebat, diskusi, utawa adu penemu, ora adu manungsa. Saka pamawasku, Bonari bisa adu panemu karo Sumono Sandy Asmoro, karo Sunarko Budiman utawa paraga liyane nganti ngentekake pirang-pirang puluh kaca majalah. Nanging manungsane, yen padha kepethuk kudune ora banjur padhadene mlengos, nanging malah guyup, bisa gayeng wedangan bareng, mangan bareng, neng warung lesehan.

Suparto Brata (kaya kang nate dicritakake Prof Sam Abede Pareno ing empere Kantor Dewan Kesenian Surabaya) nate adu panemu nganti kaya arep gelut-geluta karo saweneh paraga ing sawijining sarasehan, lan sarampunge acara gandholan pit (sepedhah onthel) karo mungsuh debate kuwi mau. Kuwi kelakon ing mangsa kang wus kasilep adoh. Kok saiki lagi umrik kaya ngene wae malah sing didadekake prekara olehe umrik, dudu wosing rembug?


Mung Omong?

Ana maneh kang alok manawa saiki akeh wong kang mung bisa omong. Kang banjur digawe conto ya sing didakwa padha ’’adu kepinteran’’ kuwi mau. Takkira ora akeh cacahe manungsa ing salumahe bumi iki kang sampurna, landhep sakabeh ubarampen jiwaragane. Ana kang luwih kuwat otote, nanging pikirane ora pati lantip, ana kang pikirane mletik, nanging sikape ora pati becik, lan sateruse. Mulane cak-cakane ing bebrayan banjur ana kang sinebut spesifikasi: Ana kang dadi insinyur, ana kang dadi pamongpraja, ana kang dadi guru, ana kang dadi tukang cukur, lan sapiturute. Ana wong kang dibayar adhedhasar cacahe barang kang bisa digawe, sepira apik lan akehe panenane, lan sapiturute. Uga ora sethithik wong kang nampa bayaran puluhan yuta mung saka olehe omong sakjam suwe-suwene rong jam. Ndulu kanyatan kang kaya mangkono iku, apa saiki isih pantes alok, "Halah, mung omong....!"(?).

Yen butuhe mung arep rebut bener, coba mangga dipiyaki kaca mbaka kaca kalawarti Panjebar Semangat, dhek ngadhepake KBJ III rak ketemu ana tulisane kadang Sunarko Budiman kang malah nawakake pilihan Kongres Basa Jawa Tandhingan. Lha, endi buktine? Wis kelakon apa durung? Utawa saora-orane, wis ana katrangan geneya kok ora prelu lan/utawa ora sida digelar KBJ Tandingan: apa pranyata lakune KBJ wis cocok karo angen-angene kang duwe gagasan arep nandhingi kuwi mau, apa wis ora digagas maneh mung merga kang kawogan kadhapuk dadi pemakalah ing KBJ?

Kang kudune dijlentrehake Sunarko Budiman apadene Sumono Sandy Asmoro satemene apa ukuran pikolehe saweneh kajatan: sarasehan, temu pengarang, festival, lomba, pengetan ambalwarsane sanggar, lan sapiturute kuwi.

Saora-orane, senajan ora sida kelakon, Sunarko Budiman wis tau nawakake gagasane. Tur kadidene aktivis lan malah Ketua Sanggar (Triwida) Sunarko Budiman ya wis kerep nggelar acara: sarasehan, temu pengarang, lan sapiturute kuwi. Lha, yen Sumono Sandy Asmoro? Pantes dienteni, upama ora nganti ngecakke dhewe, acara apadene kegiyatan kang kepriye kang miturut Sumono paling mikolehi? Manawa kang bisa dikandhakake Sumono mung: mbabar buku, lomba ngripta, lan saandhahane, takkira ora ana kang ora sarujuk. Nanging, ora prelu pikiran mletik yen mung mengkono kang bisa dikandhakake. Tur maneh, malah katon sangsaya cupet pamawas manawa kinanthenan panganggep yen acara liyane babarpisan ora ana gunane.

Waton Rame

Sunarko Budiman iku klebu paraga kang sepisanan nyurung dumadine KSJ. Mula rada aeng yen dumadakan dheweke ngiyani panemune Sumono manawa KSJ ora beda karo KBJ. Narko nulis, ’’… sasuwene iki KBJ lan KSJ padha. Apa sing dikarepake tembung ’padha’ ing antarane kongres kalorone mau? Jebul sing padha kuwi ancas tujuwane yaiku mung kanggo mbukaki cathetan lawas, pamrihe supaya ’segelintir wong’ kuwi bisa moncer maneh. Merga saka sengkud gumregude ngadani KBJ lan KSJ. Dadi pendhekare kongres! Jenenge mumbul (embuh entuk bathi material apa ora?)’’

Sunarko Budiman kadidene paraga kang melu mbidhani laire KSJ, upama ngonangi ing satengahe dalan KSJ nyimpang saka reng-rengan sakawit kok ora njajal ngusulake sapatemon, rembugan ing antarane kang kawogan, amrih bisane bali kaya kang dikarepake? Utawa, yen manut panyawange ana paraga kang banjur nggunakake KSJ mung kanggo kepentingan pribadi, apa pamer bantere suwara liwat kalawarti umum sadurunge nyekel bukti kang gumathok lan ndhisikake nlesih kanthi semangat kekadangan ngono kuwi wis trep?

Mbokmanawa bener ujare Sumono lumantar SMS, manawa trekahe Sunarko Budiman kuwi mung, ’’ben rame, syukur bisa kaya nalika digelar Pengadilan Sastra Jawa kae.’’ O, yen mung arep waton rame, ya sumangga. [bonari nabonenar/ana candhake]

0 comments: