Thursday, January 26, 2012

JARENE

Jarene panguwasa negara kang dhuwur iku rakyat.
Nanging kenengapa,yen ana pamong praja liwat
Kudu mbungkuk sangangpuluh drajat
Kaya wong wedi kuwalat

Jarene Indonesia kuwi sugih rajakaya
Nanging kenengapa
Akeh kawulane kang ketula-tula
Dadi reh-rehan ing manca
Bali ora nggawa nyawa

Jare gemah ripah loh jinawi
Nanging para kadang tani
Isih akeh kang nangis ing ati
Awit akeh rugi tinimbang bathi

Sapa ta kang ngrasakne
Manise negarane dhewe
Gumuyu sakwadyabalane
Ora eling marang kang nandhang luwe

TAIPEI, 260112
@Asih Aspalia

0 comments: