Tuesday, January 17, 2012

Sing Isih Kececer saka Lumakune Gerbong KBJ-KSJ

Dening: Sumono Sandy Asmoro



Kongres Basa Jawa ka-V lan Kongres Sastra Jawa ka-III wis rampung diadani. Upama wong nggelar kelir ngono wis ngglundhung kendhang. Sing nanggap atine wis padhang. Sindhen, yaga, sadhalange wis disangoni. Para penonton uga wis padha bali sinambi ngramesi impene dhewe-dhewe. Mung bae ing plataran isih mblasah lembaran-lembaran kertas tilas bunt6el jajan, mawa cathetan mirunggan.


Cathetan-cathetan ing sandhuwuring kertas kang kececer ing plataran kuwi perlu disemak bebarengan. Perlune kena kanggo sarana mawas diri, kanthi pangajab lumakune KBJ KSJ sing arep teka bisa luwih becik, lan asile kena dirasakake dening para pandhemen basa, sastra, lan budaya Jawa.

Kagelare KBJ lan KSJ satemene mujudake sawijining bukti yen basa lan sastra Jawa mono satemene isih akeh sing nresnani. Mung bae anggone nyimpen rasa tresna mau aja nganti keladuk, saengga bakal nuwuhake tumindak sing tundhone malah gawe rugine samubarang sing ditresnani mau. Ngupakara rasa tresna mau penting, nanging aja nganti over acting.

Kegedhen Wadhah Kurang Uyah
Kongres Basa Jawa ka-V wis rampung diadani dhek tanggal 27 nganti 30 Nopember 2011 kepungkur. Nanging nganti seprene durung bisa diwenehi pambiji, kegiyatan mau kasil apa ora. Awit senjan rekomendasi asiling KBJ wis dipasrahake marang sing kawogan, nanging tanggapan saka sing kawogan nganti seprene durung dikawuningani. Kira-kira bae isih butuh wektu kangho nemtokake sakabehane.

Muga-muga bae rekomendasi saka KBJ bisa antuk tanggapan sing positip saka sing kawogan. Dadi lumakune gerbong limang taunan kuwi ana asile, pindha sumiliring angin sing bisa dirasakake kanggo srana mekar lan ngrembakane basa, sastra, lan budaya Jawa. Ora mung saderma dadi srana ritual upacara adat kang kagelar pendhak limang taun sepisan.

Mung bae ana sawatara cathetan kang perlu digatekake saka lumakune KBJ Ka-V durung suwe iki. Terus terang bae isih ana kesaan kakejan makalah. Wektu sing efektif mung rong dina. Sebab tanggal 27 acarane mung pembukaan, lan tanggal 30 acarane mung maca rekomendasi lan penutupan. Dadi wektu sing digunakake kanggo ngrembug makalah mung rong dina. Kamangka ora kurang saka 69 makalah sing kudu dionceki. Dadine kaya wong playon. Pemakalah siji mung diwenehi wektu sepuluh nganti limolas menit. Mesthi bae makalah ora bisa dibabar kanthi tuntas.

Kerep banget tinemu pemandhangan sing ora kepenak disawang. Pambyawara kerep menehi cathetan cilik marang moderator, sing surasane ngelingake supaya moderator ngelingake marang pemakalah yen wektu kanggo dheweke wis entek. Malah para peserta arang banget diwenehi wektu kanggo takon marang pemakalah. Dadine mung dianggep kaya penonton. Eman banget ngundang sanak-kadang sing adoh papan dununge mung padha dikon lenggah sekeca , dhahar eca, tanpa diwenehi kalodhangan kanggo urun rembug.

Iki sing dakkarepake kegedhen wadhah nanging kurang uyah. Karepe ngono gawe sarana sing omber, supaya bisa madhahi maneka warna panemu. Nanging nyatane malah ora mlaku. Lumakune sidhang, amarga kaya wong balapan, dadine malah krasa mentah, sepa tanpa uyah.

Mula saka kuwi saupama KBJ Ka VI sing bakal kagelar ing Yogyakarta taun 2016 mbesuk, upama isih mbutuhake makalah, makalahe ora perlu akeh-akeh. Yen bisa aja luwih saka sepuluh makalah. Sing penting nduweni bobot, lan bisa dirembug kanthi tuntas. Para peserta sing diundang ya diajak rembugan kanthi cara nggelar dhiskusi upamane. Dadi ora mung dikon ngrungokake wong sesorah. Dakkira masalah sing diadhepi dening basa lan sastra Jawa , bakal antuk sarana kanggo ngudhari, yen masalah mau dirembug bebarengan.

Kejaba saka iki KBJ ka-V kepungkur uga ana kesan yen panitiyane kurang kompag, lan kurang nduweni rasa percaya diri. Dina kapindho jam rolas bengi saka lumakune kongres, ana panitiya sing nemoni aku ngajak bawa rasa. Dheweke nggresah lan ngandhakake yen panitiya mung padha bingung dhewe-dhewe. Maklum wong tuwa-tuwa, ngono grenenge. Si panitiya mau uga kandha yen dheweke kuwi ing KBJ ka-V iki kejaba dadi panitiya, uga dadi tim perumus lan pemakalah. Nanging saka ayahan cacah telu mau sing diwenehi honor mung siji. Kamangka katelune padha-padha ngetokake kringet.

Nalika dina pungkasan saka lumakune KBJ Ka-V, sarampunge adicara penutupan sajake kabeh peserta uga padha grundelan atine. Sebab dening panitiya mung diwenehi sertifikat thok. Kamangka miturut buku panduan kongres basa Jawa ka-V taun 2011 kaca 7 ngenani ketentuan umum dan tata tertib peserta ing perqngan angka ka papat disebutake manawa panitiya nyedhiyani akomodasi, konsumsi, lan bantuan transportasi tumrap para peserta sing wis kacathet. Nanging nyatane sing aran bantuan transportasi mau babar pisan ora ana. Kamangka nalika KBJ ka-IV ana Semarang limang taun kepungkur, ora ketang sethithik sing aran bantuan transportasi mau uga ana. Iki sing dak arani yen panitiya kurnag kompag. Keputusan rapat kang wis katulis kanthi gampang bisa disuwak kanthi tanpa alasan sing cetha.

Kejaba kuwi, isih manut katrangane sawijining panitiya mau, sakawit KBJ Ka-V iki bakal menehi kenang-kenangan marang para peserta arupa maneka warna buku, kalebu buku sastra Jawa cacah telu. Novel, kumpulan geguritn lan kumpulan cerkak. Saben buku wis ditemtokake sapa kang bakal nangani. Nanging nyatane sing kasil diwujudake mung novel. Sedheng kumpulan geguritan lan kumpulan cerkak ora maujud. Minangka gantine banjur diwenehi buku antologi cerkak lan gurit duweke KSJ. Kamangka yen digagas buku duweke KSJ kuwi kurang pantes minangka kenang-kenangan. Ora ateges ngelek-elek, nanging editore buku kuwi bae kanthi blaka ana ing pengantar ngandharake yen naskah jroning buku kuwi tanpa diseleksi mung adhedhasar karya sing mlebu saka wong sing gelem ngirim.

Tresnane sing Keladuk
Sadurunge KSJ III kagelar, aku nate dikandhani dening sawenehing panitiya KSJ, supaya ngirim karya sing arupa geguritan utawa cerkak. Jarene arep diterbitake dadi buku. Aku uga dikon cepak-cepak dhuwit satus ewu, perlune kanggo nuku buku antologi kuwi nalika KSJ kagelar. Terus terang bae aku ora sarujuk marang gagasan sing ngono kuwi mau, mula uga ora kirim naskah. Awit gagasan sing ngono kuwi dak anggep minanga sawijining tresna kang keladuk, sing tundhone bakal ngrugekake sastra Jawa dhewe.

Kira-kira bae panitiya KSJ nduweni niyat sing becik kanggo nerbitake buku. Nanging amarga dalan sing ditempuh kurang apik mula dadine uga kurang prayoga. Sajake panitiya KSJ lali, yen penulis iku uga sawijining propesi. Supaya sqastra Jawa bisa luwih diajeni dening wong akeh, kudune panitia KSJ uga kudu bisa mapanake sastra Jawa kanthi apa mesthine. Yen nulis migunakake sastra Jawa, ora ketang sethithik kudu uga ana sembulihe. Dak kira kanthi cara iku sastra Jawa bakal luwih antuk kawigaten, lan luwih diajeni, mligine saka generasi mudha. Nanging yen ana penulis sing dikongkon gawe tulisan, terus dikon nuku karyane dhewe ngono kuwi padha karo njlomprongake sastra Jawa menyang jurang sing luwih jero.

Upamane bae ana sawijining panitiya sing arep nggelar acara pawai becak. Dheweke terus nglumpukake tukang becak sak akeh-akehe. Tukang becak mau arep dijak pawai mubeng kutha. Kabeh tukang becak mau diwajibake mbayar satus ewu. Kanthi pawadan, yen tukang becak diajak pawai mubeng kutha, kabeh masyarakat bakal padha ngerti yen dheweke kuwi tukang becak. Kanthi mangkono yen sawayah-wayah butuh becak, ya mesthi nggoleki dheweke. Mesthi bae tukang becak sing dikumpulake mau padha misuh-misuh. Senajan ora dikenalake lumantar pawai becak, kabeh wong wis padha ngertinyen dheweke kuwi tukang becak. Mbecak kuwi tumrap dheweke sawijining propesi. Yen dheweke mancal becak tegese kudu dibayar. Ora kon mbayar ngono kuwi.

Nasibe tukang becak kuwi mau dak kira ora beda adoh karo nasibe sastrawan Jawa ing KSJ III. Propesine babar pisan ora diajeni. Yen pancen duwe niyat nerbitake buku kuwi apik. Nanging rasa tresna mau kudu ditanjakake samesthine, aja nganti keladuk, saengga salah mapanake tresna. Ragat digolekake saka sponsor apa pihak katelu sing gelem mbantu. Aja banjur ngejibake dana saka sing wis nulis naskah. Mula aku salut banget menyang Griya Jawi Semarang, lan Balai Bahasa Surabaya, sing wis gelem nerbitake bukuku, tanpa narik prabeya, malah aku diwenehi nomer bukti sing maremake. Aku uga isih kelingan nalika kagelar KSJ kang sepisanan ana ing Sala taun 2001 kepungkur. Wektu iku peserta ditarik iuran rong puluh ewu. Nanging terus dibalekake awit ana donatur sing sanggup nyukupi kabutuhan.

Kejaba saka iku, tanpa beda panitiya KBJ, panitiya KSJ III iki uga ana kesan eker-ekeran. Wektu iku ana panitiya KSJ III sing ora teka ing KSJ III. Bareng ditakoni lumantar tilpun, panitiya mau kandha tinimbang kecipratan getih luwih becik nyingkrih. Kok ana getih barang, ana perkara apa, sing panitiyqa mau kandha yen panitiya KSJ III ora transparan ngenani dana. Mula dheweke wegah teka. Mula saka kuwi yen limang taun engkas isih bakal ana KSJ, aku sarujuk marang panemune Pak Tiwiek SA kang kapacak ana PS No 49, supaya KSJ ditangani bae dening OPSJ. Iku yen OPSJ uga isih ana. (Nuwun)

Saka Panjebar Semangat Nomer 2, 14 Januari 2012

0 comments: