Tuesday, February 21, 2012

Aja Kaya Wong Ora Ngreti Cara

(Nanggapi Tulisane Sunarko Budiman: Eling Poma Dipuneling, Dulur)


Tulisane Kang Narko (Sunarko Budiman) krasa lumayan provokatif. Irah-irahane, ”Eling Poma Dipuneling, Dulur”, ditambahi: (Nanggapi Sumono SA lan Bonari Nabonenar) –apa ora luwih trep mengkene: (Nanggapi Bonari Nabonenar, Mbelani Sumono SA)--? Nanging, saka andharane, cetha yen satemene Kang Narko luwih, utawa saora-orane, ya: padha laline!


Utawa, yen wegah diarani lali, ateges dheweke sengaja nyebar pratelan kang nyempyok kana-nyempyok kene. Iku kena diarani nambah cacahe ”mungsuh” senajan tembung ”mungsuh” kuwi ora kudu tansah ditegesi kadidene memungsuhan lair-batin. --Nganti saiki aku isih nganggep manawa tukar-padu lumantar tulisan ing kalawarti/ariwarti kuwi kejaba bisa kanggo latihan nggunakake ukara basa Jawa tumrap kang nglakoni, bisa dadi suguhan memper "talkshow" tumrap kang para maos. Uga kasurung saka panemu kang kaya mangkono iku andharan iki katur.

[1] Desa Jono

Ujare Kang Narko, ”KBJ manggon ing hotel berbintang kuwi mbuktekake yen wis wayahe basa Jawa lan pawongan kang sandhung jegluge karo basa Jawa kuwi pantes layak mapan ing panggonan kang kinurmat. Ora panggah mapan ing sadhengah papan kanthi pawadan ”halah kadak mung basa Jawa ae lho, sing penting rak niyate.” Pawadan ngono kuwi kuno! Ketara yen wis ora ngajeni karo basa ibune, basa Jawa.” 



--Pak H Dasuki, Kepala Desa Jono (ngagem bathik) FOTO: DHANU PRIYO PRABOWO


Ing bab milih papan, KSJ ora tau nyirik kutha utawa desa. KSJ I ing Taman Budaya Surakarta, KSJ II ing Sanggar Paramesthi (Kompleks Kampus Unnes), KSJ III lagi ing Desa Jono. Mung, yen aku wenang milih, desa kuwi malah dadi pilihan nomer siji, ora merga cupete prabeya. Sangsaya akeh prabeya, saka swasta utawa pamarentah bisa ditanjakake ing desa, kuwi luwih becik pangaribawane, luwih jembar tebane, ora ngemungake tumrap Sastra Jawa, nanging uga ing bab seni lan kabudayan. Tur maneh, buktine ya akeh priyantun, saka Jakarta, Semarang, Banjarnegara, Tegal, Cirebon, Surakarta, kang rumangsa seneng lan ora getun nekani KSJ III ing Desa Jono.

Mapan ing desa utawa ing kutha, ing gubug apadene ing hotel bintang lima, bisa padha mulyane. Kang dibiji aja (mung) wadhahe. Kejaba yen ing kandhang pitik, kandhang wedhus, utawa ing kakus, senajan ta kakuse rega Rp 2 milyar. Mula, nganggep yen hotel lan gagah-gumebyare kutha iku ”pisungsung” kang paling murwat kanggo ngurmati para priyantun kang wus ketara nyata labuh-labete marang Sastra Jawa, iku malah kleru. Bisa kanggo salah sijine pawadan (-e Panitia KBJ V), iya. Bisa ditampa. Nanging, yen KBJ V mapanake para pesertane ing hotel bintang lima kuwi mung saka kepingine aweh pakurmatan marang para priyantun kang pantes ingajenan amarga labuh-labete kanggo basa lan sastra Jawa: aku babarpisan ora precaya.

Panemune Sunarko Budiman manawa milih ing desa iku kuno, uga kosokbalen karo panemune: Sri Satriya Tjatur Wisnu Sasangka, Halim Hade, Dr Teguh Supriyanto, Arswendo Atmowiloto, lan liya-liyane.

Nganggep yen Sanggar Anugerah ing Desa (Wisata) Jono, Kecamatan Temayang, Kabupaten Bojonegoro kuwi mung kayadene ”sadhengah” papan, iku nyepelekake banget. Apamaneh mbiwarakake lumantar andharan ing kalawarti ngene iki, istingarah bakal nyempyok rasa-pangrasane Pak H Dasuki (Kepala Desa Jono kang uga mengkoni Sanggar Anugerah) saandhahane lan kabeh para warga Desa Jono? Lali, apa sengaja?

[2] Sugih lan Sekeng

”Yen prasasat angger obah (nulis) metung dhuwite mbokmenawa loro badhene, pengarang professional nanging matadhuwiten, utawa pancen sekeng tenan,” mengkono ukaraku kang agawe binggete pangrasane Sunarko Budiman. Miturut panemuku, pancen mengkono angger disarujuki manawa sugih-mlarat kuwi mapan ing rasa lan pamikir. Ing desa kuwi ya ana wong nesu merga diarani mlarat, nanging yen ora keduman raskin utawa ora kebageyan BLT ya ngamuk.

Sunarko Budiman banjur mbeber andharan kang miturut panemuku ora magepokan karo prekarane. Dikandhakake manawa sastrawan Jawa akeh kang sekeng, kang nganggep dhuwit satus-rong atus ewu rupiyah kuwi dhuwit gedhe. Sakjane sapa sing nyecamah lan nyepelekake sastrawan Jawa: sing duwe panganggep manawa para sastrawan Jawa kuwi akeh sing sekeng, apa sing nganggep yen sastrawan Jawa kuwi padha sugih?

[3] Suparto Brata lan Tamsir AS

Yen aku nyebut Pak Parto kadidene paraga kang ora wedi torog kanggo Sastra Jawa, kuwi mung kanggo conto, senajan banjur didukani. ”Mas, mbok aja bola-bali nyebut jenengku ngono kuwi, aku malah dadi ora kepenak,” ngendikane Pak Parto ing pasamuan warga Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya (ing daleme Bu Trinil, Sedati, 29 Januari 2012). Yen disebutke kabeh jeneng lan katrangan ngenani sapa wae kang wis nuduhake labuh-labet kanggo Sastra Jawa, ya Panjebar Semangat bisa dibabar ajeg sajroning setaun apa rong taun tanpa rubrik liyane. Nggih, ta?

Kang Narko kandha, ”Eling, sanajan Pak Parto kuwi dadi patuladhan becik mungguh gelem cucule dhuwit (ana gandheng-ceneng karo bisnis buku-bukune?) beda karo Pak Tamsir AS sing mligi kanggo organisasi, nasibe ing donyane sastra isih ”resik” Pak Tamsir AS.” Cetha lamon iku ora matrap yen digunakake kanggo mbantah panemuku. Aku mung ngandhakake manawa Pak Parto kuwi klebu wong kang gelem cucul, wani tombok kanggo sastra Jawa. Ora ngandhakake manawa liyane Pak Parto ora ana. Lho, ngono kuwi rak kejaba ora patitis, malah nambahi ”mungsuh.” Takkira Pak Parto ya rumangsa kesempyok dening pratelan kang mangkono mau. Kang Narko malah lali utawa ora mikir nganti tekan semono, apa pancen niyat njarag?

Mangkono uga tumrap Pak Tamsir AS. Upama panjenengane isih sugeng, takkira ora bakal malah seneng maca tulisane anak buah-e kang saiki nglengser kalungguhane kadidene Ketua Sanggar Triwida kuwi, kepara malah bakal duka. Aku rumangsa begja dene bisa urip saomah ing Sala lawase setaun (1993) karo Pak Tamsir apadene Pak Parto nalika nggarap tabloid Jawa Anyar. Ya ing kana aku ngreti yen sesambungan antarane Pak Parto lan Pak Tamsir kaya sedulur tunggal yayah-wibi. Anehe, Pak Parto ngundang ”Kangmas” marang Pak Tamsir, mengkono uga Pak Tamsir ngundang ”Kangmas” marang Pak Parto. Lho, kaya ngono kuwi, coba, saka ngendi olehe mikir amrih ketemu nalar: Pak Tamsir lila Pak Parto ”diasorake” senajan kanthi ngumbulake panjenengane? Apa Kang Narko ora mikir nganti tekan semono, apa lali, apa pancen niyat njarag?

[4] Balung Pisah

Kang Narko uga kandha, ”Mbokmenawa aku klebu salah sijine “wong sekeng” bisa uga ”matadhuwiten”. Awit kanggoku dhuwit satus ewu kuwi uakeh…” (lan sateruse). Kuwi malah nuwuhake pitakon: Geneya yen kabotan kok ora nempuh laku kaya Sumono: wegah ngirimake karyane marang Panitia KSJ III? Lha, kok lagi saiki olehe ngandhakke?

Lho, yen ngono rak ora eklas tenan tibake olehe urunan karya lan dhuwite kae? Ing bab iki, patrape Sumono iku luwih becik. Tegese, yen iya ya iya, yen ora ya ora. Lha, iki kok ana, ibarate wong buwuh, dhuwite wis dicemplungke kothak, senajan embuh piye wujude brekate ya wis digawa mulih, mbareng tekan ngomah kok ngunek-unekke ”sohibul kajat” kang duwe gawe kanthi nampa buwuhan?

Sumono SA tau kirim SMS marang Sunarko Budiman, mengkene, ’’Bos, aku seneng nek ana wong sing gelem mikir nasibe sastra, tapi nek kosok baline ethok-ethok mikir sastra Jawa jebul mung kanggo ngumbulake jenenge dhewe aku ora trima. Sastra Jawa mung dianggo ajang kasus, kaya polahe selibritis sing surut pamore ben terkenal maneh. Manut petungku sasuwene iki KBJ – KSJ padha, mung kanggo mbukak kasus beberapa gelintir wong supaya ketok duwe pamor maneh, sawetara iku sastra Jawane tetep mbegegeg ora ana sing gelem ngobah-obah.’’ (Sunarko Budiman: Mapag KBJ V, Markus Basa Jawa, Sumono Gugat, ing Panjebar Semangat No 18, April, Tahun 2010)




Mbah Brintik | Sunarko Budiman | Sumono Sandy Asmoro | Bonari Nabonenar

Saupama dhek semana ana ulem kang kumleyang saka Panitia KSJ III marang Sumono SA apadene Sunarko Budiman, iku uga sinartan pangarep-arep mbokmanawa kanthi mangkono bakal ana kumpule balung psah. Lha, piye ta, wong panemune kaya ngono kuwi? Sumono cetha ora aweh wangsulan, senajan banjur ngaton ing acara KSJ III. Dene Sunarko Budiman, mung sawatara dina sadurunge entek wektu kanggo ngumpulake karya guritan utawa crita cekak kuwi, lagi ngirimake karyane, disusuli SMS, mratelakake manawa karyane wus kakirim lumantar layang setrum kanggo buku kembang setaman kang bakal dibabar dening KSJ III.

Tur maneh, ing antarane wong atusan cacahe sing komplain prekara mbayar Rp 100.000-an malah mung wong loro kuwi. Pripun ngoten niku?

[5] Pengadilan Sastra Jawa

Aku sepisanan ngreti bab arep digelare Pengadilan Sastra Jawa (PSJ) ing Surabaya (30 Agustus 2002) kuwi nalika sawijining wektu ing plataran Wisma Seni (Taman Budaya Surabaya) nimbrung wawan rembug antarane Keliek SW karo Prof Setya Yuwana Sudikan (dhek semana durung ”Prof.”). Embuh sapa sing sepisanan munculake gagasan kuwi, nanging nalika dikandhani bab kuwi, angen-angenku banjur mlumpat menyang Pengadilan Puisi ing Bandung kang dipandhegani Slamet Sukirnanto (1974). Senajan kedadeyan ing Bandung kuwi marakake saperangan wong (penyair) padha kebrongot, nanging iku becik kadidene pletik kanggo uwal saka kahanan njendhel.

Aku duwe pangarep-arep, kanthi acara PSJ kuwi mengko banjur akeh pihak kang maune ora nglirik Sastra Jawa dadi nglirik, sokur malah banjur gelem njingglengi. Saka panampaku, PSJ bisa dadi saweneh talk-show kang gayeng. Lan kebukten, swasana pagelaran PSJ kuwi luwih akeh ”ger-geran” (guyon)-ne, senajan sok ana kalane padha methentheng. Suparto Brata kadidene ”terdakwa” ora nekani sidhang, nanging malah nulis sairip ”pledoi” kang gamblang lan banget migunani, bisa dadi dokumen sejarah-e Sastra Jawa Gagrag Anyar.

Babarpisan PSJ ora digelar kanggo nyerang Yayasan Rancage. Kadidene saweneh ”talk show” takkira iku cara kang becik, senajan tujuane ora bisa karanggeh sawutuhe, nanging malah ana ”terdakwa” kang banjur njering karo hakim-e, ngono wae pilih-pilih, ora padha tangkepe marang kabeh hakim. Pak Ayip Rosidi wae ya rawuh nalika kuwi, lan saka rumangsaku apresiatif banget marang lumakune PSJ.

Prelu kawuningan, PSJ iku ginelar ing rerangken acara Pekan Budaya Jawa kang ing sajrone iku uga ana acara Masrahake Hadiah Rancage, saiyeg antarane Pemprov Jawa Timur, Unesa, lan Yayasan Rancage. Sangretiku ubat-ubete ngono kuwi. Lha, ngretine Kang Narko piye?

Iki uga ukarane Sunarko Budiman, ”Kersane Gusti Allah, taun 2010 Bonari Nabonenar nampa hadiyah Rancage uga. Critane piye, mung juri sing padha ngerti.” Sadurunge Sunarko Budiman kandha mengkono, ing saweneh kalodhangan wis ana wong liya kang mratelakake kanthi ukara kang luwih cetha, lan sawise bab iku dakcritakake dadi perangane artikelku kang uga kapacak ing Panjebar Semangat iki, aku banjur nampa tilpun saka Juri kang piniji nintingi sapa-sapa kang pantes nampa Rancage saka donyane Sastra Jawa. Bakune rembug, pratelan kang daktulis mung dhapur nirokake pangucape saweneh pawongan kang uga tau nampa Rancage kuwi mau pranyata ndadekake ora kepenake penggalihe ”Panitia.” Nalika nulis kuwi pikiranku ora nganti tekan kono, mbokmanawa kuwi tandha manawa gampang cupet nalare wong yen lagi emosional. Lan aku wis nyuwun ngapura. Lha, kok iki malah dibaleni maneh dening Kang Narko?

”Hara, apa iya mantan ”hakim pengadilan sastra Jawa” bakal dilungguhake minangka ”terdakwa”? Sapa gelem dadi hakim lan jeksane?” kandhane Kang Narko sabanjure. Takkira aku wis ngaturi ulem, senajan mung lumantar SMS supaya lawange Sanggar Triwida binuka kanggo ”ngadili” aku kang ngrumangsani tau digulawentah ing kono. Nanging, nganti seprene ora tau ana wangsulan.

[6] Buku Pasewakan


Ngenani buku Pasewakan, Kang Narko takon, ”Wragad saka ngendi panitia KSJ III nyithak buku atusan cacahe kanggo KBJ V? Apa ora cengkah karo ature Mas Bonari, ketua Panitia KSJ III mau sing jare mung kanggo nggrengsengake gumelare KSJ III ora kanggo souvenir KBJ V?”



Ngenani kepriye larah-larahe kok nganti buku Pasewakan uga dadi souvenir kanggo para peserta KBJ V, sajak bakal kedawan yen dijlentrehake nganti gamblang tenan. Nanging, amrih ringkese, ngene: Panitia KSJ III gawe proposal nyuwun bantuan prabeya marang Pemerintah Provinsi Jawa Timur, kang ndilalah uga bakal nggelar kongres, aran Kongres Basa Jawa V. Nganti naskah Pasewakan wis tekan kamar percetakan, saelingku mung lagi nampa wangsulan lisan manawa KSJ III bakal entuk prabeya panyengkuyung saka Pemprov Jatim. Durung kawruhan pira gedhene prabeya panyengkuyung kuwi. Mula, sawise dadi buku, senajan ora kasebut ing atur ater-aterku ing samake ana logo Pemprov Jatim lan logo KBJ V. Iku dhapur atur panuwune Panitia KSJ III marang Pemprov Jatim. Kang luwih baku maneh, layang perjanjian kontrak kerja sama-ne wae ya ora ana. Dene ana paraga-paraga upamane aku kang ndilalah Ketua Panitia KSJ III uga melu dadi anggota Panitia KBJ V, iku Bonari-ne, dudu Ketua KSJ III. Mulane ora trep yen diarani ana ”kerja sama” ing antarane Panitia KSJ III karo Panitia KBJ V.

Nalare, yen diarani kerjasama Panitia KBJ V karo Panitia KSJ III, kudu ana paragatama, kaya ta: Keliek SW, Daniel Tito, Sucipto Hadi Purnomo kang kudune uga dadi perangane Panitia KBJ V. Lho, para paragatama KSJ kang kasebut kuwi mau (senajan Mas Keliek SW wis arang ngaton) aja maneh dikatutake dadi Panitia KBJ V, diulemi supaya dadi peserta wae ora, lho! Ing prekara iki, eman dene Kang Narko ora tau takon, nlesih, apa nyarawidekake langsung marang Sumber A-1 sakdurunge mbabar andharane. Apa ngono kuwi ora klebu ngremehake Panjebar Semangat kang dibabar kanggo sesuluh lan tuntunane rakyat iki?

Kanthi data cumpen tur ora akurat kuwi malah Kang Narko gawe rumus matematika barang. Walah! Rumus kuwi rak ya padha karo teori. Teori kuwi digawe saka data kang cukup, kang kudu ditata lan diwaca kanthi becik. Lha, bali maneh, Kang Narko sajake ora mentingake akurasi kuwi. Kamangka, arepa diaranana pengarang kuwi rak ya ora angger samubarang cukup dikarang, ta?

Nganti saiki, saka cathetanku, kang nutuh utawa komplain marang Panitia KSJ III gegandhengan karo buku Pasewakan ora luwih saka wong lima. Ana kang merga salah paham lan banjur bisa nampa kahanan, ana kang mutung, ana kang aran Mbah Brintik. Eloke, kang olehe alok paling sora lan magepokan karo anane iyuran Rp 100.000-an malah Sumono Sandy Asmoro (kang ora melu urun karya amarga ora ora cocog karo program mbabar buku-ne KSJ III) karo Sunarko Budiman (kang wis kadhung mbayar).

[7] Bothekane KSJ III

Ing rumus matematikane Kang Narko, di-nak-nik sesambungane buku Pasewakan lan dhuwit kang ditampa dening Panitia KSJ III. Yen diwangsuli nganggo ukara cekak, Panitia KSJ III entuk dhuwit akeh. Nanging wragate KSJ III kuwi ya ora sethithik. Jelase, angkane kepriye? Lha, iki Panitia KSJ III wae durung ditutup/dibubarake. Tur takkira ora ana aturan kaya perusahaan go public kang kudu mbiwarakake Prospektus-e lumantar ariwarti/kalawarti umum. Ana sistem pertanggungjawaban kang sangretiku ora dilanggar dening Panitia KSJ III.

Dene Kang Narko kepengin ngreti larah-larahe dhuwit mlebu menyang lan metu saka Panitia KSJ III, Bonari kuwi sapa, JFX Hoeri kuwi sapa? Apa abote kirim SMS, utawa nilpun, utawa kirim layang setrum? Kuwi yen Kang Narko isih gelem tenan ngaku sedulur. Isih nganggep Panitia KSJ III kuwi dudu ”mungsuh.” Nanging, ya embuh wae lamon sanyatane kepengin nlesih mengkono nanging rumangsa ora kepenak amarga eling yen tau kabotan lan ora nglilani logo-ne Triwida (miturut katrangan saka Pak Hoeri) kapasang kanggo ngombyongi logo-logo liyane ing buku Pasewakan kuwi. 





Iki ana cara maneh kang wus ana preseden-e. Ngadhepi tumapake KBJ IV ing Semarang (2006), dipandhegani dening Sucipto Hadi Purnomo, Jurusan Basa Jawa Unnes gawe acara Sarasehan ”Menakar Akuntabilitas KBJ V” (muga-muga ora salah tembung mbaka tembung-e). Kudune Triwida, Sanggar Triwida utawa Yayasan Triwida, bisa gawe acara ”Naker Akuntabilitase KSJ III.” Ngono kuwi kang pantes diarani cerdas. –Aja nganti mengko banjur ana wangsulan, ”Iya pancen aku mendho…” mirip olehe nanggapi sebutan ”sugih” lan “sekeng” kae. Ora kaya ngono kuwi carane wong tukar padu ngudi wudharing nalar. Sumono, eh sumangga, aja kaya wong ora ngreti cara!*

[Bonari Nabonenar, Ketua KSJ III]


--Panjebar Semangat Nomer 7, 18 Februari 2012

0 comments: