SAPLOKE dilungsuri aji Pancasona dening Resi Subali, Prabu Rahwana dadi tambah sekti mandraguna tur kalis sing pati. Lha mbok keplindhes busway ing Jakarta u...pamane, sauger isih kesangga pratala, mesthi bakal njenggelek urip maneh. Mula Bethara Yamadhipati dewaning antaka (pati), paling sebel ketemu ratu Ngalengka iki. Awit wis bola-bali didudut nyawane, meksa gagal total, kaya-kayane antarane sukma lan raga wis dilas paten.
Paling kojur, saliyane sekti kebal senjata, Prabu Dasamuka iku uga kebal hukum! Wis nate kena kasus impor gula ilegal, nanging dikunjara ing kahyangan mung sawatara taun.
Paling lucu, sasuwene dadi napi dheweke tetep mimpin negara Ngalengka. Ora mung kuwi, dalasan Persatuan Sepakbola Seluruh Ngalengka (PSSN) tetep dikendhaleni saka mbuwen. SBG (Sanghyang Bethara Guru) wis nate ndhawuhake supaya diganti, nanging Dasamuka-ne ngotot. Dheweke malah nyebar dhuwit lan spanduk, saengga pejabat Jonggringsalaka akeh sing pro Dasamuka.
“Kakang Narada, pripun niki? PSSN sakniki sangsaya mlenyek, geneya Rahwana mboten purun digantos?” pandangune SBG sawijining wektu.
“Kula sampun nate kirim radiogram dateng pengurus PSSN. Ning jawabane: sing nuntut Rahwana diganti padune ambisi dadi Ketua Umum PSSN. Lha rak kojur ta niku? Elek, elekkkkk......!” ature patih Narada sing sajake wis kentekan akal.
Kanggo nglanggengake panguwasane, dewa-dewa kahyangan pancen akeh sing direkrut (diangkat) Prabu Rahwana dadi pengurus PSSN. Tundhone, merga legine ripis (dhuwit) dadi ora kritis. Sawise antuk nugraha, penguruse padha tambah besus. Bodhowa kono PSSN ancur, sing wigati aku makmur. Lucune, senajan timnas PSSN keyok mungsuh Tunggul Malaya, dewa-dewa akeh sing mbelani yen Rahwana iku ketua umum paling apik. Malah saiki ratu Ngalengka entuk gelar Rahwana Kolid (ratu, basa Arab).
Mesthi wae Rahwana Kolid sangsaya mbagusi, mustaka murda (gedhe endhase) paribasane. Saking dene disuyuti rakyat lan dewa kenthir, Prabu Rahwana manut wae rikala dibujuk supaya kraman ing kahyangan, gugat menyang Bethara Yamadhipati. Wose, sistem jabutisasi nyawa marang titah ngarcapada kudu direvisi (diowahi). Kabeh pepesthening pati digawe padha, racak 1.000 taun. Aja sing nembe 5-10 taun dijabut, ning ana sing wis 125 taun diuripi terus. Banjur ing ngendi asas keadilane?
“Ngarcapada badhe kathah kecalan SDM (sumber daya manusia), yen nembe umur 20-25 empun dijabut nyawane. Lajeng mbenjing napa mbangun karier?” Patih Prahastho aweh masukan.
“Proposalmu apik kuwi, Prah. Ning tambahana ya, putri-putri ayu uga aja digawe enggal tuwa, kareben bojone betah ana ngomah.” Dhawuhe Prabu Dasamuka maneh.
Kanthi ngirid para wadya bala raseksa, Prabu Rahwana Kolid nglurug menyang Jonggringsalaka, bablas menyang kahyangane Bethara Yamadhipati. Jebul ing Yomani kuwi ana korine loro. Wayang sing padha ngamal saleh nalika urip, langsung mlebu kori tengen jurusan kaswargan. Suwalike, sing uripe ndhisik dadi wayang durmalaning bumi, kudu mlebu kori kiwa jurusan nraka jahanam.
Prabu Dasamuka njenger esmu gawok. Geneya kori menyang kaswargan mung klebon wayang siji loro. Suwalike sing jurusan nraka jahanam, jejel-riyel nganti dalane dadi macet, saengga Polantas-e kuwalahan. Kamangka ing kene ora ana tilang-tilangan, lha wong polisine ora bisa dijak delapan anem (pasal damai – Red).
“Anak prabu empun onten daftare, gilo. Kantun siap-siap mawon,” ature patih Prahastho, rikala ndeleng “pengumuman” ana blabak.
“Ora wae, ora wae! Aku rak kalis ing pati, dadi bebas pengadilan kahyangan lho Prah.” Wangsulane Dasamuka sajak kemingsun.
Barisan buta Ngalengka terus ngangseg. Saka njaban pager tlatah Yomani katon cetha sesawangan kang nggegirisi. Para wayang koruptor sing dhek ana ngarcapada bisa slamet jalaran nyogok hakim, jaksa lan polisi, saiki dipanggang ana sandhuwuring mawa bathok, kaya satene Pak Amat ing alun-alun lor Yogya. Semono uga wayang sing dhek uripe njegali trajange KPK, klebu anggota DPR sing hobi studi banding; saiki ing kene disuduk wesi murub saka mbun-mbunan tembus Haiti. Bar kuwi banjur dipanggang, dienggo sate Pak Amatan maneh. Wis ta, sambate para wayang dursila ngarunapung, njaluk dibalekake ana ndonya maneh lan janji bakal tumindak ngamal saleh.
Dumadakan rombongan Prabu Dasamuka kepethuk Bethara Narada. Proposal dipriksa sedhela, wusanane dewa mirip Pulau Kalimantan kuwi gedheg-gedheg. Usulane Rahwana Kolid jan ora umum, ngrusak tatanan Jonggring Salaka. Lha yen kabeh wayang dijatah umur nyewu taun, kothake kidhalang ya bakal ora amot no. Anane jatah umur wayang digawe beda-beda, kuwi satemene kanggo kaseimbangan ngarcapada.
“Mboten perduli. Pokoke kula nuntut, jatah umur wayang ngarcapada didamel sami, nyewu taun. Titik....!” ature Dasamuka sajak njiyat.
“Lho, lho, jeneng kita kok dadi kaya Chairil Anwar, kuingin hidup seribu tahun lagi.....” komentare Narada sing biyen uga seneng deklamasi.
Rahwana Kolid mberot temenan, ora bisa dipambengi. Tinimbang dadi dewa ora kajen, Bethara Narada sumingkir, lapor SBG. Wusanane Ketum PSSN kuwi kasil ketemu Bethara Yamadhipati. Mesthi wae dheweke nampik mentah-mentah proposal sing aneh tur nglawan takdir kuwi. Yen ta nganti kabeh wayang ngarcapada dijatah nyewu taun, Bethara Yamadhipati ya akeh nganggure ngono.
“Jeneng kita durung ngerti? Nyawa sakjabutan kuwi honore Rp 5 yuta, dadi kaya anggota DPR yen sidang kae....,” Yamadhipati bukak kartu.
“Woo, layak, layak.....!”
Nanging Rahwana Kolid ora ngrewes. Kanthi pawadan mbela nasibe wayang sajagad, tuntutan jatah umur nyewu taun kudu diproses. Kamangka Yamadhipati uga ora wani nglanggar SK Bersama Sanghyang Tunggal, Sanghyang Wenang lan Sanghyang Bethara Guru. Padha ngotote, sakarone dadi prang campuh, silih ungkih aben cukit. Dhasare Rahwana kalis ing pati, nglawan Yamadhipati tanpa ringa-ringa. Tekade: paling-paling lara lan benjut, kamangka Dasamuka ya wis siap obat merah karo Betadin.
Kalah tuwa, kalah tenaga tur keribedan jubah, satemah Yamadhipati keseser. Arep mlayu isin, wusanane ngetokake senjata pamunah satru aran Kyai Kaladandha. Iki yen ditamakake, senajan Dasamuka-ne ora mati, nanging jagad melu lebur, kiamat kubra dadakan. Wayang mati kabeh sadurunge wayahe, klebu dhalange.
Tujune wae mulat Sanghyang Bethara Endra, panjenengane enggal meper kang lagi bramantya. Yamadhipati dielikake, yen pusaka Kaladhandha nganti ditamakake, titah ngercapada bisa mati tumpes tanpa dosa.
“Mesakna, dhalange anake isih cilik-cilik, lho.” Dhawuhe Bethara Brama.
“Adhuh pukulun, nyuwun tadhah deduka. Meh kemawon kula mata gelap,” ature Bethara Yamadhipati.
Yamadhipati nuli nyimpen pusakane. Dene Dasamuka Kolid didhawuhi nyranti, bali ana ngarcapada ndisik. Proposal umur nyewu taun arep dirembug ana sidang Bale Marcakundha, urut kacang karo pembahasan RUU Keistimewaan Yogyakarta. Apa asile mbesuk bakal dikabari liwat e-mail lan facebook. (Ki Guna Watoncarita).
Cathetan: crita wayang (mbeling) karyane Pak Gun ngene iki ajag kapacak ing majalah abasa Jawa, Jaya Baya. Sumangga sami lengganan.
nggalek.co
8 years ago
0 comments:
Post a Comment