Tuesday, February 21, 2012

JAPA MANTRANE WONG OLAH-OLAH

Ibu-ibu Desa Jono lagi masak dhaharane peserta KSJ 3. Pojok kiwa buri, ngagem jilbab, Bu Lurah.

Salah siji bab sing banget gawe kegi (kagum)-ku sasuwene melu Kongres Sastra Jawa 3 ing Jono, Bojonegoro, perkara suguhane. Panganan desa, tapi prasaku kabeh kok nyamleng-nyamleng. Masakan kelas restoran. Tenan. Mula kawetu guyonku marang Pak Lurah, "Pak, Pak, nuwun sewu, punapa ibu-ibu ngriki niku boten saged masak ingkang boten sedhep? Ket wingi sedaya masakane kok suedhep-sedhepp!!" Pak Lurah mung nggujeng.

Jejer wong wedok sing saben dina utheg ana pawon masak kanggo anak-bojo, mesthi wae aku pengin ngerti kepriye carane bisa masak sing sedhep kaya ngono. Mula nalika arep pipis menyang jedhing cedhak pawon aku merlokake takon marang ibu-ibu sing lagi masak bareng:

"Nuwun sewu Bu, panjenengan masak kok saged sedhep-sedhep niku rahasiane napa?"

"Napa ta, nggih biasa mawon niku," saweneh ibu mangsuli.

"Pripun? Bumbune ngresep nggih?" ibu liyane nrambul.

"Nggih, mresep sanget. Kok saged ngaten, mangka sedaya rak masakan enggal?"

"Woo... enten japane niku," saweneh ibu, sing ing tembe takngerteni jebul Bu Lurah, melu mangsuli.

"Enggih ta Bu? Napa japane?"

"Woo... rahasia!!" ngendikane karo nggujeng.

Aku melu ngguyu, merga pikiranku wiwit nerka-nerka.

"Dospundi ta Bu? Mbok kula diparingi ngertos..."

"Rahasia niku Bu," jawabe Bu Lurah karo nglirik kanca-kancane.

"Napa sing saru nika ta Bu?" Aku ndumuk langsung, karepku ben ibu-ibu kuwi ilang sungkane. Krungu kandhaku ibu-ibu nggligik bareng. "Kula nate dipundhawuhi Mbah Brintik, ungelipun saru... napa sing ngoten niku?"

"Pun njenengan nyuwun pirsa Mbah Brintik mawon."

"Lha bokmenawi benten ungelipun? Mangke raosipun rak nggih benten?" aku isih ngrapek-ngrapek.

"Sami, sami. Pun njenengan nyuwun pirsa Mbah Brintik mawon...."

"Woo... aku biyen sik prawan karo embahku diwarahi japa kuwi, lehku ngguyu nganti kaku wetengku!" saweneh ibu cluluk.

Wis jelas. Iki mesthi japa saru sing tau dibeber Mbah Brintik ana kantor Jaya Baya kae. Nek ngono Mbah Brintik kudu takdhedhes maneh. Soale aku wis lali unine.

Jangan entut gedhang

Ing sesi candhake, sesine Mas Yusuf Susilo Hartono, aku sengaja lungguh jejer Mbah Brintik. Tak ulungi notesku karo bisik-bisik, "Mbah, tulung njenengan seratne dongane wong masak ben sedhep nika Mbah..."

Jangan terong, jangan iwak panggang, jangan tempe

"Donga sing piye ta?"

"Halah nika lho, dongane wong kuna, sing saru nika lho...!"

"Wo, iya, iya." Panjenengane banjur urek-urek nulis. "Ning nek maca iki kudu manteb, ngandel tenan lho."

"Njur pripun carane ngrapal Mbah?"


Sega jagung lan sega beras

"Ya, masakane dicidhuk sithik neng irus, terus dongane diwaca ping telu, nek uwis njur disebulne masakan neng irus mau, terus diudheg maneh awor kancane. Ra usah nganggo micin, pokoke manteb tenan mesthi sedhep," ngendikane karo mbalekne notesku.

Tak waca sedhela, ing batin niyat arep tak amalne tenan neng omah.

Tenan. Suk embene, pas nyang pasar ndilalah aku kok weruh tomat enom karo pete. Langsung taktuku, takjangkepi pindhang, lombok ijo, godhong brambang. Niyatku niru salah sijine masakan neng Jono kae, mesisan sak japane. Batinku iki mengko mesthi sedhep, anak-bojoku sing pancen penggemar masakan desa mesthi dha seneng.


Mbah Brintik lan Mbak Yunani

Bumbu wis diracik, pindhang wis digoreng. Bumbu-bumbu taktumis sedhela, rada alum pindhang tak jegurake, takwenehi banyu sethithik kanggo ngresepake bumbu. Bareng banyu umob takcidhuk sithik, tak rapali japamantra paringane Mbah Brintik.... ya Allah, atiku ra tekan! Senajan japa takwaca ping telu, ning atiku ra isa manteb. Lha wong unine japa jan saru tenan kae. Dadine masakanku tetep cemplang! :-)

[tulisan lan foto-foto: TITAH RAHAYU]

0 comments: