Ki Budiono Santoso Dojosastro
Nyedhaki pungkasaning tahun wolung puluh lima. Aku nyulihi praktek kancaku nang Sekarsuli, Piyungan, ing tlatah Yogya. Sing praktek nang kono Dr. Bisma. Dheweke kudu giliran jaga nang rumah sakit pendhak dina Jemuwah. Wayahe wis lingsir wengi, nalika pasien pungkasan metu seka kamar praktek. Kliwat jam sanga. Prasasat tanpa kendhat ggonku mriksa pasien wiwit jam setengah lima sore mau. Embuh ana pira cacahe. Luwih seka telung puluh wong, kakung putri, tuwa enom, diwasa lan anak. Sokur kabeh apik, ora ana sing lara gawat.
Bubar mriksa pasien pungkasan, lagi krasa kesele. Awak lungkrah lan jimpe kabeh. Pengin cepet mulih. Mau wis janji karo sisihanku, Jeng Lina nek arep mulih gasik. Pengin jajan bakmi nang Gerjen, Suranatan. Bakmine Pak Panut. Wis kulina wiwit isih kuliah nang Ngasem ndhisik. Sumilire angin wengi, nrabas jendela, krasa mak nyes adhem, marahi mrinding nang kulit. Kahanan sepi mamring. Lamat-lamat krungu gunemane wong sing lagi jaga nang gerdhu, jejer omah. Gemrenggeng regeng. Sedhela-sedhela keselan swara ngguyu rame. Aku wis mlangkah metu, nalika Pak Mantri Hardjo, ngandhani.
’’Dok, taksih wonten pasien. Kadosipun panggilan.’’
"Panggilan saking pundi Pak?’’ Aku wis rada nggragap. Nek panggilan seka adoh, bisa suwe lakune.
’’Pangapunten njih. Sajakipun saking dhusun pereng redi wetan ngriku.’’
Ana bocah enom loro ngenteni nang ngarep omah. Gita-gita padha marani aku nalika weruh aku metu seka kamar.
’’Nuwun sewu Dokter. Kula aturi tindak panggenan kula. Bapak kula radi gawat.’’ Lamat-lamat praupane pemudha loro kuwi katon kesel lan suntrut. Yake merga rasa kuwatir.
’’Sakite napa Mas? Kok mboten dibekta mriki mawon?’’
’’Bapak sampun sepuh, ngrekaos menawi mlampah. Wiwit enjang wau ngoling-oling, sambat sakit padharanipun.’’
’’Sampun diunjuki obat?’’
’’Dereng, namung pun keriki kemawon. Kula suwun sanget Pak Dokter kersa tindak mrika.’’
Aku unjal ambegan jero. Senajan awak krasa kesel, aku kudu nekani pasien iku. Ndeleng bocah enom loro kuwi, ora tegel arep nulak. Praupane katon nek goreh. Umur-umurane isih enom. Dak kira kurang luwih rong puluh taunan.
’’Kula numpak skuter. Sampeyan numpak napa Mas?’’
’’Nyepedhah, boncengan kaliyan adhik kula.’’
’’Nek ngoten, sampeyan teng ngajeng, kula ngetutke saking wingking mawon.’’
’’Matur nuwun sanget, panjenengan kersa nindaki.’’
’’Perlu pun dherekaken menapa mboten dokter?’’
Pak Mantri Hardjo nyela seka njero kamar. Dheweke lagi mberesi kamar priksa. Perawat iku wis ngunduri tuwa. Nanging isih trengginas ngupakara pasien.
’’Ketoke kok rada adoh Pak Djo. Tak budhal dhewe wae karo mase iki. Tulung ubarampene lebokna tas.’’
’’Ngatos-atos injih Dok.’’
Ora lali welinge. Ukara iku kaya wis biasa krungu nang kupingku, tansah tak rungu angger aku arep mulih. Kaya-kaya mung nggo patut-patut tanpa teges. Ning nek dipikir, jero tegese. Kacilakan sak dalan-dalan sangsaya suwe sangsaya akeh. Manut angka statistik, klebu salah siji antaraning sepuluh sebab pepati ing Indonesia. Sok sapaa kudu eling apa dielingke supaya ngati-ati nang dalan nek arep budhal lelungan.
Alon-alon aku ngetutke nom-noman loro mau. Ngidul ngetan parane, ngliwati dalan tengah sawah. Sakuntara wis mlebu padesan. Sepi nyenyet ora ana swarane wong babar pisan. Ora ana lampu. Sajake durung klebon listrik daerah iki. Untunge rembulan ndadari wis katon nang langit. Senajan mung remeng-remeng. Aku isa ndeleng kahanan kiwa-tengen dalan merga lampu skuter. Ngliwati tegalan, sangsaya suwe dalane sangsaya ndedel munggah. Bocah nom-noman loro iku kerep medhun ganti sing mboncengke. Ambegane ngos-ngosan. Ora maido. Pancen abot. Numpak sepedha nang dalan lemah campur watu krakal. Tur munggah pisan.
’’Taksih tebih, Mas?’’
Aku sangsaya ora sranta. Jarene cedhak, iki wis punjul setengah jam kok ora tekan tekan.
’’Sampun caket dok. Sak sampunipun redi ngajeng menika.’’
Ya ampun, isih kudu ngliwati gumuk sak mono gedhene. Paling ora isih telung kilo maneh iki. Atiku wiwit goreh. Mengko mulihe apa ora kesasar? Aku terus ngetutke nom noman loro iku. Lali durung takon jenenge sapa. Sing jelas, deweke kakang adi. Sepedha kerep mung dituntun. Ngliwati gumuk banjur tekan nang padesan. Ora ana lampu dalan. Omah omah sak kiwa tengening dalan wis tutupan kabeh. Ora ana sorot lampu. Sepi nyenyet. Mung swara jangkrik karo walang sangit saur sauran, kaya jor joran ura ura. Angin wengi nang pegunungan swarane cemengkling nggugah wengi. Embuh ping pira menggak menggok nang dalan padesan, sedela maneh banjur tekan omah sing ndhewe nang pinggir dusun. Ukuran sedhengan ana latare ora pati amba. Bedane karo omah omah liyane, katon ana sorot lampu seka njero omah, nembus pager gedhek sing nrawang ora patia rapet. (ana candhake)
nggalek.co
8 years ago
0 comments:
Post a Comment