@Pavkar Dhukunov
Punika asmaradasih
wedaling pangudarasa
rupa sekar kang rinonce
reroncen rasaning nala
pepengeting priyangga
anggawe tulis lelipur
tan napak ing tanah jawa
Dedolanan analisik
laku lumakuning basa
kang amrih dadi cethane
tembung masih taksih nika
pundi ta hikang nyata
leres papan dunungipun
patraping rimbag tinata
Saking asaling tembung sih
winuwuhan aksara ha
pan asih iku dadine
punika tuduhing tindak
aweh tetep maknanya
mangkana rerimbagipun
sih tetep asih ing kana
Kalihing tembung sih niki
pinurwan de aksara ma
masih kang dadi unine
teges tetep ingkang ana
tan owah saking kana
ing pasar pangucapipun
dadi maksih aneng kata
Masih lan maksih puniki
yektine tembung kang padha
dene kang dadi maknane
tetep tan owah kang ana
bareng tekan ing pasar
dadi taksih kang kaprungu
masih dados taksih nika
Lajeng kalajengan malih
tembung taksih jroning pasar
sumebar tesih dadine
trus lestari ing pangucap
taksih tesih kang kaprah
netepi ujar rumuhun
bener kalah dening lumrah
Makaten sekar rinakit
nembang kidung rerimbagan
kasmaran lan karonsihe
pepasihan tembung jawa
sih asih masihira
tur ing endi dunungipun
taksih tesih jroning basa.
PD-20111212
Minas, Riau
--saka Grup: Sastra Jawa Gagrag Anyar
nggalek.co
8 years ago
0 comments:
Post a Comment