Monday, January 16, 2012

Saridin Cikal Bakal Suku Samin

[ dongèng rakyat Pati ]

Rochani Sastra Adiguna


Ki Saridin sawijining dina gelut karo saduluré tunggal désa, satemah saduluré mau tiwas saka tangané Saridin. Banjur déning sang Adipati Kembangjaya, disalahaké lan kena pidana , bareng arep dilebokake ing pakunjaran , Saridin ora gelem , aturé marang Adipati Kembangjaya;” Kanjeng Adipati, nèk kula ajeng di lebokaké pakunjaran kula suthik, wong nalika gelut kaliyan seduluré kula, rak nggih ngrika sing ngawiti.
Déné mati niku nyawa rak urusané Gusti Allah, sanès kula sing matèni. Pati urip niku dudu urusané manungsa, nanging wewenangé Gusti Allah..”

Para nayaka Kadipatèn Pathi padha bingung anggoné ngawékani Saridin sing prasaja lugu, jujur. sawusé nayaka ora ana sing wani munjuk atur, banjur kabèh mangsa borong Kanjeng Adipati.

Sing aran Ratu iku pranyata limpad ing salwiring kawruh. Adipati Kembangjaya ora kéwuhan ing nalar, banjur Saridin disowanaké ana ing Kadipaten. Kanjeng Adipati ndangu marang Saridin;” ehh Saridin, aku bungah déne kowé gelem ngakoni kaluputanmu, wong luput iku patrapé kena ing pidana, yaiku kudu gelem manggon ana pakunjaran”

Saridin sumambung;” kula yèn dikunjara boten gelem Kanjeng..”

“ Ya wis ngéné baé, yèn kowé ora gelem dikunjara, saupama kowé dakkon turu ana ing kadipatèn Pasantènan kéné apa kowé ya ora gelem? pitakoné Adipati Kembangjaya

“ wah manawi kula kèn tilem wonten ngriki, kula purun Kanjeng, terus senthongé sisih pundi?

“ senthongmu ana pungkuran kaé, ngiras kanggo tungguk kemit njaga kaslametané puri, saka lawang butulan”

“ purun kula Kanjeng, nanging yèn dalu, kula kalilan wangsul, kula kangen kaliyan bojo wédok, yèn kula tinggal wanci dalu, kula boten téga…”

“ iya daklilani janjiné, sadurungé srengéngé nyorot, kowé kudu wis bali manèh ana omahmu sing ana kéné..”

Adipati Kembangjaya lega ing panggalih, mangkono uga para nayaka lan punggawa, mung padha sumanggem ing karti. Déné gedhong sing ana pungkuran iku arané Pakunjaran.

Saben bengi Saridin bali turu karo anak bojoné, yèn ésuk umun-umun wis mlebu ana pakunjaran. Saridin cikal bakal suku Samin.

sapinggiring kali serayu, 15012012
taklim kula,

0 comments: