Tuesday, January 10, 2012

MBULANE KETUTUP SLENDHANG [3]

Ki Budiono Santoso Dojosastro

Dalane isih munggah. Ngliwati gumuk maneh. Ning rumangsaku kok Ratri saya cepet anggone numpak sepedha. Kadhangkala nang ngarepku, kadhangkala nang sisihku. Slendhange kemlawe keterak angin. Meruhi Ratri numpak sepedha, nganggo slendhang kemlawe kena angin, atiku ngungun rasane. Kaya nonton tontonan alam sing endah ing swasananing terang mbulan. Sedhela-sedhela deweke noleh mburi karo mesem, ’’Thole, anak kula mboten napa-napa nggih Dok?”Banjur nerusake anggone nggenjot sepedha karo ngrintih nembang kang ora cetha.


Kala kala Ratri mandheg, ngenteni aku. Sak untara, deweki medun seka sepedhahe. Mandeg nang tengah dalan, mbalik ngadepi aku. Praupane katon suntrut ning serius. Slendange kemlawe, parfume wangi lembut kegawa angin.

’’Mendah remen kula menawi pak dokter saged njampeni thole. Menawi anak kula saged pulih mantun, kula kaliyan semah kula iklas nderek panjenengan. Thole temtu saget mantun ta?’’

Bubar omong ngono, dheweke nangis ngrintih maneh, numpak sepedhahe ndhisiki aku. Aku panggah ngetutke nang mburine, kira-kira antarane sepuluh meteran. Ngliwati gumuk dalane medhun kepenak. Seka kadohan nang entek-entekane dalan, ana omah gedhe katon pengkuh mibawani. Ratri ketok saya gita gita nyepetke laku. Ana sorot lampu seka omah gedhe iku. Nang sisih kiwa, kira kira seketan meter, ana lampu petromaks dipasang. Sak wetara pemuda lagi pada main voli. Aku mung mbatin, wis tengah wengi ngene kok ya isih dha main voli, adoh lor adoh kidul.

’’Menika griya kula Pak Dokter. Thole teng nglebet kalih mbahe. Terus mlebet kemawon, kula mangke tak nyimpen sepedha niki riyin. Matur nuwun sanget kersa nindaki mriki. Nyuwun tulung estu anak kula njih Dok. Kula pasrah panjenengan.’’

’’La putramu nang endi Ratri? Cepet tak priksane?’’

’’Mangga langsung mlebet gandhok. Kula medal wingking. Bapak-simbok wonten nglebet.’’

Mesin skuter tak pateni. Arep tak parkir nang plataran sisih kiwa cedhak lawang kiwa omah gedhe kuwi. Dadakan krungu jerite Ratri seka njero karo nangis ngguguk.

’’Anakku ngger, anakku. Tulung ta Dok, anak kula.’’

Atiku semedhot kaget. Gek gek anake Ratri ana apa-apa? Tasku tak jupuk. Karepku arep mlebu lawang ngarep omah gandok gedhe. Lagi pirang njangkah nang plataran, pemuda pemuda sing lagi pada voli mau nyegat lakuku.

’’Panjenengan sinten ki sanak?’’

’’Kula Dokter sing praktek teng Sekarsuli.’’

’’Panjenengan ingkang asma Dokter Bisma?’’

’’Kula kancane Dokter Bisma. Niki wau diundang Mbak Ratri, jarene larene sakit.’’

’’Ratri mboten wonten mriki. Kula aturi kondur kemawon Dokter.’’

Salah sijining pemuda, ngandhani aku kon mulih. Dheweke nduduhi dalan ngiwa nang ngarepe omah gandhok. Aku nyoba njelaske nek kudu mriksa anake Ratri. Ning pemudha-pemudha iku setengah meksa njaluk aku mulih. Praupane goreh. Ora ana sing mesem babar pisan.

’’Mangga kula aturi tindak Dokter. Sampun dalu. Mboten perlu mlebut mriki. Mergi ngiwa menika dhumateng mergi ageng Wonosari.’’

Aku kepeksa manut. Skuterku tak starter, mlaku alon-alon sak urute tembok. Swarane Ratri isih krungu nangis ngrintih nang njero omah. Aku noleh nengen ndeleng njero seka pager tembok sing ora patia dhuwur iku. Ya Allah. Atiku entek. Kagetku ora isa tak critakke maneh. Aku ora ngimpi. Omah gedhe sing rumangsaku omahe Ratri mau, jebul pemakaman. Pancen makam-makam nang Gunung Kidul biasane dibangun apik, katon megah. Aku mblandhang mengalor sak dawane tembok makam. Terus medhun dalane rumpil banget. Pandongaku muga-muga skuter ora macet apa nggembos bane. Seka kadohan isih krungu tangise Ratri lamat-lamat kasaput swara angin wengi. Tangis sedhih lan nelangsa kelangan anake lanang sing mentas lair.

Sakwetara maneh wis tekan dalan Wonosari. Tanpa ragu terus menggok ngiwa, skuter tak gas mlayu nuju Yogya. Liwat Sekarsuli, sing padha jaga isih dha main kertu. Aku nyoba mandheg, pengin njaluk ngombe. Wong-wong jaga iku kaget weruh aku ndredheg ngos-ngosan.

’’Wiwit wau niku nembe dugi ta Dok? Meh jam setunggal menika.’’

Ora sempat nerangke apa sing kedadeyan, aku mung njaluk banyu. Salah sijine mbukak termos wadhah omben. Wedang jahe. Tak ombe sak gelas kebak. Rasane anget nang awak. Ora krasa awakku anyep kabeh iki mau.

Rebut cukup, aku nggeblas maneh nuju Yogya. Jam loro esuk tekan ngomah, nang Suryodiningratan. Aku sengaja metu lawang mburi dibukakke rewangku, Ruh. Samar nek nggurahi Jeng Lina. Angel lehku arep crita. Sakwise wisuh karo raup nang kamar mandi, aku mlebu nang omah ngarep. Isih ana bakmi tutupan nang meja makan. Wis anyep, ning ora pangling bakmi goreng iku gaweyane Pak Panut. Aku mangan bakmi dhewekan, ora isa rahap kelingan Ratri mau. Ratri, sapa ta sliramu ? Apa sing kok alami ? Aku kok ora sempat mriksa anakmu.

Lagi mangan karo ngalamun, Jeng Lina metu seka kamar. Dheweke ngrangkul aku seka mburi. Kenceng banget karo mbisiki.

’’Kok nganti yah mene Mas ? Aku wis kangen ngenteni wiwit mau. Awakmu adhem kabeh. Ndang ganti ageman.’’

’’Ana panggilan. Sesuk tak critani Jeng.’’

’’Bocah-bocah dha nakokke bapake mau. Jare arep tuku bakmi. Terus aku kongkonan si Ruh nang Gerjen.’’ (ana candhake)

0 comments: