Tuesday, January 10, 2012

MBULANE KETUTUP SLENDHANG [2]

Ki Budiono Santoso Dojosastro

Sakwise markir skuter nang plataran, aku terus mlebu omah karo uluk salam. Ana sakwetara wong lanang wadon padha lungguhan nang amben dawa sisih kiwa. Meh kabeh padha ngrokok. Ana sing nganggo klembak menyan. Aneh, sing biasane ngrokok klembak menyan ki nang daerah kulonan, kaya Purworejo ngulon. Iki nang tlatah Gunung Kidul kok padha udut klembak menyan. Batinku rada nggrundel, jare nunggu wong lara kok padha jor joran le udut.


’’Menika sanak sedherek kaliyan tanggi-tanggi Pak Dokter.’’

Nom-noman mau nyoba nerangke. Sajake ngerti nek aku ora kepranan.

’’Enggih, sing sakit teng pundi, Mas?’’

’’Mangga lajeng mlebet kemawon Pak Dokter. Bapak wonten senthong.’’

Aku terus mlebu nang senthong. Tas gage tak selehke nang kursi, tak bukak njupuk stetoskop.

’’Asmanipun sinten Pak? Dospundi gerahipun?’’

’’Mboten kiyat Pak Dokter. Padharan kula sakit sanget mlilit wiwit enjang wau.’’

’’Dereng pun unjuki obat?’’

’’Namun kerikan kaliyan minyak gosok menika. Ning dereng wonten kaotipun. Tulung ta Pak Dokter.’’

’’Dereng dhahar wiwit wau enjing?’’

’’Badhe nuntah menawi pun lebeti tedhan.’’

Setengah ngantuk aku nyoba konsentrasi mriksa pasien mau. Jenenge Pak Drono, Sodrono, umure wis pitung puluh taun. Ora suwe lehku mriksa, gejala koliek usus, embuh sebabe, mungkin salah mangan. Tak suntik sepisan, dheweke durung marem isih takon .

’’Menapa majas nek mung sepindhah Dok?’’

’’Doktere kula senes sampeyan Pak Drono. Dientosi mawon riyin. Nek kakehan suntik jebol mangke ususe.’’

Tak kon nggawekke teh panas, karo bubur tanpa nganggo lawuhan pedhes. Jarene sisihane mau esuk pak Sodrono bar mangan kuluban pedhes, njur sambat wetenge mlilit. Aku ngenteni nang njaba karo wisuh nang sumur sebelah omah. Sakwise kira-kira sepuluh menit, Pak Drono wis isa ngentut. Terus pengin bebuang nang mburi. Ketoke kok wis majas obate. Sakwise tak kandan kandhani prekara anggone kudu njaga mangan, aku banjur ngundang nom-noman anake Pak Drono mau.

’’Mas, mboten sah kuwatir. Bapake mung kleru dhahare. Dikurangi le dhahar pedhes. Sing kathah sayur kalih buah. Tomat napa kates, rak ngriki kathah.’’

”Mboten perlu priksa teng nggriya sakit Pak Dokter?’’

” Kula resepi mawon, benjing enjing obate dipundhut teng apotik. Teng Yogya. Benjing sonten, kula mboten praktek teng Sekar Suli, ning teng Ngotho, Jalan Imogiri. Jam sekawan dugi jam enem. Bapake mang terke mrika, kula kontrol.’’

’’Injih Pak Dokter. Dados boten sisah priksa teng nggriya sakit nggih?’’

Bubar ngombe teh panas aku pamitan. Bu Sodrono nang ngarep lawang arep menehi dhuwit. Digegem nang tangane. Aku ora tegel arep nampa. Weruh Pak Drono langsung njenggelek tangi rasane wis seneng aku.

’’Matur nuwun bu. Kagem nebus obat mawon benjing enjing. Ngatos-atos njih Bu le ngopeni garwane.’’

Bu Drono karo anake anggone matur nuwun tanpa kendhat. Aku takon arahe sing cedhak nang dalan gedhe. Miturut Sukar, ya Sukarno, si kakang bocah nom noman loro iku, jare ora perlu metu dalan mau. Terus wae ngetan munggah sithik ngliwati sak desa menggok ngiwa dalan medun, tekan dalan gedhe jurusan Wonosari. Deweke arep ngeterke nganggo sepedhahe. Ning aku ora mentala weruh le dha krenggosan mau. Tak tolak kanthi alus. Aku isa nggoleki dalan dewe.

Kanthi ati kemrungsung aku neruske laku. Liwat dalan padesan arahe ngetan. Isih rada ndedel munggah. Metu seka padesan ngliwati tegalan peteng sak kiwa tengene dalan. Aku ngalamun mbayangke nek ana sing lara dadakan kaya ngene, kok ya isih ora gampang nggawa langsung nang rumah sakit. Kamangka iki dudu daerah terpencil. Isih cedhak kuta.

Tanpa tak nyana, dumadakan ana wong wadon nuntun pit mandheg nang tengah dalan. Kagetku setengah mati. Ora genah sangkan parane kok ujug-ujug mandeg nang tengah dalan. Skuter tak endhegake. Mesin ora tak pateni. Dadi nek ana apa-apa gampang le nggeblas, mlayu. Wanita mau umur-umurane udakara telung puluhan. Nganggo ngisoran klawu, ora jelas apa daster apa rok. Sing jelas kalung slendhang warnane putih truntum ireng ceplok-ceplok. Praupane lamat-lamat katon pucet, suntrut. Satleraman aku weruh ana luh ngambang nang mripate sing mbendhul.

’’Pak Dokter, kula nyuwun tulung sanget njih.’’

’’Njenengan sinten Mbak? Daleme pundi?’’

’’Nami kula Ratri. Saking dhusun wetan mriku. Dhusun Pengkok. Anak kula, Pak Dokter. Anak kula nyuwun tulung.’’ Omonge metu tanpa kendhat katon nek lagi susah lan panik.

’’Sareh Mbak Ratri. Putrane kena apa?’’ Aku mbalik ngoko.

’’Anak kula sampun gangsal dinten mboten saged mimik. Tutuke ngancing terus kalih kerep kejang.’’

’’Umur pira putrane. Piye larah-larahe?’’

’’Thole nembe lair seminggu kepengker Dok. Tigang ndinten kok lajeng mboten saged mimik. Kerep kejang. Nyuwun tulung sanget njih Pak Dokter.’’ Ratri katon sangsaya bingung lan panik. Aku nyoba nyarehake.

’’Iya Mbak Ratri, dak tilikane. Sing sareh ya. Sabar. Daleme sebelah endi?’’

’’Mangga sareng kaliyan kula Dokter.’’ Dheweke mesem nalika aku sanggup arep niliki anake. Senajan praupane kisruh lan pucet, sak tleraman nalika mesem, untune katon putih teratur. Rupane manis wanita iki.

’’Thole janipun bagus kados bapake. Ning kok lajeng sakit. Raos remen kula ical blas, kados pun rebat sak wenang wenang. Mboten ngertos sinten sing ngrebat.’’

Aku nglakokke skuter mlaku alon alon mbarengi Ratri. Mung gumunku kok rosa temen bocah wadon iki. Dalan ndedel munggah ya enak wae le numpak sepedha. Entheng tanpa krenggosan kaya Sukar mau. Dheweke numpak sepedha karo setengah ngrintih sedhih nyebut anake lanang. Aku mung isa ngerih-erih karo mbarengi nang sisihe apa nang mburine. Sok-sok noleh aku karo mesem. Aneh ngrintih nangis, diselani ngguyu karo mesem renyah.

’’La garwane nang endi Mbak Ratri?’’

’’Kula ajrih Pak Dokter. Bapake teng sabrang nyambut damel pun nem wulan. Kacriyos teng Malaysia. Mangke nek wangsul leh kula nerangke prekawis thole kados pundi. Tulung ta Pak Dokter. Thole ketulungan ta?’’ (ana candhake)

0 comments: