Thursday, January 26, 2012

Banjaran Sari: ”Layang saka Katsuura”

(Marang Nobue, muga lerem tentrem ing kana)

Wancine wis surup
Pak Pos menehake
Layang kandel sakgepok
Cetha tulisane
Pawongan kang ngirim
Aran Yashakii Mine

Nyut . . . angen anlawung
Endah reruntungan
Nyata pancen wis suwe

Gragaban ambukak
Mbrebel pitakonan
Piye kabar mbakyune?

Jumlegur wartane
Iki wus atilar
Lara jantung sababe

Ngestokke panjaluk
Enggal kirim warta
Ngabari abadinar

Nabet wewayangan
Sore mangsa gugur
Ing gisiking segara

Wanci candhikala
Wedhenan kang atis
Kidung ati ngendhelong

Mamring panggonane
Kompal-kampul prau
Katon tansaya nglangut

Trenyuh kekanthenan
Kenceng mbok goceki
Aboting pepisahan

Ombak anyempyoki
Nelesi sakkloron
Mripat ngreranta mandeng

Wancine pamitan
Mungkasi lampahan
Manca nagara edi

Angguguk nelangsa
Nggeter angrungkebi
Mbok aja bali mulih

Kaendahan kuwi
Kaya lagi wingi
Perih nyendhal rinasa

Maca tulisane
Njenggirat kelingan
Ngegla kenya Sakura

Tintrim seratanmu
Ing kandeling amplop:
Shin ai ni abadinar-e )*

Lembar mbaka lembar
Ing sapadinane
Notol kangen anyeseg:

“Lamun ing samengko
Tangisku mbokwaca
Teges aku wis lunga

Ngugemi kasetyan
Kangen sing neng dhadha
Marem sun gawa mati

Ing selaning wedhi
Gisiking katresnan
Tansah kowe dak antu

Kapan mbok tiliki
Chiba no Katsuura?
Tenan aku ngenteni”

Lemahdhuwur, 24/01/12
)*ingkang kinasih, abadinar
@Dh Abadinar

0 comments: