Friday, August 13, 2010

NUNJANG PALANG

Crita Cekake: DJAJUS PETE

SAWUSE mbantingi barang-barang lan ngejur gendhengeomah disawati watu sakepel-kepel, Miran sing peteng nalare terus menek towerlistrik mburi omahe. Iku nggegerake wong, padha gemrudug nonton. Tinik bojone mungnangis, dirubung lan dilipur sanak batih lan tanggane. Dene Gariyo bapake Tinikya maratuwane, kaya ora gupuh weruh kaya mengkono. Gariyo malah nyingkrihmenyang omahe Sabirah, mbakyune sing omahe ora adoh saka papane Miran daditontonan.
"Nikkk...!nDi suratkawinku, ga rene, arep takwek-wek!" bengoke Miran sing meglik-meglik ing tower20 meter dhuwure. "Nek surate wis taksuweki,kowe wis orabojoku! Ngko kowe ndang rabiya eneh karo sing mbokjak HP-nan maeng! Akutak-ya-rabi eneh karo sing bentrok!"

Clemang-clemongeMiran kaya wong ndleming iku gawe guyu-ngglegese wong-wong sing krungu lan ngerti awit ocehe kang mengkono iku padhakaro mbukak wadine dhewe. Mulane ana sing banjur semaut, Man Rosok, semautbanter," Ya, Ran, wis ruh aku, sapa wong bentrokmu!"

"Matamu!Ra sah melok-melok kowe, Lik!"

Ketibanpisuhan Man Rosok njomblak. Iku uga gawe guyune wong awit Man Rosok iku adhineGariyo, maratuwa Miran. Saka panasing atine dimatak-matakake, Man Rosok singdhasare wisora geduga marang mantu ponakane iku, oleh pancadan kanggo ngundamana. " Matakura papa, Ran! Mataku isih padhang, isih ruh palang! Ya matamu kuwi sing cadhoksiwer ra ruh pager!"

Krungumengkono, Srini make Tinik ya maratuwane Miran, mawak-mawak nyengap ManRosok,adhine ipe," Kowe ki pernahe rak,Like. Digawe maratuwa ya maratuwa."

"Eee...,gela ta,Yu,atimu?"grenenge Man Rosok sing pancen njarag dibanterake enggone ngundamanaMiran mau kareben dirungu maratuwane sing ana ing sacedhake.

"Panteserak ya melok cawe-cawe! Wisora krembyah, cangkeme ora nggenah, nyadhok-nyadhokna mata!"

"Eee...,dadi ora trima ta, mantumu takjunjung matane sing cadhok, wong nyatane yacadhok tenan! Apa takblakna pisan, Yu, ben krungu wong akeh, mumpung enek wongndi-ndi dha teka .Ben tambah kondhang tekan jabalikat !. Ya pa piye?!"

"He! Meneng!"sentake kamituwoKasbi sing brengose sakepel karombanting srandhale, mripate mendiring landhep njalari sing padu meneng klakep. " Mantune dadi gawe kok tingpenthentheng, tukaran!. Kok malah ngribeti wong-wong ngene iki, sing dha mikir piye carane nulungi!"semambunge nyebut anane Lurah saperangkate, punggawa kantorkecamatan, Satpol PP, anggota Koramil lan sawetara polisi.

(2)

ManRosok klengseng-klengseng nyingkrih karo batine humag-humeg, bablas mlebu omaheTinik sing muwel kebak wong, kepengin ngandhakake enggone mentas gegeran karo Make. Nangingbareng weruh Tinik sing susah, Man Rosok ngipatake niyate ing sakawit, nganggepluwih perlu nglipur atine. "Ra sah bingung-bingung, Nik. Kuwatna atimu," tembunge njejeri lungguh, ngakep rokok.

"Ya,Lik."

"Senajanbener arane bojo, ning wong ngejur atimu ora kira-kira."

"Atikukuwat ,Lik," semambunge Tinik ponakane sing lakune dheglog saka tiba salah kedaden nalika cilik. Nanging rupane kegolong ayu,,pakulitane kuning resik, lencir lan durung duwe anak senajan wis wolung taun enggone omah-omah karoMiran. Karo nata rambute sing madhul-madhul, dikucir taleni karet, Tinik singkerja ing pabrik rokok mbacutake rembuge," Nek aku ra kuwat, wis ambruk ngenes biyen-biyen, Lik. Ra tauaku prei kerja,nyang terus karo nggo hiburan. Bojoku sing malah melok mangankayaku. Ngono ae mbagusi."

ManRosok meneng ,unjal ambegan landhung karo ngebulake asep rokoke. Batinemesakake ponakane kuwi lan ya mesakake Gariyo,kakange,sing atine padhadene suwek madhul-madhul kesabet lelakon sing kaya ora tau ana ingjagad endi wae.

Gariyo kakange isih ana ing omahe Sabirah. Ora metu-metu, keparalawange ditutup supaya ora dileboni wong sing ora wurung mung bakal takon ngenani mantune sing kaya dudu karepe dhewe iku. Anane kaya mengkono, miturutkandhane Tinik mau,, wiwitane saka nesu krungu Tinik bel-belan HP karo swaralanang. Iku kancane lanang ing pabrik rokok sing gelem diajak nyandiwara kanggo gentinglarakake atine Miran, bojone. Merga Tinik ora wangsulan nalika ditakoni,bel saka sapa kok ngganyik sajak seneng, Miran terus ngamuk mbanting salon lan player. Tinik ora ngreken lan ya orangatonake kagete, kepara isih ngganyikrembugan karo ngguyu plengah-plengehkaya patrape wong pacaran. Mulane umyege wong omong, saka kabar kang sumebargethok-tular, Miran cemburu marangbojone sing duwe pacar.

"Mungswara HP ae kok wisngamuk, mangka ora tenan. Nek dheweke rak wis tenan, ngodhel-odhel atiku," tembunge Tinikmau marang Gariyo, bapake sing uwonge isih ing omahe mbakyune sing lagi suwung,ditinggal ndeleng ramene njaba. Tekan bakul-bakul padha teka, bakul rokok,bakul jajan, bakul dolanan, mie ayam lan bakso,klarisan.

Senajanmiturut kandhane Tinik saka cemburu,nanging Gariyo uga banjur kelingan enggone tau nyumpah Make Tinik lan Miran ingkuburan desane. Bengi wayahe, ngangkah sepine supaya lakune ora kaweruhanuwong.

"Ikikubure Yungku, yung Sainem ya sing nglairake jabang bayine Gariyo," tembunge nalika semana, karotengah taun kepungkur,malem Jemah Legi,sasi Sura.." Kowe sakloron, yen rumangsa nglakoni, akonana.Taksepura, janji ra dibaleni," semambunge isih aweh kalodhangan sadurunge kebacut disumpah ing kubure biyungengisor wit kepoh.

"Apane sing diakoni, wong ora tenan. Ya ,Ran, ya?"

"Nggihta, wong nggih mboten saestu."

"Nekngono, ya sida taksumpah disekseni kubure yungku Sainem. Yen saungkure sak kene, kowe sakloron isih nglakoni slingkuh, kowe bakal nemoni bilahi kena walatesumpah. Piye, apa saguh nglakoni yen anaapa-apane?"

"Ngkosik, aja pek penake dhewe, nyumpah wong mono abot," semaute Srini bojonne4 ya makeTinik." Sabalike piye...,nek kleru nggonmu nyumpah. Gelem apa kowe, nek aku lanMiran ora tenan. Ngono ta, Ran ,adile?"

"Nggihta."

Diunggahi rembug kaya mengkono, Gariyo muni saguh nanggung cilakane yen ana luputingpandakwane. Nanging senajan Gariyo durung weruh dhewe, saka nitik glagatpasemone lan glibat-glibete sing ngemuwewadi, Tinik lan Sabirah,mbakyune uga nduweni panyakrabawa kaya mengkono.Nanging Sabirah bareng dikandhani enggone kepeksa nyumpah, Sabirah malahnyenthe-nyenthe maido.

(3)

"Koweki dadi wong lanang kok ra tegas! Kok kebacut lehmu kalah karo bojomu.Dikonnyewoki barang rak gelem,saking wedimu!"

"Olehkuisih meneng ki merga akeh sing takpikir,Yu. Nek takkerasi, Tinik ponakanmu terus piye nek ditinggal sing lanang. Ragane wis kaya ngono,nek nganti gelak-gelik ijen ,rak ya saya mesakake," wangsulane Gariyo singbanget ewuh enggone arep tumandang awit yenana kobonge, ora mung ngobong omahe Gariyo dhewe nanging bisa mrembet ngobongbale-omahe anake.Amrih tetepa wutuh kulawargane, Gariyo isih bisa sabar kanthimeteg dhadhane, ngrampungake perkarane tanpa gegeran. Sing uwis ya uwis, becikdipunggel, aja diterusake." Aku isih meneng, mbokpaido. Tumandang ya isihmbokpaido.," grenenge sumambung.

"Tandangki rak ya sing genah, sing karuwan. Bojo ka ngono kuwi mathuke ya digebugi singngantek impur! Gebugi sing ngantek sambat muni kaing-kaing ngono, wong pancene asu, dudu wong! Sing tuwek ra melek, sing mantu ya ra ruh saru!Padha ae! Kok mung trima disumpah. Sumpah rung karuwan mandi, ya gak wedi!"

Sabirahbener. Srini sing wiskadhung lelumban ing kedhunge rasadhemen kebacut moh mentas, malah sayandadi enggone bluron. Malah banjur thukul pletheking wiji kang saiki wis umur sepuluh sasiing gendhongane kuwi. Mula anake tansah dikempit karo wira-wiri ing ngisortower kanggo mithut Miran samangsa weruh, nyawangi mengisor. Nanging Miran singwis limangjam angkruk-angkruk isih angel dirimuk. Kabeh pangrimuke wong tuwane lan sedulur-seduluresing ditekakake saka Dhungsambi, desa asale Miran pinggir alas, ora tedhas.Dadine pihak Muspika kang wis sarembugkaro kulawargane Miran, nekakake mobil andha saka kantor PLN Kabupaten singdohe ana 40 kilometer sing mesthi mawa ragad mula perludirembug ing sadurunge.

Kanthimobil andha sing ana papane kaya kursi, Tinik sing arep dikerek munggah saka ngelingi mula-bukane sakacemburu. Miran bakal ngerti yen munggahe bojone tandha yen isih ngeboti dheweke,kanthi mengkono bakal bisa padhangpikire lan gelem mudhun. Mengkono petunge punggawa kecamatan sing banjur dikandhake Srini marang Tinik ,anake.Nanging Tinik muni emoh diunggahake, jare wedi. hayub-hayuben.

"Nek ngono ya aku ngko sing munggah."

"mBoyak. Munggah ra medhun selawase ya arep mboyak."

Diwangsuli anake singnyangklak kaya gawe gelane atine njalari Srini greget-greget kaya kudu ngrawus anake.Wong-wong sing nyipati ing sacedhake mung gedheg-gedheg gumun. Kok ana lelakonsing kaya angel dipercaya. Mangka nyatane ana, ora ngayawara , anake dhewe dadimarune, iku kepiye?

Ngono iku sing marahidhisik ya sing tuwa. Yen sing tuwa ora njalari, tangeh sing enom wani miwiti,mengkono swarane wong. Nanging arepa dijalari, yen sing enom ora nglanggati, yaora dadi, bantahe wong liyane. Wong liyane sing cekelane kertu, semautnggunakake kertu kanggo sanepa, ananebisa gathuk-mathuk, saumpama kertu, aran wissakseri. Kertu ora bisa urip yendhewekan, uriping kertu , yen kertu iku mau ketemu gathuk urut karo kertununggal seri.

(4)

Kertu lekok simbul cintagambar Srini, mengkono sanepane. Wonge isih

netha-nethe karo saben-saben ngulapi eluhe. Dene ombyakewong nonton isih rame pating brengok,pating braok. Selagine mobil andha singdienti durung teka. Nanging Srini percaya yen Miran gelem mudhun yen dhewekemengko sing munggah karo nggendhong anaklanange sing glewo-glewo seger lan lucu, pipine dhekik yen ngguyu. Marangwong-wong sing wiskulina, Srini sok api-api takon mbedhekising lugune mung kepengin krungu wangsulan sing gawe senenge.

"Anake sapa iki? Jajalta, sawangi. Kaya sapa iki?"

"Genah kaya rupane mantumu ngono kok."

Srini ngguyu ngeklek,Nanging saiki, dina iki, aja kok ngguyu, eluhe sing akeh metu. Atinemontang-manting kaya pucuk pring kang kebanting-banting banterting angin. Jubetbuntet nalare kaya wiskesel enggone mbingungi. Satemah ndhoprok kaya kentekan daya, sluku dhayung,sendhen gebyog pawone Tinik, anake. Balinyawangi Miran sing meglik-meglik kanthi keteging jantung sing saya nitir.Banjur cekakal ngadeg kaya oleh kekuwatan anyar, anake sing dieculake brangakangansedhela, bali digendhong. Banjur mbengok banter ,"Rannn...?! Sawangen ta, ngisoriki?! Iki sapa iki?! Sawangen ,Rannn...! Apa kowe lali?! Apa kowe ra mesakake?!Rannn...!"

Sing dibengokimlembar-mlembar. Yen kesel ngadeg, lungguh ongkang-ongkang mbandul sikil utawasendhen cagaking tower kawat nglantheng.Mobil andha sing banget dienti setengahjam candhake lagi teka, nanging tanpa gawe awit Miran wis ceblok gosong kesaut setrum. Jisimedijaluk mulih wong tuwane menyang Dhungsambi. Srini nangis gero-gero karongekep anake . Dadakan anake nangis kepiyer ora meneng-meneng kaya melu bingungdadi perangane lelakon sing ora lumrah tinemu ing jagating menungsa.*

(Mengkono naskah crita cekakku ing patang lembar kertas singdurung takkirimake menyang majalah awit ana pikiran kang nggodha kanggo ngowah akhiring critasing saka rumangsaku kurang nges. Mula lembar ka-4 takketik maneh kaya mengkene) :

(5)

Kertu lekok simbul cinta gambar Srini,mengkono sanepane. Kalane Srini sing nggendhong anake mapan lungguhdikerek mendhuwur nganggo mobil andha, rameswarane wong nyuraki ha-hu .Lan saya rame pating brengok moyoki weruh Miran gelemmudhun. Nanging lagi wae Miran ngambahlemah, dipapak kamplengane Sadeli,kakange sing isin marang polahe Miran dadi tontonan."Mirang-mirangna dulur!" tembungeSadali sing wiwit mau misuh-misuh nesu. Ajaa ora terus diruket polisi, adhine sing sempoyonganarep didugang pisan.

Miran didhabyang mlebu omah nanging Tinik muni njaluk pegat gawe kagete kabeh sedulurDhungsambi."Jak mulih ngidul saiki! Wisra kuwat aku ngempet. Kok mentalane karo Makku barang nganti nde anak. Mulaneya gelem medhun diunggahi Makku karo anake."

Krungu Tinik kendelmutusake, Man Rosok ngacungake jempole.Weruh acungan jempol lan kelingan ramenewong moyoki nalika diunggahi maratuwane,Sadali bisa ndudut marang benere rembuge Tinik sing kaya wis diweruhi wong akeh. Mula Sadali saya muntap, nanging polisi sing mepeti wis siyaga nggandhuli."Tambahwirang ra karuwan tekan kene! Piye Ran?! Apa kowe njaluk takpateni nek ra mulihngidul ?!"

"Sik, Li...,sabar. Bathukpanas kabeh ngene iki. Ben adhem sik, ngko dirembug sing apik,"panyelanepakdhene.

"Sing apik ya iki, Dhe!Unggahna montor!" prentahe Sadali marang sanak-batih Dhungsambi supaya Miransing lagi diglethakake ing amben diunggahake Kijang carterane.

Saungkure rombongan besannggawa bali mulih Miran, , Gariyo sing lagi nyungul kumecap marang Srini sing mingseg-mingseg ndhoprok ing pojoke omah karo ngemiki anake."Kowe minggata pisan nyang dhangkamu Kuniran kana! Bar kabeh!"

Sing kaget ditundhungdadakan nangis ndrengungung. Sambate njaluk sepura karo ngruket sikile Gariyo. Nanging Gariyo kaya wis emoh kesenggol, bojone dicengkah deneMan Rosok bali ngacungake jempole ditujokake Sadirah,mbakyune.

"Lanang tenan kowe saiki,Yo," tembunge Sadirah karo ngepukpundhake Gariyo.*

(Nanging bareng lembar ka-4 sing anyar dadi kaya mengkono,atiku mbalik kegodha lembar ka-4 sing dhisik awit sawuse takrasak-rasakakemaneh, kaya luwih pas yen Miran nemahi tiwas. Kejaba bale omahe Gariyo bisabali apik, antarane Srini lan Tinik uga wisora ana tembung maru. Nanging ing sateruse,saka molak-maliking pikiran, ugabanjur takrasak-rasakake maneh lembar ka-4 sing anyar iku, kok ya pas yen Srinilan Miran sing dadi sumbering prakara ditundhung lunga. Mengkono ateges rampungpanandhange Gariyo lan Tinik .Dadine, lembar ka-4 lelorone gawe bingungku, endising kudu takkirim menyang majalah amrih ora kesuwen ngangkrak ing laci). *

0 comments: