Friday, January 13, 2012

MANTU

Suharmono K.

Kabar bakal mulihe anake iku banget gawe bungahe atine. Wus sawatara tahun dheweke ora ketemu karo anake kuwi. Pirang-pirang tahun suwene dheweke ana manca negara, oleh tugas sekolah saka kantore. Minangka wong tuwa, dheweke pancen rumangsa oleh kanugrahan kang tanpa kinira saka Gusti Allah. Anake telu wis dadi uwong kabeh, nyambut gawe mapan. Lan anake sing nomer telu kuwi, pancen jian kutu buku tenan wiwit cilik. Mula ora aneh yen prestasine tansah manjila. Lulus S1 ditampa nyambut gawe ana BUMN, kamangka wektu iku umure durung ana 25 tahun.
Bubar kuwi banjur disekolahake S2 ana Amerika. Ndilalah ing Amerika kok ya kecanthol bule pisan. Dadine mulih saka Amerika saliyane nggawa ijazah uga nggawa kenya bule. Nyambut gawe oleh rong tahun ndilalah kok ya banjur dikongkon nerusake S3 maneh. Dadine pirang-pirang tahun anake ragil iku anggone ana Amerika. Sawise lulus S2 biyen, dheweke arang-arang banget ketemu karo anak lan mantune iku, amarga anake ditugasake ana Jakarta, lan sajak repot banget karo gaweane.

Rasa bungah iku orang mung dialami dheweke dhewe. Wong saomah, malah anak-anak lan mantune kabeh melu ngrasakake rasa bungah iku. Pirang-pirang dina anak-anak lan mantu-mantune nyiapake omah kanggo mahargya anake ragil lan sisihane iku.

’’Nanging sejatine ana rasa kang rada ngganjel jroning atine. Yagene tekane anak lan mantune iku kudu disubya-subya kaya tamu agung? Liwat telpun anake kandha manawa bakal nginep sawatara dina. Pancen adat kang lumaku tamu iku yen bisa kudu disuguh lan gupuh. Saora-orane ora suguh yen gupuh. Nanging anak lan mantune iku rak dudu tamu. Anak lan mantune iku kulawarga dhewe, dudu wong liya. Dadi ora perlu disubya-subya.’’

’’Bapak, sedaya sampun kula atur,’’ kandhane anak mbarepe. Ibune lare-lare sampun kula kengken blajar masak masakan Amerika. Lajeng Dhik Rini semahipun Wiranto rak lulusan S1 bahasa Inggris. Piyambakipun mangke ingkang tansah ndhampingi Jeni sedinten-dintenipun wonten mriki. Ewasemanten kula kinten Bapak inggih perlu sekedhik-sekedhik ngenget-enget istilah-istilah basa Inggris. Dhik Rini sampun nyiapaken kamus Bahasa Inggris kagem Bapak.”

’’Bapak wis oleh pira Pak anggone ngapalake tembung-tembung basa Inggris. Panjurunge Rini wulan kepungkur yen Bapak kersa ngapalake sedina sepuluh kosa kata basa Inggris, sewulan rak wis lumayan!’’ sisihane nyauti.

’’Mboyak…! Ra ngerti basa Inggris ra patheken!’’ wangsulane rada sengol.

Krungu wangsulane sing sengol, sisihane sakala meneng klakep. –Wong wis umur kliwat sewidak taun kok dokongkon blajar basa Inggris mung gara-gara supaya bisa rembugan karo mantu-. Pancen dheweke biyen ora tau nduwe pangangen-angen nduwe mantu wong manca negara, apa maneh bule. Nduwe mantu saliyane wong Jawa wae wus ribet, wiwit lamaran lan sapiturute nduwe aturan dhewe-dhewe sing ora padha karo adat Jawa. Ndadak saiki nduwe mantu bule. Kamangka anake iku adat jawane wus mbalung sungsum. Nabuh sawernane gamelan wus ora kidhung. Basane mlipis, uga nguwasani sawernane tembang macapat. Ndilalah nduwe bojo kok wong bule. Apa pancen wus jodhone?

’’Bapak, kula badhe emah-emah,’’ mangkono sawijining wektu nalika mulih liburan kuliahe S2.

’’Kowe arep omah-omah?’’ pitakone kaget wektu iku. Apa sing wus suwe dikuwatirake iku bakal kedadeyan. Bareng ngerti manawa anak ragile iku duwe pacar kenya Amerika atine tansah ketir-ketir. Duwe mantu padha-padha Jawane bae anake sing nomer siji iku sok saling surup Karo sisihane. Adat-istiadat lan kabudayan sing beda sering gawe kisruhe balewisma. Minangka wong Jawa, atine ora sepiraa setuju yen anake nganti oleh jodho seje suku, apa maneh seje bangsa. Wong-wong bule iku akeh-akehe ora nduwe duga. Lha pancen ora jawa. Ora ngerti unggah-ungguh.

Dheweke ambegan landhung. Selagine wong Jawa bae uga ora njawa. Apa maneh wong manca. Dheweke isi eling kedadeyan sing banget njangget ana ing atine nalika anake mbarep isih manten anyar biyen. Dheweke wektu iku pas sambang anake mbarep kang isih manten anyar iku.

’’Yah mene sisihanmu kok durung mulih? Jam pira mulihe?’’ pitakone wektu iku.

’’Dinten punika Darto lembur, Bapak!’’

’’Apa?’’

’’Darto lembur.’’

Sakala raine dadi mbrabak krugu wangsulane mantune iku.

’’Dadi sliramu kulina njangkar marang bojo?’’

Ganti mantune sing kaget. Mantu anyar iku ora ngira manawa anggone njangkar marang sisihane iku gawe ora renane maratuwane. Ngapunten Bapak, kula kesupen kabekta kebiasaan kuliah rumiyin,’’ wangsulane mantune kanthi kebak rasa isin.

’’Nak Astuti, rak kanca kuliah sa-angkatan ta Pak, dadi sok-sok ya lali. Rumangsane isih kanca kuliah bae,’’ kandhane sisihane nengahi.

Wiwit dina iku pancen mantune wis ora njangkar maneh marang sisihane, nanging banjur ngundang Pi, Papi. Ing kupinge undang-undangan iku malah rada aneh. Biyen, sebutan papi iku kanggo Landa. Saiki sebutan papi iku jebule uga kanggo mbasakake putu-putune marang bapake, lan mami marang ibune.

Kedadeyan iku orang mung dumadi marang anak mbarepe bae. Anak nomor lorone uga ngulinakake anak-anake ngundang papa lan mama tumrap wong tuwane. Owah gingsire jaman. Lha kok anak ragile malah rabi oleh landa Amerika.

’’Terus wanita endi Le, sing bakal mbokdadekake sisihanmu?’’ pitakone wektu iku bareng anake kandha yen arep rabi.

’Jenni, Bapak. Jennifer!’’

Dheweke ora enggal wangsulan. Anake ragil iku dipandeng suwe. Apa sing dikuwatirake iku saiki kabukten. Nalika krungu anake iku nduwe sesambungan karo wanita bule atine wis ketar-ketir. Rasane rumangsa eman manawa anake sing lantip iku nduweni sisihan Landa. Dheweke ora rila manawa anake lanang iku dijangkar sisihane. Manawa dheweke dhewe sing ngalami kedadeyan iku, nganti dijangkar sisihane. Embuh apa sing bakal dumadi. Nanging sisihane, ibune anak-aneke ora njangkar maarng dheweke. Sisihane wong jawa kang njawani. Sisihan kang bekti marang gurulaki.

’’Wis kok pikir tenan ta, Le?’’ pitakone.

’’Sampun, Bapak!’’ wangsulane anake kanthi tumungkul sajak wedi.

’’Abot lo Le sanggane rabi karo wong manca. Budaya kita beda. Eling, rabi iku kanggo salawase, ora mung kanggo coba-coba. Rabi iku kudu nganti kaken-ninen.’’

Anake mung tumungkul, ketara anggone wedi banget.

Dheweke ambegan landhung. Minangka wong tuwa ora arep meksa kekarepane anake. Yen iku wis kekarepane anake arep dikapakake. Bocah enom kadhang-kadhang kekarepane nyleneh-nyleneh. Sakeplasan dheweke nyawang saprangkat gamelan ing pendhapa omahe iku. Gamelan iku wis arang-arang ditabuh maneh. Kamangka biyen meh saben bengi tangga-teparone padha teka banjur nabuh gamelan iku bebarengan. Nanging saiki anak-anake bae sajak wis lali marang jenenge siji-siji gamelan iku, endi sing arane bonang, endi sing arane gender anake wis ora apal, kejaba anak ragile iku. Lan saiki anak ragile sing biyen gedhe kawigatene marang seni tradisi Jawa iku malah arep rabi karo Landa.

Sejatine dheweke nduweni pangangen-angen anake ragil iku bisa nduweni sisihan kenya Jawa, sang njawani. Ora kurang kenya jawa sing ayune ngungkuli Madona. Ora kurang wanita jawa saiki sing ayune ngungkuli Nawangwulan. Nanging sajake wis jodhone anake, rabi karo kenya bule.

’’Yen pancen mangkono ya wis sakarepmu.’’

’’Bapak, kula nyuwun pangapunten mboten saget minangkani gegadhanganipun Bapak,’’ kandhane anake, ngerti manawa bapake rada cuwa.

’’Ora apa-apa Le, ora apa-apa yen pancen iku wis mbokniyati. Ora liwat aku mung ndongakake supaya uripmu mengko bisa tentrem ayem, lan kaleksanan apa kang dadi gegayuhanmu.’’

’’Matur suwun, Bapak!’’

Saiki wanita bule iku wis dadi sisihane anak ragile. Dheweke ambegan landhung. Saka pendhapa omah, suwarane sisihane, anak-anak lan mantune rame pada ibut anggone nyiapake tekane uba rampe wanita bule iku. Suwarane putune sing isih sekolah SD cumentheng nalika ngapalake ukara-ukara basa Inggris. Sejatine dheweke ora sarujuk marang tangkepe anak-mantune iku. Aneh, tekane sisihane anake ragil iku disambut kaya tamu agung. Ana sing nyiapake masakan Eropa, nyiapake penerjemah, lan embuh apa bae. Kudune mantu bulene iku wis dudu wong liya maneh, wus manjing kulawarga. Dadi ora perlu disubya-subya.

’’Menawi Bapak sedinten saget ngapalaken sedasa tembung-tembung basa Inggris punika, setunggal wulan kosakatanipun Bapak sampun lumayan kangge komunikasi kalian Jeni,’’ mangkono kandhane mantune sewulan kepungkur.

Dheweke ora wangsulan, mung nglirik kamus basa Inggris-Indonesia karo buku cilik isi percakapan basa Inggris iku. Buku-buku iku sidane ya mung gumlethak ana meja, dheweke ora tau nyenggol babar pisan.

’’Pak, bukune kok ora tau diwaos ta Pak? Jane wis pira ta toefl-e Bapak ki?’’ pitakone sisihane maneh.

’’Ah, mbelgedhes!’’ wangsulane rada mangkel.

’’Ah, ngono bae Bapak ki kok duka,’’ panyaruwene sisihane.

Krungu kandhane sisihane iku atine dadi lilih. Dheweke kadhang-kadhang rumangsa getun yen ngomong kasar karo sisihane. Sisihane babar pisan ora tau rembugan kasar. Pangrasane alus banget.

’’Saiki wis jam pira Bu?’’ pitakone ngalihake pirembugan.

’’Jam setengah rolas, Pak. Mau jare pesawate teka Juanda jam sewelas. Mesthine sedhilut maneh teka. Juanda kene rak mung sepuluh kilo!’’

’’Sapa bae sing mapak?’’

’’Bagio karo Rini sisihane, dheweke sing paham basa Inggris.’’

Nalika krungu kendharaan mlebu latar, wong loro iku menyat, metu . Anak ragile wis teka. Mobil Toyota Inova mandhek ana latar. Saka mobil Toyota Inova iku muncul anak ragile, dikanthi Landa bule sisihane anake, mbopong bocah cilik lanang umur limang tahunan.. ’’Ibu, endi Eyang Kakung, ibu?’’ pitakone bocah cilik limang tahun kanthi rambut pirang iku.

Dheweke njomblak, kaya-kaya ora percaya marang pangrungone dhewe krungu suwara tembung-tembung saka bocah cilik lan wanita bule iku.

’’Iku Le, iku Eyang Kakung!’’ kandhane Landa bule sisihane anake iku, karo nudingi dheweke. Bocah cilik iku mbrosot saka bopongane ibune, banjur mlayu marani dheweke.

Dheweke bali njomblak krungu ucapane mantune iku.

’’Yang Kakung, Arjuna sungkem Eyang Kakung!’’ bocah cilik iku ngajak salaman marang dheweke, banjur ngambung tangane.

Dheweke njegreg, nampani sungkeme bocah cilik iku.

’’Bapak, Sugeng Bapak?’’ pitakone kenya bule iku kanthi logat landane banjur sungkem uga marang dheweke.

Satetes banyu bening metu saka tlapukan mripate. ’’Termbung Bapak, sugeng Bapak?’’ iku kuwawa nunjem jero ing pulung atine. Saka lathine Kenya bule iku metu tembung, ’’Bapak, sugeng Bapak?’’ dudu tembung, ’’Father, how are you?’’ Nalika dheweke nyawang anake ragil, anake iku mung mesem, banjur tumungkul.

’’Iya Ndhuk, oleh pandongamu…’’ wangsulane groyok.

’’Keng putra ngaturaken sungkem.’’

Banyu bening saka tlapukan mripate tansaya deres. Rasane kaya ngimpi, ana wanita bule sungkem marang dheweke, nganggo basa Jawa kang alus pisan sanajan kanthi logat Landa.. Anak-anake lan mantune liyane padha ndomblong ndulu kahanan kuwi.

Bengine suara gamelan kang ngrangin bali ngumandhang saka omahe. Minangka rasa syukur, dheweke ngundang tangga-tanggane.Bengi iku gamelan bali ditabuh bebarengan. Sakabehe pangrasane disuntak liwat suwarane siter, bareng karo suwara kendhangane anake ragil lan bonang penerus sing ditabuh landa bule mantune. Dheweke lagi ngerti manawa mantune iku uga biasa nabuh gamelan ing KBRI.

Sidoarjo, 24 Desember 2005
--saka buku: Pasewakan

0 comments: